Vous êtes sur la page 1sur 2

Wilujeng siang para pamirsa, wilujeng pepanggihan kalihan kula Naufal Dzaky Anwari ing pawarta basa jawi

kabar siang lumantar SMANSA TV ANGGARAN DHUWIT BOS MUNDHAK Menteri Pendidikan lan Kebudayaan M. Nuh, Selasa (6/12) ngandharake, dhuwit bantuwan operasional sekolah (BOS) 2012 dijadwalake cair ing kabeh sekolah tanggal 9 16 Januari. Caire BOS taun ngarep, miturut Nuh, bakal luwih cepet katimbang taun sadurunge saenggo ora ana alesan telat kanggo nyalurake menyang sekolah-sekolah. Nuh nambahake, penyaluran dhana BOS taun-taun sadurunge rendhet merga saka pamarentah kabupaten/ kutha sadurunge diecer menyang SD lan SMP. Sing njalari pencairane telat, kandhane Nuh, merga sok nyanthol ing proses penetapan APBD kabupaten/ kutha. Blajar saka kesalahan mau, pamarentah pusat banjur ngowahi metodhe penyalurane BOS, yaiku saka pusat menyang pamarentah propinsi sing sateruse diedum menyang sekolah - sekolah. Wondene tumrap dhaerah kapencil, penyalurane dhana BOS mau bakal diwenehake setaun kaping pindho amrih ora telat. Isih miturut Nuh, ana undhak-undhakan nominal BOS Rp. 16 triliun, taun 2012 iki munggah 43.75 persen dadi Rp 23 triliun. Para pamirsa, mekaten pawarta basa jawi ingkang saged kula aturaken ing siang punika, mugi wilujeng

ingkang sami pinanggih. Tetepo ing SMANSA TV Nuwun.

Vous aimerez peut-être aussi