Vous êtes sur la page 1sur 8

ATUR PAMBAGYAHARJA TEMANTEN

Assalamualaikum Wr. Wb
Karahayon, kawilujengan miwah kamulyan mugi tansah anumrapa dhumateng kawula
dalah panjenengan sami.
Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para
pinisepuh ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipun para sarjana sujaning budi, para priyagung pangemban pangembating
praja, para satriyaning nagari ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang mitra, wredha mudha ingkang sinudarsana sumrambahipun dhumateng
panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning
akrami.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama,
mugi pinaringna kawula hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha,
kanthi cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben
wawan pangandikan inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih
panjenenganipun Bapa Karta, kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa,
kinen ngaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang
kalenggahan punika. Inggih kabekta saking mongkoging manah saha karoban ing sih
panjenengan sami, panjenganipun Bapa Karta boten kuwani matur piyambak, jrih menawi
boten saged kawiyosing lathi, namung kandheg wonten ing jangga, pramila lajeng anyaraya
dhumateng kawula.
Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya,
keparenga langkung rumiyin kawula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring rahmat saha
nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, mugi Rahayu Sagung
Dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng kawula dalah panjenengan sedaya, kacihna kawula
dalah panjenengan saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha keperluan,
rawuh kempal manunggal wonten dalem pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil
raos hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng penjenenganipun Bapa Karta,
anggenipun angrankit sekar cempaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa
winengku ing suka basuki.
Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing
siyang kalenggahan punika, panjenenganipun Bapa Karta ngambali ngaturaken sugeng
rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos
boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun
mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos
dumugi pari purnaning pahargyan.
Wondene menggah wigatosing gati panjenenganipun Bapa Karta hangaturi rawuh
panjenengan, bilih panjenenganipun Bapa Karta hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra
mahargya siwi, ngentas pitulus kenyaputrinipun ingkang sesilih Rara Suliyem, dhaup kaliyan
Bagus Suranta, putra kakungipun Bapa Patma, ingkang pidalem ing Girimarto. Ingkang
sampun kalampahan ijab miturut satataning agami miwah nagari, panggih miturut satataning
adat widhiwidana ingkang sampun lumampah ing mriki, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir
ing sambikala. Ingkang punika Bapa Karta, mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa
panjenengan sami, mugi wontena suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji
hastuti dhumateng panganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning
bebrayan, tansah atut runtut, manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu,
basuki ingkang kaesthi, enggal keparingan pituwasing patembayatan, momong putra, kanthi
prajanjen Brayat Rinancang.

Keparenga kula medharaken sekar gambuh


Yen bebrayan ya kudu
polah tutur ojo nganti ngawur
Tanpa kadang , urip kito dadi sepi
Ojo nganti tukar padu
Yen biso yo kudu tresno
Salajengipun, kaleksanan pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana
sih pambyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu,
ingkang sampun paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged
hangenthengaken sesanggemanipun Bapa Karta, ingkang punika Bapa Karta ngaturaken
agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados
ngamal kesaenan, supados pikantukka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang
malimpah-limpah.
Minangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang mboten saged
anuju prana, mbok bilih wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang
mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen kula hanampi menggah rawuh panjenengan
sami, mugi lumeberana sih samudra pangaksami.
Semanten ugi, kawula minangka talanging atur, tartamtu kathah kalepatan anggen kula
matur, kirang arum anggen kula ngrakit basa saha tebih saking subasita, sedaya punika awit
kiranging seserepan dhumateng badan kawula, pramila kupat janure klapa, menawi lepat
nyuwun ngapura.
Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamualaikum Wr. Wb.

30 Gambuh Bahasa Jawa

GAMBUH
Yen pinter aja takabbur
Krono wong kuwi seneng wong bagus
Ojo gedhe ndase masio wis ahli
Mentang-mentang pangkat duwur
Sebab kita soko ngisor
GAMBUH
Wruhana raga pun iku
Dumadine saka alam telu
Alam wadag,alam jiwa,dan atmaneki
Openan kanthi laku
Lakune ngeningken batos
GAMBUH
Kita kudu kapatuh
Ingkang wong tuwa lan guru-guru
Lan sembahyang kita aja sampek lali
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
GAMBUH
Yen mberung andelarung
Anuruti karep kang tanurus
Raorane biso tentrem njroning urip
Destun malah soyo kuwur
Njroning nala tan gumolo
GAMBUH
Ben bengi ora turu
Mripat sepet mikiri awakmu
Opo sliramu ora krasa prihatin
Kowe tambah nguyu-guyu
Seneng marang arek wadon
GAMBUH
Apikna tindak tanduk

Marang wong tuwa lan sadulurmu


Ojo lali yo ibadah marang gusti
Mbantu wong tuwa sing lagi butuh
Ya sing ikhlas nek ngelakokno
GAMBUH
Wong seger badanipun
Otot daging, kulit, balung , sum-sum
Trumah ing mamarah antening ati
Antening ati nunungku.
Angruat ruweting bates
GAMBUH
Aku nyanyikno lagu
Iki lagu bisanggawe ngguyu
Tanpa mblenger dinyanyikno bola bali
Sing nyanyi ganteng lan ayu
Nggawe sehat jiwa raga
GAMBUH
Agung luhur prilaku
Kang sinawang njeroning kalbu
Sembah bekti , ibadaho marang gusti
Mbok, matur sembah nuwun
Urip kito ra rekoso
GAMBUH
Aja begadang dalu .
Ben sesuke bisa tangi isuk .
Ra digepuk , karo bapak nganggo guling .
Ra budhal sekolah mlayu .
Ing sekolah ana sing cocok .
GAMBUH
Kasusu arsa weruh
Cahyaning hyan kinira yen karuh
Ngarep-arep kurub arsa den kerebi
Tan weruh kang mangkono iku
Akale kaliru enggon
GAMBUH

Sucine tanpa banyu,


Mung nyunyuda mring hardaning kalbu,
Pambukane tata titi ngati-ati,
Atetep telaten atul,
Tuladan marang waspaos.
GAMBUH
Ayo kanca sinau .
Ben mbesok gedhe ben dadi guru .
Aja nggawe atine wong tuwa sedih .
Ilingo pitutur biyung .
Alon wae penting klakon .
GAMBUH
Mangkono mungguh ingsun .
Anangin ta sarahne asnapun .
Beda-beda panduk panduning dumadi .
Sayektine nora jambuh .
Tekad kang padha linakon .
GAMBUH
Samengko sembah kalbu
Yen lumintu uga dadi laku
Laku agung kang kagungan
Patitis tetesing kawruh
Meruhi marang kang momong
GAMBUH
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang ora jujur
Yen kabanjur sayekti tan becik
Becik ngupaya aiku
Pitutur ing kang sayektos
GAMBUH
Thitik kaya santri dul
Gajeg kadi santri brahi kidul
Saurute pacitan pinggir pasisir
Ewon wong kang podho nunggu
Anggere padha nyalemong
GAMBUH

Wus celak mendak sampun


Lambah bocong ngambah krikil alus
Warna abri jene anelasih
Kendel sila deniya lungguh
Rahadan anulya jongkok
GAMBUH
GAMBUH
Sembah raga puniku
Pakartine wong amagang laku
Sesucine asarana saking warih
Kang wus lumrah timang wektu
Wektu wakating wawaton
GAMBUH
Sayekti luweh perlu
Ing aranan pepuntuning laku
Kelakuan kang tumrap bangsaning batin
Sucining awas emut
Ming alaming lama manot
GAMBUH
Ora liwat tuturku
Marang sira sing sregep sinau
Maca etung nulis gambar sing taberi
Ajar wulangane guru
Aja wedi ate takon
GAMBUH
Den samya amituhu
Ing sajroning Jaman Kala Bendu
Yogya samyanyenyuda hardaning ati
Kang anuntun mring pakewuh
Uwohing panggawe awon
GAMBUH
Nging ayawa slah slurup
Kono ana sajatining hurup
Yeku hurup pangarep uriping budi

Sumirat sirat narawung


Kadya kartika katong ton
GAMBUH
Kudu eling ing kalbu
Guru kito kang wis mulang muruk
Yen biso , kudu dadi murid kang becik
Urip dadi tentrem makmur
Yen bektine wis kelakon
GAMBUH
Nanging ta paksa tutur,
Rehne tuwa tuwase mung catur,
Mbok lumuntur lantarane ring Utami,
Sing sapa temen tinemu,
Nugra ageming kaprabon.
GAMBUH
Samengko sembah kalbu,
Yen lumintu uga dadi laku,
Laku Agung kang kagungan Narapati,
Patitis teteping kawruh,
Meruhi marang kang momong.
GAMBUH
Lire sarenget iku
Kena uga ingaran laku
Dhihin ajeg kapindhune ataberi
Pakulehe putraningsun
Nyenyer badan amrih kaot
GAMBUH
Samengko sembah kalbu,
Yen lumintu uga dadi laku,
Laku Agung kang kagungan Narapati,
Patitis teteping kawruh,
Meruhi marang kang momong.
GAMBUH
Ing uni-uni durung sinarawung

Mulang kang sinerung


Lagi iki bangsa kas Ngetokken anggit
Mintokken Kawignyanipun
Sarengate elok-elok

Vous aimerez peut-être aussi