Santosa, nelakake sawise pari jagung, kedhele, ana tela kaspe sing ditandur dening Pak Tani. Ambane tanduran satemene (ing Sampang) men 15 ewu hektar. Nanging teknik panandure isih prasaja, uga isih varietas (jinis) kaspe lokal lan panggarepe sporadis. Merga petani anggone nandur mung mujudake taneman sela, asile uga mung kanggo campuran sega, lan saperangan didol kanthi cara kurang ekonomis. Emane dinas pertanian uga durung wani intervensi, merga komoditas iki durung antuk kawigaten pasar. Upama panen kaspe bisa 11 ton saben hektare ping rega kaspe wektu panen Rp 500 sakilogram. Selawase 9 wulan mangsa tandur nganti panen kaspe, petani mung nampa Rp. 5,5 yuta saben sahektare. Isih durung kapetung raga nggarap lahan (sawah, tegal) ongkos nandur, rabuk (yen dirabuk) lan ongkos liyane. Satemene kaspe kuwi komoditas strategis. Anane mitos mungguh kaspe padha karo tanduran lahan kritis lan ora bakal gawe makmure sing nandur iki sing njalari Bupati Sampang Noer Tjahja duwe obsesi anjurung tanduran kaspe dadi produk unggulan. Upama kaspe dibudidaya, digarap kanthi cara tumemen (manut teknologi tetanen sing bener) minangka produksi pertanian, banjur disengkuyung anane industri pengolahan, istingarah bakai dadi komoditas ing jagad industri arupa gaplek (manioc), glepung kaspe (cassava starch), tapioca, makanan ringan, lan sawatara produk kimia kaya alkohol, gula cuwer (maltose, glukosa, fruktosa) sorbitol, siklodekstrin, asam sitrat, sarta bahan kanggo gawe edible coating, lan biodegra dable plastics. Sacara umum yen bisa kelakon kaya kasebut iku, meh bisa dipesthekake kaspe bisa dadi "Prime Mover" pembangunan ekonomi ing Madura, mligine ing Sampang. Kanggo nandukake gagasan kasebut, kaya isih dadi etung-etungan dening pelaku industri. Budi daya kaspe kudu nyata nguntungake petani secara ekonomi. Amrih bisa nguntungake jinis sing dipilih kudu sing unggul, teknik budi dayane uga kudu bener engga produktivitase bisa madhani potensi, lan wusanane ana pelaku industri sing gelem nuku klawan rega sing pantes. Saiki ing Sampang wis ana Industri Kecil Mocaf (Modified Cassava Flour) mung isih durung tumindak minangka mitra usaha petani. Dhek 2011 Bupati Sampang Nur Tjahja gawe MoU karo World Food Program nindakake inisiasi pengembangan ubikayu ing lahan ke-ring sing dikemas wujud Padat Karya sajroning Program Food for Work. Sing kapilih lokasine ing Desa Angsokah, Kecamatan Omben. Lokasi iki minangka miniature Madura dhuwure keragaman karakteristik tanah lan sasarane ana ing lahan marginal, lahan terlantar (bera ora digarap) wujud grumbulan. Iki di-dadekake laboratorium, lan digawe modhel budi dayane lan panggarape kanggo nyengkuyung industri tapioka. Ana 37 hektar lahan kompleks (ora mrenca-mrenca. Utawa sporadis) diajap ana pelaku usaha sing kepranan nandur investasi, dadi mitra petani lan mbangun pabrik ing kono. Komunikasi karo pelaku industri tapioka sing pengalaman 30 taun, tim ahli saka Thailand lan dinas pertanian nganakake panaliten lahan. Lahan ing Sampang diarani luwih apik tinimbang lahan ing Thailand. Ing Thailand 10 yuta wargane urip saka asile lahan kaspe sing ambane 1,5 yuta hektar, ndadekake Thailand eksportir tapioka nomer loro sakjagad lan ngasilake devisa nomer 6 ing Thailand. Lahan ing Sampang uga luwih apik tinimbang lahan ing Lampung sing dadi sentra kaspe, nanging saiki akeh kedadeyan konflik lahan. Lahan ing Sampang ora adoh kaceke karo ing Sampit, mung ing kana kekurangan tenaga kerja (penggarap). Target sawatara ana 3 ewu hektar lahan sing bakal digarap bebarengan petani minangka buffer stock. Liwat forum Asosiasi Kepala Desa sa-kabupa-ten Sampang, gagasan iki uga wis antuk respons sing gawe bungah. Yen budidaya kaspe ing Sampang mengko bisa sukses, Madura mligine lan Indonesia umume ora perlu cilik ati bisa dadi ekportir produk unggulan saka bahan kaspe. (Anie Soemarno)