Vous êtes sur la page 1sur 2

ASAL-USUL AKSARA JAWA

Miturut crita, asal-usul dumadine aksara Jawa yaiku jaman biyen ing tanah Jawa kuwi ana
kerajaan agung yaiku Medang Kamulan. Sing dadi rajane aran Dhewatacengkar, raja raseksa sing
duweni watak angkara. Dheweke seneng banget mangan daging manungsa sing kapilih, sing ayu
sing gantheng. Amarga krungu kabar kaya mangkono kuwi, Ajisaka kepengin nulung para rakyat
sing ana laladan kerajaan Medang Kamulan. Ajisaka banjur mangkat karo kaloro abdine, Dora lan
Sembada
Sakuwise lumaku suwe, Ajisaka wis tekan ing piwates kerajaan Medang Kamulan.
Ananging papan piwates kuwi mau dijaga. Ajisaka ora diolehake mlebu ing kerajaan kuwi amarga
yen mlebu ing kerajaan kuwi ora bakal bisa bali maneh, kahanan ing kerajaan wigati banget. Kabeh
pawongan padha sedhih duweni raja sing seneng mangan daginge manungsa. Krungu critane para
punggawa kuwi mau, Ajisaka nawakake awake kanggo dipangan raja sing ora duweni rasa welas
kuwi. Banjur para punggawa kuwi mau ngolehake Ajisaka mlebu menyang laladan kerajaan kanthi
sarat ora oleh gawa pusaka awujud apa wae.
Amarga rono kuwi mau Ajisaka gawa keris, pusaka kuwi mau dititipake marang Sembada
supaya tansah dijaga ing papan kono. Lan Ajisaka duweni welingan supaya keris kuwi mau ora
diwenehake marang wong liya, kajaba Ajisaka dhewe sing jaluk keris kuwi. Sakuwise dhewekake
masrahake kerise menyang Sembada, Ajisaka banjur nemoni Dhewatacengkar diterake Dora lan
para punggawa wates dhaerah karajaan kono.
Tumekane Ajisaka ing ngarepe raja, lan matur niate supaya Dhewatacengkar gelem mangan
daginge. Ananging sakdurunge dheweke dipangan, Ajisaka duweni panjalukan marang raja
Raseksa. Panjaluke Ajisaka yaiku jaluk lemah sing ambane saiket sirahe, sing dikanggo ngubur
balung-balunge Ajisaka mengko lan papane dununge pas ana ngarepe Dhewatacengkar. Raja
raseksa kuwi rada panas atine, ananging raja sarujuk karo apa panjaluke Ajisaka. Ajisaka banjur
nguculi iket sirahe, lan digelar ana ngarepe Dhewatacengkar. Suwene-suwe iket kuwi mau sansaya
amba, amba lan amba, lan ndadekake Dhewatacengkar mundur, terus mundur lan mundur nganti
tumeka pinggiring segara kidul. Ing wasana Dhewatacengkar njegur menyang segara kidul sing
curem lan jero banget. Lan ganti wujud dadi Baya Putih.
Rakyat kerajaan suka cita, bungah banget amarga rajane sing angkara murka wis nemoni
pati utawa wis muspra. Lan Ajisaka didadekake raja ing kerajaan kuwi. Dene Dora didadekake patih
kerajaan Medang Kamolan kuwi mau.
Ing salah sawijining dina, Ajisaka kemutan marang abdine sing ditinggalake ana ing
sacedhake wates dhaerah Kamulan. Dheweke banjur ngutus Dora kanggo mapag Sembada lan
supaya gawa kerise bali. Sajroning atine Dora kabotan, sumelang menawa wibawane dikurangi lan
diwenehake marang Sembada. Ananging kuwi dhawuhe raja, dheweke banjur budhal.
Satengahing dalan Dora duweni pamikiran menawa dheweke ora bakal mapag Sembada
ananging amung jupuk kerise Ajisak wae. Jumbuh karo teges ing jenenge, Dora = goroh (ngapusi,
ora kandha kanthi nyata).
Tumekane Dora ing papan kono gawe bungah atine Sembada. Dora banjur nyritakake bab
Ajisaka sing wis dadi raja. Sembada nakokake dhawuh apa sing diwenehake marang Dora sing
ndadekake Dora nemoni Sembada. Dora banjur kandha menawa dheweke diutus kanggo jupuk
kerise Ajisaka sing dititipake Sembada. Sembada sajak bingung lan kemropok atine. Ngapa kok
sing dijupuk mung kerise? Kok ora wonge uga?. Sembada ora ngolehake, amarga dheweke kelingan
piwelinge Ajisaka, sapa wae ora oleh jupuk keris kuwi, kajaba Ajisaka dhewe. Ananging abdi loro
kuwi mau padha ngotote menawa dheweke ya mung nglakoni apa dhawuhe Ajisaka. Wasanane
Dora lan Sembada padha anggone adu kekuatan, kasekten lan ngetokake aji-ajine. Nganti abdi loro
kuwi nemoni pati amarga anggone adu wis rada suwe.
Ringkese crita, amarga suwe anggone Ajisaka ngenteni baline abdine loro mau. Ajisaka
mutusake mapag Dora lan Sembada. Lan sepira kagete satekane ing kana, abdine loro kuwi wis
pating glimpung tanpa nyawa, babak bundhas kebak getih. Ajisaka legeg-legeg, mikirake sebab
abdine kuwi padha kerah nganti nemoni pati. Dheweke banjur ngrumangsani dheweke sing kelalen,
amarga dheweke tau meling marang Sembada kanggo jaga kerise lan sapa wae ora oleh jupuk

sakliyane Ajisaka dhewe. Bab kuwi sing ndadekake abdi loro mau padha adu kekuatan amarga
padha-padha nglaksanakake dhawuhe.
Minangka wujud rasa cuwane marang awake dhewe, wasanane Ajisaka banjur gawe
rerangkening ukara, minangka pangarep-arep marang para mudha supaya ora bakal ana kedadeyan
kaya mangkono maneh. Ukara kasebut kaya mangkene:
- hana caraka, tegese ana utusan, (ada utusan)
- data sawala, tegese padha gelut/adu kekuatan, (saling bertengkar)
- padha jayanya, tegese padha kuate, (sama kekuatannya)
- maga bathanga, tegese sakabehe padha mati dadi bathang. (semua menjadi mayat).