Vous êtes sur la page 1sur 3

Assalamualaikum Wr Wb Kepada yang terhormat Bapak Kepala Desa..

Yang saya hormati Tokoh-tokoh masyarakat Desa Dan hadirin sekalian yang berbahagia Pertama-tama marilah kita mengucap syukur kepada Tuhan Yang Maha Esa karena dengan rahmat-Nya kita dapat berkumpul di ruangan ini dalam keadaan sehat tanpa kurang suatu apapun. Perkenankanlah saya berdiri disini untuk membahas tentang kebersihan lingkungan. Hadirin yang saya hormati Kebersihan lingkungan di dalam kehidupan kita haruslah kita perhatikan, karena kebersihan lingkungan sangat erat kaitannya dengan kesehatan kita. Apabila lingkungan bersih maka kesehatan kita pun ikut terjaga, begiti pula sebaliknya. Kebersihan lingkungan sebenarnya dapat dimulai dari diri kita sendiri, mulai dengan membiasakan membuang sampah pada tempatnya, melakukan 3M untuk mencegah DBD (deman berdarah), dan juga hal-hal lain. Apabila kita telah melakukan hal-hal tersebut maka kita dapat mengajak warga-warga lainnya untuk menjaga kebersihan lingkungan kita. Sebagai contoh, kita warga-warga masyarakat dapat melakukan daur ulang terhadap sampah-sampah Rumah Tangga, yaitu dengan cara memisah sampah plastik dengan sampah sisa sayuran ataupun sampah organik. Sampah-sampah organik dapat kita jadikan kompos, sedangkan sampah-sampah plastik dapat kita daur ulang menjadi barang kerajinan ataupun hal-hal lain yang bermanfaat. Dengan kompos yang kita buat, kita juga dapat menanam bunga-bunga dan tumbuhantumbuhan yang berguna untuk menjaga lingkungan dari polusi udara, dan menambah asri lingkungan kita. Demikianlah sedikit hal-hal yang dapat saya sampaikan semoga dengan kepedulian kita terhadap lingkungan dapat menciptakan citra positif yang dapat menjadi contoh bagi warga masyarakat lainnya dan juga semoga dapat menciptakan lingkungan yang bersih dan asri bagi kita semua. Demikian yang dapat saya sampaikan. Saya mohon maaf apabila ada kata-kata saya yang tidak berkenan di hati saudara-saudara sekalian. Saya juga mengucapkan terima kasih atas perhatian dari saudara-saudara sekalian. Dan akhir kata saya ucapkan Wassalamualaikum Wr Wb

TULADHA SESORAH Tuladha Atur Pasrah Calon Penganten (ing upacara Panggih) Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh, Puji panuwun konjuk ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha-welas-asih, awit samukawisipun nugraha ingkang sanityasa tumanduk dhumateng titah ing ngarcapada. Saestu bingah raosipun manah-kula dene ing dinten menika saged tumut nekseni acara mirunggan, inggih pawiwahan dhaupipun penganten ingkang regeng-regu sinongsongan rahayu. Pinangka purwaka, kula ngaturaken panakrami dhumateng para sepuh, pinisepuh, ajisepuh, sumarambah para kadang wredha lan taruna, kakung lan putri ingkang sampun kempal-manunggal ing sasana pawiwahan menika. Tamtu kemawon kanthi pangajab, mugimugi kalodhangan menika saestu ngraketaken kekadanganipun brayat ageng ing Pacitan lan gotrah ageng saking Ngayogyakarta. Ngemban jejibahan pinangka cundhakanipun atur saking Bapak Mujiono sagotrah, langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksama, dene sampun kumawantun cumanthoka ing ngarsa panjenengan sedaya. Salajengipun, kula nyuwun lilah, mugi dipunkeparengaken matur, mirungganipun dhumateng Bapak Sumardi. Dene wosipun atur, kula piniji dening kulawarga saking Samirono Ngayogyakarta supados amasrahaken risang atmaja calon penganten kakung, inggih Dhimas Sapta Sutrisna, putra wragilipun Bapak Mujiono lan Ibu Rubiyah ingkang sampun kanthi mantebing tekad sumedya amethik sekar kinarya sesumping, inggih sekar mlathi ingkang angganda marbuk arum saking laladan Pacitan, Jawi Wetan. Sekar menika boten sanes kejawi putri pambayunipun Bapak Sumardi lan Ibu Sukini, inggih ingkang wewangi Rina Febi Pratiwi. Kanthi linambaran tulusing pangajab, kula pinangka talanging basa Bapak Mujiono sabrayat, amasrahaken calon penganten kakung, inggih Sapta Sutrisno, tumuli kadhaupna kaliyan Rina Febi Pratiwi, nut tataning agami lan negari, ugi jumbuh kaliyan adat salebeting kabudayan Jawi. Mekaten wosipun atur-kula. Kejawi menika, kula ugi nyuwun pangaksama hambokbilih anggen-kula sakadang pangombyongipun calon penganten kakung pinarak sowan ing dalem ngriki kirang netepi trapsila. Purnaning atur, kula pribadi nyadhong aksama awit saking kirang jangkeping atur lan tatakrama. Mugi Gusti ingkang Maha-agung tansah paring lumintuning nugraha dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga kuwawi ngestreni pahargyan menika ngantos paripurna.

Nuwun, Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Vous aimerez peut-être aussi