Vous êtes sur la page 1sur 3

NAMA

:DELA VREDI YANTORO

NO

: 05

KELAS : IX A
PIDATO BAHASA JAWA KEMERDEKAAN RI

Assalamu'alaikum Wr. Wb.


Ingkang kinurmatan Bapak kepala sekolah SMK N 1 Rembang, Ingkang kinurmatan Bapak
saha Ibu guru SMK N 1 Rembang, Ingkang kinurmatan Staf lan Karyawan SMK N 1 Rembang,
lan mboten kesupen rencang rencang kula ingkang kawula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kula lan Panjenengan ngaturake puja-puji syukur dhumateng
ing ngarsaning Gusti Allah SWT. Awit saking punika kula lan panjenengan sedaya saged
makempal wonten ing adicara mengeti dinten kamardikan RI ingkang kaping 68 taun, lan
sholawat serta salam kula lan panjenengan sedaya njunjungake dhateng nabi kita nabi
Muhammad SAW Mugi - mugi kita pikantuk syafaat ing dunya lan akhirat.
Salajengipun kula aturaken sugeng rawuh wonten ing adicara mengeti dinten kamardikan
ingkang kaping 68. Kula minangka Juru pamedar sabda ngaturake maturnuwun marang
para panitia ingkang sampun ngawontenake adicara punika kanthi lancar. Mugi-mugi
adicara punika saged lumampah kanthi sae, Amiin.
Para rawuh ingkang kula urmati, sampun kaping 68 tau indonesia merdika lan dados
negara ingkang mulya, sejahtera lan makmur. Kula lan panjenengan sedaya kedah
nuladhani dhumateng para pahlawan ingkang sampun berjuang mbrantas para walandi
utawa penjajah sangking bumi pertiwi kanthi ngrenggut jiwa, raga, lan nyawa.
Kula lan panjenengan sedaya ingkang dados generasi muda bangsa kedah saged ngisi
kamardikan punika ing sedaya bidhang, supadhos kita dados generasi ingkang sae kangge
bangsa lan negara. Mugi mugi generasi generasi kasebut saged mujudake cita-cita negara
adhe dasar wonten ing pancasila lan UUD 1945. Mugi-mugi usaha kita saged dpun paringi
restu dening Allah SWT, Amiin.
Mekaten atur kula mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih bapak
lan ibu sedaya, kula nyuwu pangapunten.
Akhirulkalam Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

NAMA : DEWA SAPUTRA


NO

:6

KELAS : IX A
PIDATO BAHASA JAWA PERPISAHAN KELAS 9

Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu
luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung
ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo
dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak
manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak
ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan
sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu
rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru
amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan
sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten
disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo
lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika
amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo.
Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget
dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan
kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. Wb

NAMA : BAGUS SETIAWAN


NO

: 04

KELAS : IX A
Asalamualikum wr.wb
Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan.
Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang
ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya
nyingkiraken

Walanda

ingkang

manut

sekutu

(Inggris)

mlebet

ing

tanah

Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing
selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah
ngengingi

peristiwa

menika.

Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula
mboten badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe
ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken
pembangunan.

Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat
wilayah Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung
Tomo kanthi sora paring semangat. Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun
bangsa kanggeh mbangun negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa
raga

lan

bandha

kangge

mbela

bangsa

lan

negari.

Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para
pahlawan.
Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha
solah bawaw ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun
agenging samodra pengaksami. Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah
saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Amin..

Wassalamualaikum Wr.Wb

Vous aimerez peut-être aussi