Vous êtes sur la page 1sur 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun, Ingkang kinurmatan para Juri Aben Trampil Basa Jawi Ingkang sinudarsana para durja Basa Jawi SMA/MA/SMK Ingkang pantes sinambrama ing pambija kanca pamong mitra ingkang bagya mulya Puji syukur mugi konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, amargi ing kalodhangan menika panjenengan lan kula pinaringan kawilujengan saengga saged ngagungaken Asmanipun. Katitik kita sadaya saged pepanggihan ing wekdal lan panggean punika kanthi rahayu nir ing sambekala. Sugeng enjang lan sugeng rawuh kula aturaken dhumateng para rawuh sadaya. Para rawuh ingkang kinurmatan, Wonten ing wekdal menika, kula badhe ngaturaken setunggal bab ingkang wigatos, nanging asring sanget boten kita gatosaken. Menapa ingkang dados ciri wanci bangsa menika, utamanipun priyantun Jawi, ingkang sekedhik-sekedhik dipunlirakaken lan kalempahan, dangu-dangu saged ical. Ingkang kawon kaliyan budaya-budaya ingkang moderen nanging awon sifatipun. Ingkan badhe kula andharaken inggih menika, napa ingkang sampun manunggal kaliyan tiyang Jawi asli, inggih menika Budi Pekerti. Para rawuh ingkang sinudarsana, Budi pekerti inggih menika moral lan tumindak ingkang sae kangge nglampahi pagesangan. Sakmenika, kathah sanget perangan-perangan pagesangan ingkang ewah amargi amblesing moral. Budi pekerti, kedah kita cakaken wiwit taksih timur utawi taksih alit. Prayoganipun dipunlampahake wiwit mudha, ing griya utawi sekolah, lajeng wonten ing bebrayan. Para rawuh ingkang kinurmatan, Ngengingi perkawis budhi pekerti, kula lan panjenengnan sedaya saged mendhet tuladha saking cariyos paringgitan. Kita saged nuladhani lelampahipun Yudistira,kaliyan
satriya-satriya sanes ingkang ghadhahi tumindak luhur, jujur, kaliyan sopan. Para paraga menika ngurbanaken jiwa lan raga kangge nopo ingkang leres, tumuju negari kerta raharja. Para paraga tekun

lan ikhlas ngayani kewajiban. Yudhistira migunakaken kasektenipun kangge gegayuban ingkang mulya. Tatakrama kaliyan tata susila ugi boten saged pisah saking budi pekerti. Tumindak ingkang ngugemi tata krama,kados pundi pinarakipun, tuturipun, lan sanesipun. Tuladhanipun nalika wicanten kaliyan tiyang sepuh nggangge krama alus, kaliyan kanca ngginakaken ngoko. Ngurmati tiyang sepuh, guru, pinisepuh menika sipunlampahi, nanging boten ateges lare menika boten dipunanggep. Para rawuh, Sawekdal kapriyatinan dados bagiyan panguripan wonten negeri ingkang kita sedaya tresnani amargi moral ingkang sampun risak kaliyan aturan ingkang sampun aurat dileresaken, kasinggihan ingkang dipunplintir, lingsem boten ngertos ical wonten pundi, pundi ingkang sae pundi ingkang klinthu boten dipun damel boten jelas, tata susila ingkang sampun boten dipunitung. Trus wonten pundi kasinggihan? Ingkang kathah saniki janji-janji saking politikus. Sumangga kita ngrenung wonten hening, sanjang kaliyan nurani, boten wonten sethithik ragu, budi pekerti ingkang kathah ajaran luhur moral kaliyan etika serta kepasrahan dumatheng Gusti, menika resep ingkang mujarab supados bangsa lan negari saged ngudari ruwet rentenge bangsa lan negara.

Kembang kencur ditandur tepining sumur Sinten jujur, bakal luhur kelawan makmur.

Kembang kencur, gandha sedhep sandhing sumur Kedah jujur, menawi kapengen makmur.

Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi Dados tiyang Jawi, kedah gadhah budi peketi

Vous aimerez peut-être aussi