Vous êtes sur la page 1sur 2

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Dhumateng pangarsanipun para Dhewan yuri, para pinisepuh saha sesepuh


sumrambahipun dhumateng para bapak ibu pikenggah saha rencang-rencang peserta
lomba pidato basa jawi ingkang tansah kulo hormati ugi kulo mulyakaken.
Sakderengipun kulo ngaturaken rembag babagan “Peranan Akhlaqul Karimah Tumrap
Remaja”, langkung rumiyin sumangga kita tansah ngunjukaken raos syukur wonten
ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan,
karohmatan saha karaharjan dhumateng kita sedanten sehingga kita saged makempal
wonten majlis mriki kanthi wilujeng mboten manggihi alangan setunggal punapa.
Ugi mboten kesupen sholawat tuwin salam mugi katur dhumateng pangarsanipun
Baginda Rasulullah Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun mbikakaken marga
tumrap kaum muslimin inggih punika saking alam peteng tumuju dhumateng alam
islam, saha katur keluargi/sedherek, sahabatipun. Ugi mugi-mugi kita tansah pikantuk
syafaat benjang wonten yaumul qiyamah, amin.
Dewan ingkang kinurmatan, saha para pilenggah ingkang kula mulyakaken.
Sampun kita mangertosi sedanten bikih remaja punika tiyangipun negari. Keranten
saking punika remaja kedah anggadahi akhlaq utawi budi pekerti ingkang luhur,
kejawinipun anggadahi pengetahuan, ketrampilan ingkang cakep. Akhlaq ingkang sae
utawi akhlaqul karimah punika saged andadosaken benteng remaja wonten ing
sesrawunganipun, sehingga remaja mboten kejrumus dhumateng babagan prekawis
negative kadosta: omben-omben, mendem, madon, judi, narkoba, sex bebas lan
sapinunggalipun.
Amargi mangsa remaja punika ingkang dipun wastani mangsa ingkang rawan,
mangsa kagem madosi jati dirinipun, mangsa peralihan saking anak-anak tumuju
dewasa kinten-kinten milai yuswa welasan taun.
Dewan yuri ingkang kinurmatan, saha para pilenggah ingkang kula mulyakaken.
Perlu kita mangartosi sesarengan bilih wonten ing mangsa remaja punika tiyang sepah
anggadahi peran ingkang wigati, kedah saged dados mitranipun remaja. Sehingga
remaja anggadahi raos ayem, tentrem wonten panggenaningkang saged dipun
dadosaken rencang curhat, dados remaja saged mecahaken prekawis kanthi bijak.
Ananging suwalikipun menawi remaja ingkang ngrembakanipun mboten dipun
dampingi tiyang sepah mesti remaja punika langkung milih mitra rencangipun. Nah,
wonten mriki menawi remaja mboten saged milih rencang ingkang sae mesti badhe
kajrumus dhumateng prekawis ingkang negatif. Pramila saking punika pendidikan
informal (saking keluargi) ageng sanget pengaruhipun dhumateng ngrembakanikan
lare, tiyang sepah saged nenemaken pengetahuan agami, tata krama sehingga saged
dipun dadosaken bekal lare.
Remaja ingkang anggadahi pengetahuan saha akhlaqul karimah mesti saget dipun
tampi wonten lingkungan pundi kemawon, amargi saged mbedakaken prekawis
ingkang sae kaliyan ingkang awon.
Dewan yuri ingkang kinurmatan, saha para pilenggah ingkang kula mulyakaken.
Supados mboten kados jaman jahiliyah rikala rumiyin ing negari arab, anggenipun
kathah kesasodan bejad estunipun amargi mboten anggadahi akhlaqul karimah.
Pramila saking punika tugas utama nabi Muhammad SAW rikala dipun utus dados
rasul kaliyan Gusti Allah inggih punika kedah andandosi akhlaq bangsa arab jahiliyah
kalawau. Kadosta ingkang sampun kasebat wonten ing hadits:

Artosipun: Sejatosipun kula (Muhammad SAW) dipun utus kagem nyempurnakaken


akhlaq.
Pramila saking punika, maju munduripun negari saged dipun tentokaken saking
akhlaq bangsanipun terutami generasi mudhanipun amargi dados penerusipun bangsa.
Mekaten punika ingkang saged kula aturaken, menawi wonten klenta-klentunipun atur
kula nyuwun agunging sih pangapunten.
Billahi Taufiq Wal Hidayah,

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Vous aimerez peut-être aussi