Vous êtes sur la page 1sur 4

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak, Ibu Dewan Juri saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati.

Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng


ngarsanipun Gusti Ingkang Maha kuwaos inggih punika Gusti Allah swt. Amargi kanthi
linuberan rahmat saha hidayanipun kita sedaya saged pinanggihan wonten wekdal
ingkang saeu menika kagem mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang
kaping 63.

Para Rawuh ingkang minulyo,

Kita sedaya sampun mangertosi menawi Nagari Indonesia punika sampun saged sejajar
utawi sami kaliyan Nagari maju sanesipun. Kathah sampun penghargaan utawi predikat
ingkang dipun sandhang kaliyan Indonesia wonten tingkat Internasional. Ananging
punapa saged Indonesia moncer kados sakmenika menawi mboten wonten pahlawan
bangsa wonten warsa 1945? Menawi kados menika kita kedah instropeksi diri saha kedah
nggadhah pambegan menapa ingkang sampun kita aturaken dhumateng bangsa kita.

Bapak, ibu Dewan juri saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati,

Wonten wekdal menika, wulan Agustus 2008, Indonesia sampun ganep yuswanipun
ingkang kaping 63. Yuswa kados menika mboten sami kaliyan kahananipun Bangsa
Indonesia luwih-luwih perjuwanganing pahlawan nagari. Taksih kathah warga
masyarakat ingkang dereng ngraosaken gesang ingkang mulya wonten warsa menika.
Ugi taksih kathah luwih saking setunggal ewu siswa/i Indonesia ingkang mboten
nglajengaken sekolah amargi kiranging biaya saha inggilipun kebutuhan pokok luwih-
luwih wonten kitha ageng kados to Kitha Malang menika. Punapa menika kamardikan
hakiki ingkang sampun dipun sandhang Nagari Indonesia kurang luwih 63 warsa
kepengker? Kahanan menika miturut pangemut kula amargi kiranging partisipasinipun
warga masyarakat Indonesia. Pamerintah RI saged sae kinerjanipun saha lancar
programipun menawi sedaya warga masyarakat nggadhah partisipasi ingkang ikhlas
kagem nglaksanakaken program pembangunan menika saha maringi tanggung jawab
marang pamerintah.

Para Rawuh ingkang kula kurmati,

Kangge ngisi kamardikan punika, kita minangka siswa/i Indonesia mangga


sesarengan nggadhah rasa sosial dhumateng pepadha. Rasa sosial menika saged kita
wujudaken kados:

1. paring kinurmatan marang guru-guru , tiyang sepah, luwih-luwih pahlawan


bangsa kita,
2. sami nglestarekaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar
saking budaya daerah, nggih kados basa Jawi menika,

3. njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa, lan sapanunggalanipun.

Menawi tiga menika minimal sampun ditindakaken kaliyan pemuda/pemudi Bangsa


Indonesia, Insyaallah kamardikan bangsa ingkang mituhu saged dipun raosaken dening
sedaya warga masyarakat Indonesia. Amargi sakmenika budaya globalisasi sampun
kathah anjalarwonten jiwaning pemuda/pemudi Indonesia, mula budaya global ingkang
negatif punika cepet sanget ngrisak moraling anak negeri. Ingkang penting sanget inggih
punika kita kedah njagi persatuan kaliyan generasi muda sami wonten saindenging
nuswantara saha mboten ambeda-bedakaken sedherek-sedherek kita supados Nagari
Indonesia saged gemah ripah loh jinawi saha dados andakara wonten donya punika.

Sedherek-sedherek ingkang minulya,

Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging
samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten
penggalihipun para rawuh sedaya. Kados parikan:

Ana temanten mangan srikaya,

Mangan kupat uga terasi,


Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng
dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang
dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka,


meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah
dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah
cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan
selalu di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman
Rohim Alloh SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro
Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang
kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945,
Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.

Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan
poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda
kangge merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki
monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang
ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu
dipun bales dening Alloh, dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal
sholehipun, ingkang berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran
wonten ngersanipun Alloh SWT. Amin-amin yaa Rabbal alamin.

Vous aimerez peut-être aussi