Vous êtes sur la page 1sur 1

ATUR PAMBAGYAHARJA TEMANTEN

Assalamu alaikum Wr. Wb.


Para sesepuh-pinisepuh ingkang kula bekteni, para tamu kakung putri, para kadang
wredha mudha ingkang dahad kinurmatan, keparenga kula mambeng anggen panjenengan
sedaya katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bapa Bakri sekalihan, kinen
ngaturaken raos suka ing manah bingah saha sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika.
Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula
dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang Maha Agung, karana
panjenengan sedaya dalasan kula saengga taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan
karaharjan tebih ing sambekala.
Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika Bapa Bakri
sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh sinarengan raos panuwun
ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardikaning penggalih. Sarta
ngaturaken sakalangkung agenging panuwun, keparengipun merloakaken ngestreni Ijab
kalajengaken panggih pun Rara Zahra Asyifa putrinipun Bapa Bakri kadhaup dening Bagus
Dzaky Haidar Arrayan putranipun Bapa Hadi Wijaya ingkang pidalem ing Jalan Love Bird,
Semarang. Wondene ijab kalajengaken panggih kalampahan kanthi rancag, wilujeng, sepen
ing rubeda. Ingkang punika, kula suwunaken tambahing donga pangestu, mugi penganten
sageda lestari widada ing sapanginggil, tumuli runtut, atut, temah pinerang hambabar wiji-
dadi ingkang saged nerusaken silsilah keturunanipun ingkang sami bebesanan.
Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing
kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang
pawong mitra langkung-langkung para warga Rt 01 ingkang punika hambok bilih Bapa
Bakri boten saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun
Allah ingkang Maha Agung mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan. Para
tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana Bapa Bakri sekalihan lumantar kula tansah
hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, kiranging tanggap tangguh gupuh
mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya.
Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bapa Bakri sekalihan kula hambok bilih
wonten kiranging seserepan saha trapsila miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita,
basa tuwin sastra, wonten galap gangsuling atur kula amung tumadhah lubering pangaksama.
Akhirul kalam Wassalamu alaikum Wr. Wb

Vous aimerez peut-être aussi