Vous êtes sur la page 1sur 2

Abiyasa mlebu suwarga sak jiwa ragane Ana ing kalodhangan iki bakal dijlentrehake kanthi ringkes tokoh

wayang Abiyasa, yaiku simbahe Pandhawa Lima lan Kurawa. Abiyasa mujudake putra Resi Parasara kang dhaup kalawan Dewi Durgandini utawa Dewi Gandawati putri saka Nagara Wirata. Kaya kang kapethik saka Buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balaipustaka, ing Marhabharata tokoh Abiyasa uga disebut Wiyasa, dene ing pedhalangan diarani Abiyasa. Abiyasa nalika nglenggahi dhampar ing Astina jejuluk Prabu Kresna Dwipayanakang duwe garwa cacah telu, yaiku Dewi Ambika, putri raja Kasindra ing Kasi. Dewi Ambika peputra Drestarastra kang nandhang wuta. Abiyasa uga duwe garwa aran Dewi Ambiki, adhine Dewi Ambika. Dewi ambiki peputra Pandhu kang duwe praupan pucet. Garwa liyane yaiku Dewi Datri kang peputra Widura utawa Yamawidura kang sikile pincang. Dene Abiyasa nduweni sedulur yaiku Resi Bisma utawa Dewabrata kang mujudake sedulur tunggal suson. Sedulur liyane yaiku Citragada, Wicitrawirya sarta Astabrata (mung ana ing pewayangan). Abiyasa lair ing Nagara Gajahoya, karaton kang dibangun dening Parasara. Laire Abiyasa dikantheni laire Rajamala, Kencakarupa lan Rupakenca, Setatama lan Gandawana sing kadadeyan saka lelarane Dewi Durgandini. Kabeh banjur dipek anak angkat dening Parasara lan dadi sedulur angkate Abiyasa. Dewi Durgandini sakaluwarga banjur diboyong kangmase yaiku Durgandana menyang Nagara Wirata. Kacarita ing Nagara Astina, Prabu Sentanu tininggal muksa dening garwane yaiku Dewi Gangga kang ninggalake putra siji aran Dewabrata (Bisma). Prabu Sentanu banjur ninggalake Astina ngupadi banyu kanggo ngombeni Dewabrata, tumeka ing Wirata. Awit rasa kamanungsan lan welas asihe, Dewi Durgandini banjur nyusoni Abiyasa, saengga Dewabrata utawa Bisma dadi sedulur tunggal susone Abiyasa. Kocapa, prasara banjur mbalekake Durgandini menyang pertapan Srungga kanthi ngajak Abiyasa. Abiyasa banjur didhidhik lan digedhekakeana ing Gunung Sapta Arga. Dewi Durgandini banjur dadi garwane Prabu Sentanu lan diangkat dadi prameswari ing Astina. Dhaupe Prabu Sentanu lan Dewi Durgandini lair putra loro kanga ran Citragada lan Wicitrawirya. Sawise ndhaupake Citragada kalawan Dewi Ambika lan Wicitrawirya kalawan Dewi Ambiki, Prabu Sentanu dadi Begawan. Citragada kaangkat dadi narendra ing Astina. Nanging ora suwe banjur seda. Semono uga Wicitrawirya dadi raja Astina, nanging ora suwe uga banjur seda.

Andhedhasar pasarujukane Dewi Durgandini lan Bisma saha krabat Astina, dhampar keprabon banjur dipasrahake marang Abiyasa. Sawise dadi raja jejuluk Prabu Dwipayana. Dewi ambika lan Ambiki banjur didhaup Abiyasa. Dhedhaupane kalawan Dewi Ambika peputra Drestarastra, dene dhaupe kalawan Ambiki lair pandhu. Dene pacangane Abiyasa nalika ana ing Sapta Arga yaiku Dewi Datri uga didhaup lan nglairake Arya Widura. Kacarita, Abiyasa kepingin nduweni umur kang dawa mula banjur ngadhep marang Raja Tribuwana. Raja Dewa ngeparengane nanging kanthi sarat Abiyasa kudu ninggalake kamuktene. Abiyasa nyanggupi banjur bali menyang Astina. Sawise ndhaupake putrane, Destarastra kalawan Dewi Gendari lan Pandhu kalawan Dewi Madrim uga Dewi Kunthi, Abiyasa banjur masrahake Astina marang Pandhu, amarga Destarastra cacat wuta. Sabanjure Abiyasa madeg dadi Begawan ing Wukir Retawu. Sanajan wis mungkur saka ramene ndonya, nanging sesambungane Abiyasa kalawan kulawargane isih raket. Amarga kabeh isih butuh pamrayogane Abiyasa. Nalika Pandhu seda, Begawan Abiyasa mangestoni madege Destarastra dadi raja ing Astina tumeka gedhene putrane Pandhu. Nanging dening Destarastra lan dewi Gendari kang peputra cacah satus kang aran Kurawa Sata, dhampar Astina ora diwenehake putrane Pandhu nanging dikuwasani Kurawa. Banjur Astina dadi rebutan antarane Kurawa lan Pandhawa kang dimenangake dening Pandhawa.

Vous aimerez peut-être aussi