Académique Documents
Professionnel Documents
Culture Documents
kanti sanget supados Muh. Ihsan kersa dipunpundhut putramantu dening Adipati
Wiranegara. Akhiripun Muh. Ihsan dipunkramakaken kaliyan putrinipun Adipati
Wiranegara ingkang asma RA. Retno Susilowati. Saksampunipun krama, Keng
Garwa wau lajeng dipunboyong dhateng pesantren Gedhangan.
Gantos carios, sakpungkuripun RM. Surya Putra lolos keprabon, Kraton Matram
langkung awon kawontenanipun. Dumugi satunggaling wekdal, lenggahipun RM.
Surya Putra dipunmangertosi dening kulawarga Kraton. Sinuwun Nata lajeng
utusan supados manggihi RM. Surya Putra wonten ing Gedhangan lan
dipunsuwun supadhos kondur dhateng Kraton. Saksampunipun kepanggih lan
wawansabdha kaliyan RM. Surya Putra wonten ing pesantren Gedhangan, utusan
wau lajeng nyuwun supados RM. Surya Putra kondur. Amargi punika wau
dhawuhipun Sang Nata, pramila RM. Surya Putra mboten wantun nampik.
Panjenenganipun lajeng pamitan dhateng Kyai Abdullah Muhsin lan ndherek titip
Keng Garwa ingkang wekdal semanten mboten saged dipunboyong dhateng
Kraton amargi saweg ngandhut sepuh. RM. Surya Putra ugi dhawuh dhateng Kyai
Abdullah Muhsin supados mbenjang menawi putranipun sampun miyos, lan
menawi miyosipun kakung supados dipunparingi asma RM. Sandeyo, wondene
menawi putri sumangga Kyai anggenipun maringi asma. Sanesipun wau Kyai ugi
dipunsuwun supados ngrimat lan hanggulawentah Keng putra kanti sae lan
saestu amargi mbenjang menawi sampun dhiwasa badhe dipunpundhut kondhur
dhateng Kraton.
Sakduginipun RM. Surya Putra wonten ing Kraton, Panjenenganipun lajeng
kawisuda jumeneng nata Sinuwun Amangkurat Jawi / Amangkurat IV .
Panjenenganipun jumeneng nata wiwit 1719 dumugi 1726.
Sak pungkuripun RM Surya Putra punika wau kondhur dhateng Mataram, saestu
putranipun miyos kakung. Dening Kyai Abdullah Muhsin lajeng dipunparingi asma
RM. Sandeyo kados dhawuhipun RM. Surya Putra. Sanesipun punika, dening Kyai
Abdullah Muhsin, lare punika ugi dipunparingi asma Nur Iman. Kyai yakin sanget
bilih benjang menawi sampun titiwancinipun, Nur Iman badhe dados ulama
ingkang misuwur luhuripun.
Satunggaling wekdal, Sinuwun Amangkurat Jawi kengetan bilih Panjenenganipun
kagungan garwa ingkang dipuntilar wonten ing pesantren Gedhangan, ingkang
wekdal semanten saweg ngandhut sepuh. Menawi miyos lan sugeng ngantos
wekdal semanten, mbok bilih putranipun sampun dhiwasa. Sang Nata lajeng
utusan supados madhosi Keng putra wonten ing pesantren Gedhangan, mbok
bilih dipunparingi sugeng. Saksampunipun kepanggih lan wawansabdha kaliyan
RM. Sandeyo ingkang saestu taksih sugeng lan sampun dhiwasa, utusan wau
lajeng nyuwun supados RM. Sandeyo wau kersa kondur dhateng Mataram kadhos
dhawuhipun Sang Nata ( Keng Rama ). RM. Sandeyo kersa kondur ananging
mboten kersa sesarengan kaliyan utusan wau. Sakderengipun kondur,
Panjenenganipun midhangetaken sedaya aturipun Keng Ibu lan Kyai Abdullah
Muhsin ingkang sampun nggulawentah wiwit miyos. Sakcekapipun punika wau
RM.,Sandeyo lajeng nyuwun pamit. Konduripun RM. Sandeyo dhateng Mataram
2.Ingkang wonten ing pernah Wetan, wonten ing Dhusun Babadan, dipunasta
dening putranipun Kyai Nur Iman ingkang asma Kyai Ageng Karang Besari ;
3.Ingkang wonten ing pernah Ler, wonten ing dhusun Ploso Kuning, dipunasta
dening putranipun Kyai Nur Iman ingkang asma Kyai Mursodo ;
4.Ingkang wonten ing pernah Kidul, wonten ing dhusun Dongkelan, dipunasta
dening putranipun Kyai Nur Iman ingkang asma Kyai Hasan Beshari.
Sekawan mesjid wau lajeng kawastanan mesjid Kagungan Dalem utawi masjid
Kasultanan. Sedaya pengurus mesjid wau wekdal semanten kadadosaken abdi
kraton.
Perang Diponegoro
Pangeran Diponegoro punika putranipun Hamengku Buwana III kaliyan garwa
Ampeyan ingkang asma RA. Mangkarawati. Wiwit alit Pangeran Diponegoro
mboten dipungulawentah tiyang sepuhipun, ananging dening Eyang Buyut
Putrinipun ingkang asma Ratu Ageng ( garwanipun HamengkuBuwana I ), wonten
ing Perdhikan Mlangi. Pangeran Diponegoro kagungan semangat Jihad Fisabilillah
ingkang ageng sanget. Punika katingal saking agemanipun. Perang Diponegoro
ingkang dipunwiwiti saking warsa 1825 ngantos dumugi ing warsa 1830 punika
kathah sanget gegandhenganipun kaliyan pra putra Kyai Nur Iman. Putranipun
Kyai Nur Iman ingkang asma Kyai Salim gugur wonten ing dhusun Ndimoyo
lajeng katelah Kyai Sahid. Lereping perang Diponegoro punika kanti pakarti
licikipun Walandi ingkang nglampahaken perundingan. Putranipun Kyai Nur Iman
Ingkang asma Kyai Hasan Beshari ingkang dados pengawal pribadinipun
Pangeran Diponegoro ugi ndherek dipuncepeng lan dipunkunjara wonten ing
Manado ngantos dumugi sedanipun.
Sak surutipun Perang Diponegoro, Walandi ngadhep Hamengku Buwan III lan
mitenah kanti matur bilih Pangeran Diponegoro sakpenderekipun punika
pemberontak. Kedadosan makaten wau ingkang dadosaken pra prajuritipun
Pangeran Diponegoro kalebet ugi pra putra wayahipun Kyai Nur Iman mboten
wantun kondur dhateng Mlangi. Pundi panggenan ingkang dipunanggep aman
lajeng dipunlenggahi. Punika ndadosaken sumebaripun pra turunipun Kyai Nur
Iman, mboten namung wonten ing Jawi Tengah lan Ngayogjakarta kemawon.
Wondene Kyai Nur Iman tetep lenggah wonten ing dhusun Mlangi ngantos
dhumugi sedanipun.
Pangupajiwanipun Kyai Nur Iman Mlangi inggih saking pamedal tetanen sabin.
Wiyaripun sabin Kyai Nur Iman inggih sakwiyaripun suwanten bedug taksih
kapireng. Sanesipun saking tetanen, Kyai Nur Iman ugi pikantuk kasil saking
Kraton Ngajogjakarta. Punika amargi wekdal awal adegipun Kraton
Ngayogjakarta inggih sebab wontenipun perjanjian Giyanti taun 1755 M, Kyai Nur
Iman dipunwisuda Jumeneng nata Ingkang Sinuwun Hamengku Buwana I
Ngayogjakarta ananging mboten kapanjang, amargi sayektosipun Kyai Nur
Iman mboten kersa., namung karana kawontenan nagari wekdal semanten
ingkang mboten aman, pramila sedaya nyuwun kanti sanget supados Kyai Nur
Iman ingkang Jumeneng Nata Raja Ngayogjakarta ingkang sepindah, kagem
ngalap berkahipun Kyai Nur Iman. Kyai Nur Iman Jumeneng Nata Hamengku
Khoulipun Kyai Nur Iman Mlangi dipunwontenaken ing saben malem tanggal 15
wonten ing wulan Sura / Muharram.
Ngantos dumugi sak punika ing dhusun Mlangi wonten pinten pinten pesantren
kadosta :
1. PP. Al Miftah dipunasta dening Kyai Sirrudin lan dipunterusaken dening KH.
Munahar
2. PP As Salafiyyah dipunasta dening Kyai Masduqi lan dipunterusaken dening
KH. Sujai Masduqi
3. PP. Al Falahiyyah, dipunasta dening KH. Zamrudin lan dipunterusaken dening
Nyai hj. Zamrudin
4. PP. Al Huda dipunasta dening KH. Muchtar Dawam
5. PP. Mlangi Timur dipunasta dening KH. Wafirudin lan dipunterusaken dening
Nyai Hj. Wafirudin
6. PP. Hujjatul Islam dipunasta dening KH. Qothrul Aziz
7. PP. As Salimiyyah dipunasta dening KH. Salimi
8. PP. An Nasyath dipunasta dening KH. Samian
9. PP. Ar Risalah dipunasta deningKH. Abdullah
10. PP. Hidayatul Mubtadin dipunasta dening KH. Nur Iman Muqim
Pesantren wonten ing sakjawinipun dhusun Mlangi ingkang taksih kalebet Pra
Turunipun Kyai Nur Iman Mlangi inggih Punika :
1. PP. Watu Congol Muntilan dipunasta dening KH. Ahmad Abdul Haq
2. PP. Tegalrejo Magelang dipunasta dening KH. Abdurrahman Khudlori
3. PP. Al Asyariyyah Kalibeber Wonosobo dipunasta dening KH. Muntaha
4. PP. Bambu Runcing Parakan Temanggung dipunasta dening KH. Muhaiminan
5. PP. Secang Sempu Magelang dipunasta dening KH. Ismail Ali
6. PP. Nurul Iman Jambi dipunasta dening KH. Sohib lan Nyai Hj. Bahriyah
Mbah Kyai Nur Iman Mlangi nganggit pinten pinten kitab antawisipun :
1. Kitab Taqwim ( Ringkesan Ilmu Nahwu )
Tindakipun dhateng pernah Ler Kilen ngantos dumugi ing dhusun Bedungus
Kemiri Kutoarjo. Saking sayahipun, Puteri Cina wau ngantos mboten saged
tindak. Dipuncariosaken bilih tindakipun Puteri Cina punika saking dusun Mlangi
dhateng pernah Kidul Kilen dumugi dhusun Ngapak ( pernah wetanipun Kali
Progo ), lajeng mangaler. Sak sampunipun mangaler lajeng lurus mangilen miyos
dhusun Kaligesing ngantos dumugi Dhusun Bedungus. Tindakipun Puteri Cina
wau pikantuk pitedhah saking swanten kandhutanipun. Saksampunipun dumugi
wonten ing dhusun Bedungus, Panjenenganipun Puteri Cina dipuntampi kanti sae
dening kulawarganipun Kaum Bedungus sak lami laminipun.
Wekdal Putri Cina punika badhe mbabar kandhutanipun, dumadakan wonten teja
ingkang manter hanelahi madhangi panggenan lairipun si jabang bayi.
Saksampunipun makaten, si jabang bayi kakung ingkang bagus pasuryanipun
punika miyos. Saksampunipun bayi punika miyos, pra Putra Kyai Nur Iman Mlangi
ingkang wonten ing Mlangi dipunaturi tindak dhateng dhusun Bedungus supados
mriksani Keng rayi punika. Dening pra Raka Keng rayi dipunparingi asma RM.
Mansyur. Wiosipun RM. Mansyur wonten ing warsa 1220 H / 1799 M.
Sebab Sanget bektinipun dhateng Nyai Mlangi ( Puteri Cina ), kulawarga Mlangi
lajeng maringi kanugrahan dhateng Kaum Bedungus wau kanti ngangkat
putranipun ingkang asma Kyai Zarkasih dados kulawarga Mlangi. Saklajengipun
Kyai Zarkasih peputra Kyai Sidiq. Kyai Sidiq peputra Kyai Nawawi Berjan. Kyai
Nawawi Berjan peputra Kyai Khalwani Nawawi Berjan ingkang sakpunika
nerusaken syiar Islam wonten ing Berjan Purworejo.
Nyai Putri Cina wau lajeng katelah Nyai Ngadiluwih ingkang sakpunika
pesarehanipun wonten ing dhusun Bedungus Kutoarjo.
RM. Mansyur lenggah wonten ing dhusun Bedungus wiwit miyos dumugi
dhiwasa. Sak sampunipun dhiwasa, Panjenenganipun RM. Mansyur lajeng tindak
ngaos dhateng Salaman Magelang wonten ing Pondhokipun Kyai Soleh Qulhu.
RM. Mansyur asring kabiyantu arta ugi sanesipun dening Patih Dipodirjo,
sahingga saged ngaos kanti sekeca dumugi tindak haji sesarengan kaliyan Kyai
Soleh Qulhu. Sak konduripun saking Mekah, RM. Mansyur lajeng pikantuk asma
Muhyidin Arrofii.
Wekdal nyantri wonten ing Magelang, RM. Mansyur mboten kados limrahipun
santri sanes. Panjenenganipun sanget alim. Pasuryanipun ingkang bagus lan
solah bawanipun ingkang sanget santun handadosaken RM. Mansyur
dipunpundhut putramantu dening Kyai Soleh Qulhu lan Patih Dipodirjo.
Sanesipun ngaos wonten ing Magelang, Panjenenganipun RM. Mansyur ugi ngaos
wonten ing Demak, ngantos kapundhut putramantu dening Pengulu Demak
wekdal semanten lan peputra RM. Haji Abdurrahman ingkang dados Pengulu
Demak.
RM. Mansyur ugi nate tindak ngaos ngantos dangu wonten ing Aceh.
Sakkonduripun saking Aceh, RM. Mansyur lajeng trukah wonten ing Luning. Siti
Udakawis 40 bahu / 3 hektar ingkang waunipun taksih awujud alang alang
dipunbabad lan saklajengipun dipundamel dhusun. RM. Mansyur dipunbiyantu
dening Glondong Luning ingkang asma Dipomenggolo ( pesarehanipun wonten
ing sak kilenipun pesarehan Kyai Guru Luning, persisipun wonten ing
sakngandaping wit ageng ; wekdal kawula ziarah ndalu nyarengi dinten
Khoulipun Kyai Guru Luning, Panjenenganipun Glondong Dipomenggolo Rawuh
lan manggihi wonten alam Nuriyah, dedegipun ageng inggil mawi kumis lan
jenggot ingkang ketel, pakulitanipun radi cemeng lan swantenipun ageng,
wekdal semanten Panjenenganipun ugi ndherek Ziarah kaliyan pinten pinten
ruhipun muridipun Kyai Guru Luning mbok bilih kagem ngormati khoulipun Kyai
Guru Luning ).
Saksampunipun dados dhusun, RM. Mansyur lajeng damel pesantren awujud
pondhok lan mesjid. Santrinipun kathah ingkang saking Demak, Magelang,
Kendal, Cirebon, Surabaya, Tremas, Pacitan, Banten, Jawi Kilen lan sanes
sanesipun. Wiwit wekdal punika RM. Mansyur katelah Kyai Guru Luning Muhyidin
Arrofii.
Antawisipun santri santri wau wonten ingkang asma Kyai Basori, putranipun
Kertanegara ( Pengulu Landrat Purwokerto ) ingkang saklajengipun dados Kyai
Mlaran sepindah ngantos dumugi turunipun sakpriki.
Wekdal pertobatan sepindah, wonten satunggaling murid asma Ki Jayeng Kewuh
Sucen Jurutengah, nyuwun kanti sanget supados putranipun Kyai Guru Luning
kersa dipunpundhut dados putramantunipun. Kyai Guru Luning marengaken,
lajeng maringaken putranipun ingkang asma RM. Chamid dipunkramakaken
kaliyan Nyai Jariyah lan lajeng dipundadosaken Kyai wonten ing Tritis Sucen
Jurutengah, Wondene RM. Abdul Aziz ( wayahipun / putranipun RA. Nyai Jamilah
Sangid ) dipunkramakaken kaliyan Putri Ki Jayengkewuh lan dipundadosaken Kyai
Wonten ing Beji Sucen Jurutengah.
Wekdal pertobatan ambal kaping kalih, wonten satunggaling saudagar asal
saking Baledono Purworejo asma Ki Suteruno nyuwun kanti sanget supadhos
putranipun Kyai Guru Luning kersa dipunpundhut dados putramantunipun. Kyai
Guru Luning marengaken, lajeng ngramakaken putra bektanipun ( gawan )
saking garwa Puteri Patih Dipodirjo ingkang asma Kyai Haji Yusack ( ingkang apal
Quran ) ingkang sumare wonten ing Candi Baledono Purworejo.
Antawisipun pra santrinipun Kyai Guru Luning ingkang kalebet priyayi inggih
punika :
1. Bupati Kutoarjo ingkang asma RM. Suryokusumo
2. RM. Purbokusumo
3. Patih Kutoarjo ingkang asma Raden Kertopati
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
0
Sayyid RM. Sandeyo ( Kyai Nur Iman Mlangi ) kagungan garwa nem ( 6 ) inggih
punika :
1. Garwa Gegulu, peputra :
1. Sayyid RM. Mursodo
3. Sayyid RM Syafangatun
Nuryakin Cunthel
8. Sayyidah RA. Muso Kyai Sragen gurunipun Pangeran Diponegoro
9. Sayyid RM Chasan Bisri / Muhsin Besari
2. Sayyid RM Salim
3. Sayyidah RA. Jaelani
3. Garwa Kitung ( Kota Gedhe ), peputra :
1. Sayyidah RA. Abutohir
2.1.1.4. Sayyid R. Sugeng alm. ( pasukan TNI, ical jaman AOI Kebumen )
2.1.1.5. Sayyid R. Dulkodir alm. ( Pasukan AOI, ical jaman AOI Kebumen )
2.1.2. Sayyid R. Hadiyul Mustofa ( Haji Sucen ) peputra :
2.1.2.1. Sayyid R. Mahzumi Sucen ( mboten peputra )
2.1.3. Sayyid R. ? ( Ramanipun Fachrudin Kebumen ) peputra :
2.1.3.1. Sayyid R. Fachrudin (dereng dipunsumerepi wonten pundi dunungipun)
Garwa Bulus peputra :
2.1.4. Sayyidah RA. Fatimah
Garwa I / Jazuli peputra :
2.1.4.1. Sayyid. R. Mad Amin
2.1.4.2. Sayyidah RA. Rohmah
2.1.4.3. Sayyidah RA. Romlah
2.1.4.4. Sayyidah RA. Ruqoyah
Garwa II / Haji Siroj peputra :
2.1.4.5. Sayyidah RA. Zuhriyah
2.1.4.6. Sayyid R. Yazid
2.1.4.7. Sayyid R. Zahrowardi
2.1.4.8. Sayyidah RA. Nguluwiyah
2.1.4.9. Sayyid R. Zarnuji
2.1.5. Sayyidah RA. Wardiyah ( mboten peputra )
2.2. Sayyidah RA. Jamilah ( Nyai Ibrahim ( garwa II ) Pengulu Landrat Kebumen )
peputra :
2.2.1. Sayyidah RA. Ashariyah / Mustofa Banjarnegara
2.2.2. Sayyidah RA. Umi Kulsum / Sumbono
4. Sayyid RM. Haji Muhammad Nur / Nur Muhammad Alang alang Amba /
Santren ( Pengulu Ladrat Purworejo ) peputra :
4.1. Sayyid RM. Haji Rofingi Ketib Kutoarjo peputra :
4.2. Sayyid RM. Haji Kistubo Ketib Purworejo peputra :
4.3. Sayyidah RA. Chadijah / Kyai Marzuki Kutoarjo peputra :
4.4. Sayyidah RA. Nyai Judi Sucen Tritis peputra :
4.5. Sayyidah RA. Nyai Baingah / Kyai Abdurrohim Gebang peputra : ( Mriksani
Turunipun Sayyid Kyai RM Abdurrohim Gebang )
4.6. Sayyidah RA. Rodiyah / Nyai Tambeh Kutoarjo peputra :
4.7. Sayyidah RA. Tutik / Haji Siraj Ketib Kutoarjo peputra :
4.8. Sayyid RM. KH. Chusen Pengulu Bayan peputra :
4.8.1. Sayyidah RA. Denok
4.9. Sayyid RM. Baliyo Kutoarjo peputra :
4.10. Sayyidah RA. Badaruddin Kyai Solotiyang peputra :
4.10.1.
4.10.2.
4.10.3.
4.10.4. Sayyidah RA. Nyai Siti Hajiroh mboten peputra lajeng ngangkat putra RA.
Mustanginah Chalimi
4.10.5. Sayyid Kyai R. Dachlan Kaliboto
11.1.
11.2.
11.3.
11.4.
11.5.
11.6.
11.7.
11.8.
Taksih kathah sanget pra turun Mataram khususipun turunipun Kyai Nur Iman
Mlangi lan Kyai Guru Luning ingkang dereng kawula serat amargi dereng saged
pinanggih sedaya amargi sami sumebar ing pundi pundi, lajeng turunipun sami
kepaten obor, mbok bilih amargi tebihipun satunggal satunggalipun. Pramila
namung kawula serat peputra : ( ingkang kajengipun supados para turun ingkang
dereng kaserat saged njangkepi piyambak piyambak )
Makaten punika Kitab Tarikh Nur Iman Muhyidin Arrofii ingkang dipunserat
wonten ing dhusun Kebumen, dinten Selasa Legi , 17 Februari 2009 / 22 Safar
1430 H / taun Je, Wuku Warigalit 1942.
Kagem Pra putra wayah turunipun Kyai Nur Iman Mlangi lan Kyai Guru Luning
ingkang dereng kaserat wonten ing mriki, dipunaturi nyerat piyambak
piyambak lajeng kaparingaken dening Sayyid R. Muh. Ravie Ananda ingkang
alamatipun wonten ing Jalan Garuda 13 Kebumen 54311 Jawa Tengah.
Mugi Kitab punika saged dipuntampi kanti sae dhateng Pra Maos. Kathah
kekiranganipun harupi huruf hurufipun, kirang gampil dipuntampi basanipun,
ugi menawi wonten kalepatan anggenipun nyerat silsilah, kawula nyuwun
agunging pangapunten.
Wasana, mugi Kyai Nur Iman Mlangi lan Kyai Guru Luning saha sedaya
garwanipun sumrambah kita sedaya pra putra wayah turunipun tansah rahayu
ing dalem Agami, Dunya dumugi Akhiratipun, ing dalem Jasad, Batin dumugi Ruh
ipun. Tansah kalis saking bebeka : makartining sesama, makartining lelembut lan
makartining dhaya pangwasa alam ingkang awon. Amin.
Kebumen, Selasa Legi 17 Februari 2009
Ingkang Nganggit lan Tanggel Jawab Seratan punika
Sayyid R. Muh. Ravie Ananda
Silsilah Turun Sayyid Ahmad Muhammad Alim Bulus Purworejo
Sayyid R. Muh. Ravie Ananda, ibni
Sayyidah RA. Honimah, ibni
Ubaidullah, ibni
Ahmad al Muhajir, ibni
Isa ar Rummi, ibni
Muhammad al Naqib, ibni
Ali al Uraidhi, ibni
Jafar ash Shadiq, ibni
Muhammad al Baqir, ibni
Ali Zainal Abidin, ibni
Husein, ibni
Sayyidatina Fatimah RA, ibni
Rosulullah S. A. W
Kekancingan Mataram Hamengku Buwana
Hamengku Buwana I / RM. Sujono / Pangeran Mangkubumi punika putranipun
Amangkurat IV / Amangkurat Jawi / RM. Surya Putra kaliyan garwa Selir
Sayyid R. Muh. Ravie Ananda, ibni
Sayyidah RA. Honimah, ibni
Sayyid R. Makmun, ibni
Sayyid R. Badarudin, ibni
Sayyidah RA. Jawahir, ibni
Sayyidah RA. Nyai Imanadi Kebumen ( Garwa II ), ibni
Sayyidah RA. Kamaludiningrat ( Pengulu Kraton Jogjakarta ), ibni
Sayyid BPA Dipowiyono, ibni
Sayyid RM. Sundoro / Hamengku Buwana II, ibni
Sayyid RM. Sujono / Pangeran Mangkubumi / Hamengku Buwana I, ibni