Vous êtes sur la page 1sur 3

Crita Saka Manca ing papan sarwa salju, aku ngangen-angen lawang gubug binuka ana bedhiyang lan

lincak nanging wis kebacut dadi salju guritan apadene kekarepan nglinthing bareng tumiyupe angin nunjem-nunjem dom periih sadawane wengi kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi sing durung kober kababar unine prasasti Babad Wedhi Pasisir Sorene sore jingga wengine wengi biru kembang pandhan mesem marang mbulan tangane ngawe-awe sajak kemayu apa hiya iki dayane layang atimu sing jare bakal ditulis kalane ijen lan sendhang mung amping-ampingann jendhela sing wengi iki isih panggah binuka? biyen aku nate apal gojegmu kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan ing lemah suwung pinggire taman ora ketang mbalang liring sambi mungkur nyamudana wingkis sakehing kekarepan nutup kudhuping kekembangan iki babad wedhi pasir pinaes ganda aruming mawar rarasing riris dhadha kumesar Ambengan Sega Kuluban Ambengan sega kuluban dieler ing tampah diladekake ing pasamunan direncah bebarengan, kroyokan, rebutan ambengan sega kuluban oora ana sing ngerti duweke sapa

kejaba dadi pangane wayang , para dhalang sing lagi lungguh methingkring (kidang lan trewelu, kinjeng lan kupu mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu) ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta mung kari tampah ngganda amis, angganda amis banjur kanggoo bal-balan para buta!

SEDYAKU Wis, Jeng... Aku sumeleh nyelehake pangarep-arepku marang katresnan lan kawigatenmu sing semu yen nyatane amung semene cunthele lelakonku... Pepenginku tansah sumandhing lan nresnani sliramu kudu dakprunggel sing luwih wigati, Jeng donga lan pengestumu wae tansah mili kanggo aku Wis, Jeng aku pamit becik njembarake pikir nggayuh kabegjan mring ati lan katresnan satuhu tan ora binagi ing liyan sempurna ing guritan siji...

RON GARING Wengi sansaya atis nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan kang digawa dening angin prasasat tan kendhat anggonku kulak warta adol prungu ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan obormu kang makantar-kantar madhangi jangkah lan jagatku ana ngendi papanmu lelana tapa brata tanpa pawarta tanpa swara aku kadya ron garing kumleyang kabur kanginan ing jagat peteng lelimengan krasa luwih abot anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep mlakuku ora mantep kagubet ribet lan ruwet adoh saka cahyamu pedhut ing sakindering pandulu panjenengan guruku, sihku, oborku kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

Vous aimerez peut-être aussi