Vous êtes sur la page 1sur 2

Assalamualaikum Wr.

Wb
Bapak Kepala Sekolah ingkang Kinirmat, Bapak Ibu dewan
guru ingkang kawula kirmat lan para rawuh sekaliyan.
Wonten mriki, kula kajiban minangka juru pranata adicara
keparenga kula saha panjenengan sedaya ngunjukaken puja lan puji
syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring
rahmat, nikmat, lan saha karahayon, ingkang saget makempalaken
acara Perpisahan Siswa-Siswi kelas IX ajaran 2011/2012 kanthi
wilujeng mboten wonten alangan satunggal menapa. Sholawat saha
salam mugi tetep di kalimpahaken dhumateng Nabi Muhammad
SAW. Ingkang sampun paring wewarah dhumateng kula lan saha
panjenengan perkawis ingkang leres ugi perkawis ingkang lepat.
Kaping tiganipun keparenga kula ngaturaken sugeng rawuh
saha agunging panuwun dhumateng para rawuh, ingkang sampun
kersa ngestreni adicara Perpisahan ing dinten menika.
Ngiras pantes nengga tumapaking adicara, keparenga kula
badhe ngaturaken rantaman utawi urut-urutaning adicara ing wekdal
punika :
1.
2.
3.
4.
5.
6.

Pembuka
Waosan ayat suci Al-Quran
Sambutan saking Kepala Sekolah
Hiburan
Doa
Penutup

Mekaten rancangan ingkang sampun rinacik, wusana dipun


sekecakaken anggenipun lelenggahan.
Salajenipun ngancik adicara ingkang angka setunggal, manga
adicara pawiwihan menika kita bukak waosan Basmallah
Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan Basmallah kalawau,
adicara punika saged lumampah kanthi rancag.

Salajenipun ngancik adicara ingkang angka kale yaiku Waosan


Ayat suci Al-Quran. Waosan Ayat suci Al-Quran ingkang badhe di
pun waos saudari Anissa Chairun. Saudara Anissa Chairun kula
sumanggaaken.

Matur sembah nuwun dhumateng saudari Anissa Chairun.


Ngancik adicara ingkang angka tiga yaiku Sambutan saking Bapak
Kepala Sekolah SMP 1 Lamongan, Bapak Chairul Anam S.pd M.m.
Bapak Chairul Anam kula semanggaaken.

Matur sembah nuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah SMP 1


Lamongan, Bapak Chairul Anam S.pd M.m. Salajenipun ngancik
adicara ingkang kaping sekawan yaiku Hiburan, Hiburan badhe dipun
isi nyanyian duet siswa-siswi SMP 1 Lamongan.

Matur sembah nuwun dhumateng siswa-siswi ingkang sampun


ngehibur. Ngancik adicara ingkang kaping gangsal yaiku adicara
doa. Doa badhe dipunpimpin Bapak kyai H. Makruf. Bapak kyai H.
Makruf kula sumanggaaken.

Matur sembah nuwun dhumateng Bapak kyai H. Makruf. Para


rawuh sekaliyan, semanten adicara ing wekdal punika sampun
rampung, kula selaku pranata adicara menawi wonten kirangipun
kula nuwun pangapunten. Mugi-mugi adicara menika wonten gina lan
manfaatipun kangge kita sami. Adicara kula akhiri kanthi waosan
Hamdallah.
Wassalamualaikum wr. Wb
KELOMPOK:
1. Arlinda Silva. P (02)
2. Bella Harsari
(11)

Vous aimerez peut-être aussi