Vous êtes sur la page 1sur 4

ASAL USUL JENENG KARANGANYAR

Desa Karanganyar iku melu kecamatan Welahan kabupaten Jepara. Saiki cacah wargane ana
1.446 warga. Dingeti saka panggonane, daerah iki wates kabupaten Jepara karo Demak. Kejawan
daratan teka segara lor jawa sing ombone 87 hektar, ana hamparan tambak iwak lan rawa rawa.
Uripe makmur lan tentrem, masyarakate penggawehane akeh saka petani, nanging uga ana sing
dadi pedagang lunga metu saka pulau Jawa misale Kalimantan, Malaysia, Sumatra lan liyane.
Akeh sing petani amarga kiwa lan tengene desa kuwi diubengi sawah, jaman samana penduduke
elehan utawa pindahan saka desa pinggire yaiku norowito, dadine penduduke cacahe mung
sithik.
Sadurunge ana omah omah penduduk desa iki iseh rupa rawa rawa sing sisihe ana kali/lepen.
Kali iku jenenge kali serang sing banyune akeh, kanggo nggunaake mbayuni sawah sing
ditanduri pari kanggo kebutuhan lan nyukupi ekonomi.
Warga tani sing iseh nyekel tradisi zaman kuna, ana cara sing kanggo nyalurake pengetahuane
saka basa, kegunaane basa iki digunakake kanggo warna warna , kaya wae ing panguripan
saben dina, upacara adapt lan upacara agama sing luwih nggunakake basa Jawa.
Zaman biyen sadurunge desa iki dadi maju, ana perkawis sing kudu dingerteni asal usule
kenapa bisa diarani utawa duwe jeneng Karanganyar. Saiki desa wis maju, perkembangane cepet,
dadi langka bocah sing mangerteni piye kok bisa duwe jeneng kaya ngana, ngertine mung
manggoni.
Biyen sadurunge jeneng Karanganyar, desa Norowito iku sing asale dipanggoni para warga,
nalika manggoni desa iku akeh warga sing padha dimalingi, saben dina mesthi ana perkara kuwi
yaiku kemalingan, dadine warga padha mlayu pindah lunga sisihe/tangga desane sing adohe ora
sepira adoh saka asale kana, biyen wargane mung sithik bisa diitung, nanging sansaya suwe
tambah akeh. Zaman biyen nalika dijajah PKI riwayate susah, mangane bonggol gedhang karo
onggok ora mangan sego apa maneh buah.
Wujud utawa bentuke Karanganyar iku akeh kalen, ngarep desa ana kalen gedhe lan mburi ana
sawah karo kalen cilik sing diarani larik, kalen sing amba ya ana, sing cilik digunakake kanggo
pengairan uga dawane nganti ngubungake liya desa. Saking akehe warga sing dadi tani dadine
kalen iku penting, didadekake wadah pengairan kanggo kaperluan tandurane yaiku pari karo
jangan kayata : jagung, kacang, kangkung, delai, krai, tomat, waloh, gambas lan liya-liyane. Ana
kalen sing dijenengi kalibom iku bentuke amba, banyune pasang surut miturut musime, gedhene
kalen iku watese ana ing bongpes yaiku iso kembung karo kempes. Kalen sing amba nak wayah
rendeng mesthi banjir, sanajan sakiki wis maju terus ora kena banjir, nanging nak ngilingi zaman
biyen nalika wayah rendeng tiba, banyune banjir nganti ngarep omah lan ratane uga ketutupan
banyu. Nalika ana wayah rendeng, kalen iku banjir, ing desa iki ana mayat mandeg cacahe loro
wedok kabeh, ora ana sing ngakoni, jare para warga padha ngira klintiran saka tanjung, yaiku
desa sebrang wetan melu kabupaten Demak sing adoh saka desa iki. Warga sing nemukake padha
rame amarga mayit loro mau ora ana sing ngerti asal usule saka ngendi, lajeng wonten salah
satunggaling warga sing menehi jeneng den ayu Ndaru karo den ayu Surti.
Iso ana utawa dadi jeneng Karanganyar iku amarga ana wong sing klinter neng kalen lajeng
mbanggok neng salah sijine wit karang, wong kuwi di jenengake mbah ndaru. Ora ana ngerti
asale saka endi mayit mau, penduduk pada geger. Mayit mau terus dikubur ana ing pinggir wit

karang sing ditemuake neng panggonan mau, wong sing nemuake mayit mau wenehi jeneng
Karanganyar yaiku amarga mandeg ana ing wit karang, anyar yaiku wong anyar sing
ditemukake. Dadine wong sing nemukake mau dadiake mbah ndaru iku tiyang sesepuh
keturunan ana ing desa iku. Sak iki panggonan mau didadekake Tempat Pemakaman Umum/
TPU ana ing desa Karanganyar. Desa iki wis maju akeh penduduk sing kasil oleh nyambut gawe,
hawane asrep ana kalen kalen akeh sing digunakna kanggo pengairan. Tandure wis maju, kasile
dikirim lunga adoh sing bisa dicegerake kanggo nglangsungake ekonomi para warga.

ASAL USUL BANYUMAS

panggonan awal pemerintahan lan jeneng Banyumas.


Miturut penelitian, alas Mangli daerah Kejawar dadi panggonan pertama dibangune
pusat pemerintahan Adipati Wargo Oetomo II (Djoko Kahiman / Adipati Mrapat)
sauwise ninggalna Wirasaba.
Miturut riwayat sing uga dipercayai neng masyarakat, beliau nrima wisik/wangsit
supaya lunga maring nggon wit Tembaga. Neng alas Mangli kiyelah sing dimaksud;
yakue neng sebelah wetan ketemune kali Pasinggangan lan kali Banyumas. Lah
kawit sekang kene mulai dibangun panggonan sing dadi pusat pemerintahan sing
dibiayai neng Kyai Mranggi Semu neng Kejawar.
nalika lagi sibuk sibuke mbangun pust pemrentahan, kebetulan
Pas waktu kue ana sijining kayu sing kendang neng kali Serayu. kayu kue jenenge
Kayu Mas sing sauwise diteliti asale sekangi Desa Karangjambu (Kecamatan
Kejobong, Bukateja, Kabupaten Purbalinga), saiki sebelah wetan Wirasaba. Anehe
kayu mas kue mandeg neng kali Serayu perek lokasi pembangunan pusat
pemrentahan. Adipati Marapat trenyuh atine menangi kedadian kue, terusan kayu
kue d jukut lan didadikna saka guru. olehe arane kayu mau arane Kayu Mas lan
kendang kegawa banyu, milo pusat pemreintahan sing lagi dibangun mau dijenengi
Banyumas (perpaduan antarane banyu lan Kayu Mas)).
Riwayat singkat Raden Djoko Kahiman (Adipati Marapat).
Riwayat Djoko Kahiman atawa Raden Djoko Semangoen minangka putra Raden
Harjo Banjaksosro Adipati Pasir Luhur sing kawit cilik dirumat lan di pet anak neng
Kjai dan Njai Mranggi Semoe neng Kejawar. Kjai Mranggi jeneng asline kue Kjai
Sambarta lan Njai Mranggi kue Njai Ngaisah.
sauwise Raden Djoko Kahiman gede/cukup umur deweke ngabdi maring Kjai adipati
Wirasaba sing jenenge Adipati Wargo Oetomo I lan akhire Raden Djoko Kahiman
dadi mantune Wargo Oetomo I, dinikahna karo putri ragile sing jenenge Rara
Kartimah.
neng sewijining dina Adipati Wirasaba olih titah sekang Sultan supaya mersebahna
salah sijining putrine nggo di gawe garwa ampean. dening Sang Adipati
dipersembahna putri ragile sing jeneng Rara Soekartijah, sing pas wektu cilike tau
dijodohna karo putra saudarane yakue Ki Ageng Tojareka, nanging sauwise dewasa
Rara Soekartijah nolak ..
Lara ngati Ki Ageng Tojareka sateruse nggawe fitnah sing nyebabna murkane Sultan
Pajang lan prentah Gandek supaya mateni Adipati Wirasaba sajrone perjalanan
kondur tanpa d teliti disit . nanging sawise diteliti Sultan Pajang ngajog ora karuan,
satruse ndawuhi prajurit supaya nyusul Gandek disit ben mbatalna rencana mateni
Adipati Wargo Oetomo I, nanging wis terlambat. panggonan kedadiane neng Desa
Bener, mula Adipati Wargo Oetomo I uga terkenal karo sebutan Adipati Sedo Bener,
sedangkan makam beliau neng pasarehan Pakiringan, sebelah wetan kota
Banyumas, saiki mlebu wilayah Purworejo Klampok.
kajogane Sultan Pajang sawise kedadian ndadiaken uripe ora tenang,satreruse
beliau nitahna putra Adipati Wirasaba supaya ngadep maring Kesultanan Pajang,
nanging kabeh putra Wargo Oetomo I ora ana sing wani ngadep, akhire, mangkat
Raden Djoko Kahiman ngadep Sultan Pajang. neng jabane pinemune Raden Djoko

Kahiman malah diangkat dadi Adipati Wirasaba VII kalian gelar Adipati Wargo
Oetomo II kanggo ngganteni Adipati Wargo Oetomo I sing wis wafat krana kesalah
pahaman. Sultan Pajang ngaturi kabeh kebijaksanaan Kadipaten Wirasaba kepada
Wargo Oetomo II.
kelawan ati gedene Adipati Wargo Oetomo II ora pengin mentingna awake dewek ,
sebab beliau kue anak mantu, milo njaluk restu supaya mbagi daerah wirasaba dadi
4 daerah
niturut penelitian lan hasil seminar, dina, tanggal, wulan, tahun diangkate Raden
Djoko Kahiman dadi Adipati Wirasaba VII sing bergelar Adipati Wargo Oetomo II
yakue : Jumat Kliwon, tanggal 12
Rabiul awal 990 H bebarebngan karo tanggal 6 April 1582 M.
sabaline saka Pajang mila Raden Djoko Kahiman sing wis
diangkat dadi Adipati Wirasaba VII, beliau mbagi daerah
kekuasaane dadi papat,yakue :
1. Banjar Pertambakan diwehna maring Kjai Ngabehi Wirojoedo.
2. Merden diwehna maring Kjai Ngabehi Wirokoesoemo.
3. Wirasaba diwehna maring Kjai Ngabehi Wargowidjojo.
4. deweke rela bali maring Kejawar kelawan maksud
mulai mbangun pusat pemrentahn sing baru.
Berdasarkan penelitian sejarah ditetapkan Hari Jadi Kabupaten Banyumas adalah
hari Jumat Kliwon, tanggal 12 Rabiul awal 990 Hijriyah bertepatan dengan 6 April
1582 Masehi.

Vous aimerez peut-être aussi