Vous êtes sur la page 1sur 1

Wakil Gubernur Jateng

Becik Ketitik Ala Ketara


"BECIK ketitik ala ketara," ngono
ngendikane Wakil Gubernur Jawa Tengah
Dra Hj .Rustriningsih, MSi nalika mbukak
Pagelaran Wayang Kuliting Pringgitan RRI
Purwokerto mentas iki. Pagelaran wayang
kulit iku sajroning rerangken HUT RRI ka 67
makarya bebarengan karo Paguyuban
Warga Kebumen ing Banyumas (PKBM-
MAS). Dene dhalang kang manggung yaiku
Ki Mardjoko (Bupati Banyumas) lan Ki
Langgeng Hidayat Kepala Desa Bangkah,
Buayan, Kebumen. Lakone Bawor Kembar.
Miturut Wagub Rustriningsih yen lakon
Bawor (Bagong) Kembar iku kena kanggo
tepa palupi yen sapa wae sing tumindak
becik lan kabecikan mesthi bakal akeh
masyarakat kang padha ngerti. Suwalike
sapa wae wonge sing seneng tumindak ala
kajahatan lawasenggale mesthi bakal
kabukak, kawiyak.
Apamaneh Allah mesthi ora bakal sare
lan ngantuk, ngono dhawuhe Allah ing Ayat
Kursi kaya kang dingendikakake dening
Wagub Rustriningsih. Gusti Kang Akarya
Jagat arep priksa umate kang tumindak
becik senajan gedhene mung sawiji sawilan
Pangeran uga arep bakal pirsa marang
wong kang tumindak ala senajan mung
gedhene mung sawiji sawi. Wong sing
tumindak becik bakal oleh piwales becik lan
suwalike wong kang tumindak ala uga bakal
oleh piwales/siska kang ala saka Pangeran
Kang Maha Wikan.
"Ing kene Ki Dhalang Mardjoko lan Ki
Dhalang Langgeng Hidayat manggungake
lakon Bawor Kembar," ngono sinopsis sing
kober diwaos Wagub ana ing mobil saka
Semarang-Purwokerto sajrone arep mbukak
Pagelaran wayang Kulit ing RRI Purwokerto.
Dicritakake yen Pandhawa padha nandhang
duhkita amarga pusaka Jamus Kalimasada
iku musna ilang dinusta dening para raseksa
balane Prabu Dasa Kumara saka
Tawanggantungan. Ing kene Bagong
minangka kawula alit melu prihatin lan duwe
ikhtiyar kanggo ngrebut baline Jamus
Kalimasada. Nyatane usahane Bagong ana
pihak-pihak liya kang mbarung sinang,
nylamur laku dadi Bagong.
"Iki nggambarake yen Bagong mi-
nangka kawula alit kang lugu,gelem cawe-

cawe marang pusakaning negara, mendah
endahe yen crita iki dadi kaca benggala
masyarakat Indonesia, apa iku kawula alit
apamaneh sing ngrasa dadi pemimpin yen
tetep gelem njaga menyang pusakaning
negara, pusakaning agama, perlu dirumat,
diamalake kangggo kepentingan sasama
supaya bisa urip sing bagja mulya ing
donya tumekaning delahan," ngendikane
Wagub kang bengi iku masrahake wayang
Bagong menyang Ki Dhalang Langgeng
Hidayat. Dra Hj.Rustriningsih,MSi kelairan
Kebumen lan nate ngasta Bupati Kebumen
sarjone 8 taun, sadurunge njabat wakil
Gubenur Jawa Tengah.
Sauntara iku Bupati Kebumen Drs
Buyar Winarso kang uga rawuh ngajak
marang para warga Kebumen kang dadi
warga Banyumas, aja lali menyang tanah
wutah rahe Kebumen, kanthi melu cawe-
cawe melu mbangun Kabupaten Kebumen,
dingendikaake dening Bupati Buyar Wi-
narso yen tingkat kemiskinan ing Kebumen
iku cukup mrihatinake yaiku data saka
Badan Pusat Statistik (BPS) taun 2011 nu-
duhake angka 20,7%, yen dibandhingane
karo angka tingkat kemiskinan Jawa
Tengah angkane 15% luwih,lan rata-rata
kemiskinan Nasional angkane 12% luwih.
"Mangga para warga PKBMMas tumut-
tumut ngentasaken kemiskinan ing Kebu-
men, kanthi panyumbang sembur lan
uwur," ngono pangajake Bupati Kebumen
Drs Buyar Winarso.
Bupati Mardjoko manggung tumeka
jam 24.00,banjur diterusake dening Ki
Langgeng Hidayat Kepala Desa Bangkah,
Kecamatan Buayan,Kabupaten Kebumen,
nganti tayungan lan tutup gunung, ing
wektu parak Subuh. (HMS Budi).

Sumber: Panjebar Semangat No. 46


Dra Hj
Rustriningsih, MSi
(Wagub Jateng -
kiwa) potret karo
Rasiah, SSos
(Kepala LPP RRI
Purwokerto)
(Foto : HMS Budi)
Drs H.Mardjoko,
MM (Bupati
Banyumas) lagi
ndhalang ana
ing Pringgitan
RRI Purwokerto.
(Foto : HMS Budi)

Vous aimerez peut-être aussi