Vous êtes sur la page 1sur 1

Atur Pasrah pinanganten Kakung Assalamu alaikum wr.

Wb Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin Panjenenganipun Bapak Semin sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelenggahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa Tugiman ingkang pantes sinugata ing tata krami. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa Darmo sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas Jono dene wigatosing perlu nuninggih mekaten: Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa Darmo sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa Semin sekaliyan garwa dalasan sedaya kulawangsa. Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas Jono mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa Semin ingkang nama rara ayu Tumi miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengombyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancar tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih. Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami. Wassalamu alaikum wr.wb.

Vous aimerez peut-être aussi