Vous êtes sur la page 1sur 14

ATUR PURWAKALA

Puja puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah kanthi berkah lan katresnanipun kula saget ngrampungaken tugas praktek Basa Jawi punika. Tulisan punika ngemut kumpulan conto sesorah. Mugi kanti tulisan punika, kita saged mangertos sesorah lan kados pundi sesorah ing pawiwahan .Saenggo saged nambahi wawasan kito sedanten babagan tradisi jawi khususipun sesorah. Ugi saged kangge nglestarekaken tradisi jawi punika. Wonten ing tulisan kula sapunika, kula nyariosaken babagan : 1. Atur Pambagyo Harjo Adicoro Aqiqoh 2. Atur Pambagyo Harjo Wilujeng Ing Pawiwahan Supitan 3. Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana 4. Atur Pambagyo Harjo Layatan 5. Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten 6. Atur Pambagyo Harjo Syukuran Mugi-mugi tulisan punika saged nambahi pengetahuan utawi kawruh. Bener punika saking Allah, ananging menawi lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun dumatheng sedaya ingkang sampun mbiyantu kangge ndadosaken tulisan punika. Kritik lan saran mugi saged nyempurnakaken tulisan punika.

Matur nuwun. Penulis,

Krisna Hanjar P

KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah)

DAFTAR ISI
Atur Purwakala ...............................................................................1 Daftar Isi .........................................................................................2 Pambuka..........................................................................................3 a. Latar belakang masalah .........................................................3 b. Identifikasi masalah...............................................................3 c. Rumusan masalah .................................................................3

Wosing Pirembagan .......................................................................4 a. Atur Pambagyo Harjo Adicoro Aqiqoh ..............................4 b. Atur Pambagyo Harjo Wilujeng Ing Pawiwahan Supitan ...5 c. Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana ..............7 d. Atur Pambagyo Harjo Layatan ............................................9 e. Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten .....................12 f. Atur Pambagyo Harjo Syukuran .........................................13 Panutup ...........................................................................................14 b. Pamrayogi ................................................................................14

KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah)

PAMBUKA

A. Latar Belakang Masalah Ing samadyaning masyarakat Jawi mesti boten saged ngalangi sing jenenge sesorah, punapa maneh menawi kita dados tuladhaning masyarakat utawa pemimpin. Kita wajib saged sesorah. Ing tulisan punika kula inggih ngadahi ujian Praktek. Nanging ing tulisan punika momot conto-contonipun pidato, saengga sapa kemawon ingkang ngadahi kewajiban pidato saged sinau conto-conto pidato punika.

B. Identifikasi Masalah 1. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Adicoro Aqiqoh? 2. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Wilujeng Ing Pawiwahan Supitan? 3. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana? 4. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Layatan? 5. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten? 6. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Syukuran?

C. Rumusan Masalah 1. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Adicoro Aqiqoh 2. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Wilujeng Ing Pawiwahan Supitan 3. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana 4. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Layatan 5. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten 6. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Syukuran

KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah)

WOSING PIREMBAGAN

1. Atur Pambagyo Harjo Adicara Aqiqoh

Assalamualaikum Wr Wb. Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang duta saraya saking calon saha badhe/ calon kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri ingkang satuhu bagya mulya. Para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya. Mangga kita sami ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, karana agung barokah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya saengga kanthi kanikmatan menika kita saget makempal wonten bale wisma ing (siang) punika. Kejawi saking menika Bapak Darsono sekaliyan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, dhumateng panjenengan sedaya, dhumateng para tangga tepalih, para sanak sedherek menapa dene pawong mitra ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sampun adamel entheng sesanggemanipun Bapak Darsono sekaliyan ingkang ing titi kalenggahan menika nembe nampi kanugrahaning Gusti arupi momongan. Para rawuh para pilenggah ingkang kinurmatan, keparenga atur uninga bilih awit saking welas asihing Gusti Ingkang Maha Agung saha berkah pandonga panjenengan sedaya Bapak Darsono sekaliyan nampi nugrahaning Gusti arupi momongan ingkang mijil kakung rikala dinten Selasa Pahing, tanggal 12 Februari 2011 wonten ing dalemipun kanthi manggih wilujeng tanpa alangan setunggal menapa. Dene putra ingkang angka kalih menika dening Bapak Darsono sekaliyan dipun paring name Muhammad Ridwanulloh.

KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah)

Ewa semanten, Bapak Darsono sekaliyan tasih badhe ngresahi malih dhumateng panjenengan sedaya, nuwun inggih nyuwun ugunging tumrap tambahing donga puja lan puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe lair menika tansah pinaringan nugrahaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos, saged murakabi dhumateng tiyang sepuhipun, saged mikul dhuwur mendhem jero, satemah migunani dhateng bebrayan, minggahipun dhateng nusa, bangsa lan agami, allahumma amin. Wassallammualaikum.Wr.Wb

2. Atur Pambagyo Harjo Wilujeng Ing Pawiwahan Supitan

Assalamualaikum Wr Wb. Nuwun, para pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Kula keparenga sumela afar ngempil kamardhikan panjenengan sekaliyan, kalanipun saweg sakeco mawan pangandika. Kula minangka tetalaning tanggap wacana kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri. Baking keparengipun Bapak Darsono sarimbit, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil Baking telenging wardaya. Saking Bapak Darsono sarimbit, langkung rumiyin ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene saged anjenengi pawiwahan supitan(sunatan) putranipun ingkang angka kalih nama pun Muhammad Ridwan. Kaping kalihipun Bapak Darsono sekaliyan ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu kakung sumawana putrid. Bapak Darsono
KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah) 5

sekaliyan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa

upami. Dene

panjenengan sami sampun kersa nglonggaraken wekdal saha panggalih saged sowan ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah. Lintunipun menika Bapak Darsono sarimbit ngaturaken panuwun, dene panjenengan sam ugi kersa paring berkah pangestu dhumateng putranipun ingkang sampun dipun khitan. Kaping tiganipun mboten kesupen ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindahan katur dhumateng para sanak sadherek kadang kadeyan, pamong mitra saha tangga tepalih tuwi para muda-mudi ingkang sampun kanthi lila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun ingkang mengku damel. Kaping sekawan Bapak sarimbit nyuwun berkah pangestu dhumateng putranipun ingkang mentas dipun icali sukeripun, sageda dados putra ingkang diwasa remaja ngertos tanggel jawab, bekti marang sesepuh lan murakapi dhateng bebrayan, saha migunani dhateng negari, bangsa lan agaminipun. Cekap semanten atur kawula, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya harja punika taksih kathah cicir crewet kuciwaning atur, saha kirang mrenani penggalih panjenengan sami, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Wassallammualaikum.Wr.Wb.

3. Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana

KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah)

Assalamualaikum Wr Wb. Ingkang kinurmatan pinisepuh lan sesepuh, ingkang tansah dados pandam pandoming kawula dasih, ingkang kinurmatan bapak ustad, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, ingkang boten supen tansah paring winarah babagan kautaman kaliyan pangertosan babagan leluhuring budi. Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sedaya karana kula piniji panjenenganipun Bapak Darsono sekaliyan, kinen ngaturaken pambagyo harjo, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika. Pinangka purwaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karira sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula., saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal manaunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala. Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madayanign pepanggihan punika Bapak Darsono sekaliya lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh awit karawuhanipun para pepundhen miwah para pinisepuh langkung-langkung para kadang dta saraya tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi keparenga panjenenganipun para lenggah kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih. Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas wekasing sedya wigatosing gati, keparenga kula aturaken nadyan panjenengan sedaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika. Nun inggih ing nguni panjenenganipun Bapak Darsono sekaliyan garwa sampun nggumolongaken pirembagan kaliyan panjenenganipun Bapak Darsono
KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah) 7

sekaliyan, karana ing pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun Bapak Darsono sekaliyan garwa kagungan putra ingkang kekasih Bagus Ridwan panjenenganipun Bapak Sujoko sekaliyan anggadhahi siwi putri taruni kanthi sesilih Rara Sri Ningsih manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken satataning adat. Inggih awit saking samudayanipun sampung manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika badhe kaleksanaaken tata upacara pasrah panampining upakarti winastan lamaran saha walimahan. Mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun Bapak Darsono sekaliyan mugi wontena jumurunging pamuji hatuti saking para lenggah sedaya hanggenya Bapak Sujoko sekaliyan badhe nampi pasrahaipun calon kadang besan tansah manggih basuki ing salwiring reh. Hambok bilih Bapak sekaliyan suma-rambah para kaluwangsa anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kiranging tanggap tangguh miwah gupuh labet henglenggana budi dayaning manungsa kirang smpurna awit saking punika Bapak Darsono sekaliyan namung tansah tumadhah lubering pangaksama. Ing wasana pantok pepuntoning aturipun Bapak Darsono sekaliyan lumantar kula, hambok bilih wonten atur kula ingkang mboten mrenani dhiri saha mboten hanuju prana labet kiranging seserepan kula ing reh suba sita, basa tuwin sastra, mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya. Wassallammualaikum.Wr.Wb.

4. Atur Pambagyo Harjo Layatan KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah) 8

Assalamualaikum Wr Wb. Kawilujengan, katentreman mugi tansah kasalira miwah kajiwa

dhumateng jasad panjenengan sedaya dalasan kula awit saking kersaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Amin. Para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing dhumateng kitab wahyuning Illahi, para satriyaning praja, pangemban pangembating praja minangka pandam pandoming para kawula dasih, para pambela sungkawa miwah panglipur ingkang pantes sinudarsana. Madyaning dhuhkita ing wekdal punika kula piniji dening kulawarga Bapak/Ibu Ramlan sumarambah putra wayah ingkang sami nandhang, minangka sulih salira ngaturaken lekas ing sedya babaring karsa ingkang kawedharaken ing akathah inggih awit kawontenan miwah raos bebeging manah panjenenganipun Bapak/Ibu Ramlan karana pinunggel jatining katresnan pisah salami-lamininpun ingkang punika mboten kumiwa matur wonten ngarsa panjenengan sadaya amung kandheg wonten salebeting kalbu. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang taksih pinaringan rohmating Gusti, minangka purwakaning atur kula, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken sesarengan tansah ngluhuraken asmaning Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos, awit ing kalenggahan punika panjenengan sedaya dalasan kula taksih pinarengaken kempal manunggal saged ndherek bela sungkawa sedanipun Bapak Rolan kanthi manggih kawilujengan. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinubeng pakurmatan, panjenenganipun Bapak/Ibu Ramlan sumawana para kulawarga panandhang lumantar kula hangambali matur sugeng rawuh miwah panuwun ingkang tanpa pepindhan, menggah karawuhan panjenengan sedaya tandha yekti nedahaken raos sih katresnan ingkang mboten saged ginambaraken ing mriki.
KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah) 9

Wigatosing gati ing madyaning dhuhkita wekdal punika, perlu kula aturaken nadyan panjenengan sedaya sampun pikantuk kintaka layu-layu miwah warta ingkang binandhunging karna, parandene wekdal punika kula aturaken wonten ngarsa panjenengan sedaya. Suruping dinten Rabu Pon magut dinten Jumat Pahing wanci tabuh jam 04.00 WIB Bapak Rolan sampun murut dhumateng kasidan jati saha katimbalan wonten pangayunaning Gusti kanthi tentrem jalaran nandhang gerah kados punapa anggenipun mbudi daya para kulawarga ngantos kaliwat saking bebasan ateken janggut suku jaja anggenipun ngupadi usada murih Bapak Rolan saged pinaringan waluya jati, jati temahan waluya, parandene sedaya wiradat mboten kuwawi ngungkuli panguwaosinga kodrat. Innalillahi wainna illahi rojiun. Amung panyuwunipun para kulawarga panandhang mugi wontena suka Waning penggalih para pambela sungkawa kakung putri tansah paring donga puja hastawa mugi rohipun suwargi Bapak Rolan tansah lepas parane, jembar kubure, dipun apunten sedaya dosanipun katampia wonten ngarsaning Gusti pinaringan papan ingkang sak mesthinipun, wondene para kulawarga ingkang tinilar enggala pinaringan katentreman, iman ingkang teguh saengga saged pulih nindakaken jejibahan ingkang kapanggul sowang-sowang. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang kinurmatan, keparengipun para panandhang, suwargi Bapak Rolan nyuwun pamit wonten ngarsa panjenengan sak lami-laminipun, hambok bilih duk rikala Bapak Rolan taksih sugengipun wonten pepetangan ingkang dereng karampungan kaliyan panjenengan, mugi karampungna kaliyan kulawarga ingkang tinilar, saha mbok bilih duk rikala sugengipun suargi Bapak Rolan hanggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya, mugi para pambela sungkawa tansah hangandhapa pangaksama ingkang agung.

KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah)

10

Amung mbok menawi panjenengan sedaya hanggadhahi lepat kaliyan suwargi Bapak Rolan mugi pinaringan pangapunten saking Gusti Allah. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinandhing rohmating Gusti, keparengipun para kulawarga, layon suwargi Bapak Rolan badhe kapethak miwah kasarekaken ing astana laya Makam Sungkur sru panyuwunipun para panandhang, kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing astana laya Makam Sungkur wondene wonten pakaryan ingkang wigati, kulawarga panandhang namung saged ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur, mboten kekilapan kulawarga panandhang tansah ngaturaken agunging panuwun, awit sih kadarman panjengan sedaya langkung-langkung para warga RT Sungkur Kelurahan Bareng ingkang sampun kepareng hanyengkuyung ingkang dados karepotanipun kulawarga panandhang mboten saged mangsulaken karana lahir amung kasumangaaken wonten ngarsanipun Gusti Allah mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan. Pepuntoning atur saking kulawarga ingkang sami nandhang dhuhkita lumantar kula, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kirang trep kaliyan handhap inggiling kalenggahan labet mboten kajarag/kasengaja, para panandhang amung tumadhah lubering pangaksama ingkang agung, kula pribadhi minangka sulih salira, menawi wonten atur ingkang mrenani dhiri, labet kiranging seserepan ugi nyuwun agunging samudra pangaksami. Wassallammualaikum.Wr.Wb.

5. Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten

Assalamualaikum Wr Wb.
KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah) 11

Mugi karahayon, kaslametan, saha kanugrahaning Gusti tansah lumintu dhumateng kita sami. Bapak Ibu tamu undangan ingkang kula kurmati sumangga kula dherekaken ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos inggih kanthi rahmat lan hidayahipun kita sedaya saged pepanggihan wonten ing adicara hajatan temanten siang menika kanthi slamet. Para sesepuh, pinisepuh, saha para pepundhen ingkang satuhu luhuring budhi. Bapak ibu tamu undangan ingkang kinurmatan, kula nyuwun pangapunten kapeksa pideksa wonten ngarsanipun panjenengan sedaya mboten sanes ingkang dados pamundhutanipun Bapak Darsono. Saklajengipun kula kepareng matur atur pambagyo harjo sugeng rawuh jenandika lan Bapak Darsono sakaluwarga ngaturaken panuwun dhumateng panjenengan sami saha nyuwunaken pandonga supados temanten kakung kaliyan putri Mas Bagus Joko kaliyan Mbak Ayu Sri Ningsih saged mujudaken kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warahmah, saha migunani kangge kulawarga, masyarakat, bangsa kaliyan negara. Saklajengipun dipunsekecakaken palenggahan ngantos paripurnaning adicara hajatan temanten siang menika. Menggah mekaten atur kula. Hambok bilih wonten atur kula ingkang mboten mrenani penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Wassallammualaikum.Wr.Wb.

6. Atur Pambagyo Harjo Syukuran

Assalamualaikum Wr. Wb.


KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah) 12

Para sesepuh, para pinisepuh, para pepunden, Bapak bapak, Ibu ibu ingkang kawula bekteni, para tamu undangan kakung sumawana putri, mudha mudhi ingkang tuhu kinurmatan. Nuwun wiyosipun kula kepareng matur minangka wakil saking Bapak Bima Soeharto sakaluarga, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten rahmat lan hidayah sahingga kita sedaya saged ngrawuhi syukuran awit sampun jangkep anggenipun ngangsu kawruh (kuliah) putra saking Bapak Darsono inggih menika Mas Bagus Muhammad Ridwan saking Fakultas Ilmu Komunikasi Gadjah Mada wonten ing wewengkon Ngayogyakarta Hadiningrat. Tadah duka saha nyuwun pangapunten ingkang ageng, dene kawula cumantaka matur nggempil kawibawan panjenengan sami karana kawula mundi pangandikanipun Bapak Darsono sakaluarga awit saking gambiraning penggalih lan bombongipun manah, amargi Mas Bagus Muhammand Ridwan sampun lulus sarjana. Mila mboten nama mokal menawi mboten kuwawa matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya naming kandheg wonten jangga mboten saged kawedhar ing lathi. Salajengipun Bapak Darsono sakaluarga nyuwun donga pangestu, mugimugi Mas Bagus Muhammad Ridwan anggenipun wisudha ngantos nglampahi pedamelan saged gangsar lan wilujeng nir ing sambikala. Awit saking sedaya panyengkuyung Bapak-bapak, Ibu-ibu lan sederek sedaya, Bapak Darsono sakaluarga ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun. Kejawi saking menika Bapak Darsono sakaluarga ngaturaken pangapunten awit saking kirangipun papan lan pasugatan ing sedayanipun. Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, mbok bilih sedaya atur kawula kirang damel suka renaning penggalih kawula minangka titah biwasa nyuwun samudra pangaksami. Wassalamualaikum Wr. Wb.

PANUTUP

KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah)

13

a. Pamrayogi Sedaya tulisan punika mboten sampurna, ku nyuwun agenging pangapura awit mboten sampurnaning tulisan punika. Menawi wonten kritik lan saran kula trima. Maturnuwun, Gusti berkahi kula lan kaliyan sadaya. Amin

KRISNA HANJAR PRASTAWA | Tugas Ujian Praktek (sesorah)

14

Vous aimerez peut-être aussi