Vous êtes sur la page 1sur 3

CHOIRIA FITRIYANTI

13020114005/ 2013 A
TEORI KEPRIBADIAN CARL GUSTAV JUNG
SAJRONE CERKAK GOLEK WAH, ENTUK WO
A. PAMBUKA
Miturut teori psikoanalisa saka Jung ana rong aspek sing wigati sajrone kepribadian
yaiku sikap lan fungsi. Sikap kaperang dadi loro yaiku introvertion lan ekstroversion, yen
fungsine kaperang dadi papat yaiku thinking, feeling, sensing lan intuiting.
Thinking
Wong-wong sing nduweni karakteristik mikir ekstrover manut banget karo pamikiran
sing nyata, nanging uga nggunakake ide abstrak yen ide kasebut disa ditransmisekake tumrap
dheweke kanthi langsung, contone saka guru utawa wong tuwa. Dheweke kudu objektif
banget wektu gegayutan karo angka, nanging ora kabeh pamikiran objektif kalebu produktif.
Wong-wong sing nduweni karakteristik mikir introver bereaksi tumrap rangsangan
eksternal, nanging interpretasine dheweke tumrap sawijining kedadeyan luwih ditengenake
dening pemaknaan internal sing digawa menyang awake dhewe tinimbang fakta obyektif sing
ana.
Feeling
Wong-wong kanthi pangrasa ekstrover nggunakake data objektif nindakake evaluasi.
Dheweke ora mesthi dituntun opini subyektife, nanging nilai eksternal lan penilaian standare
sing diterima banget. Dheweke bisa digampangake dening kahanan sosial kanthi mangerteni
wektu sing pas kanggo ngomong sawijine bab lan kepriye carane ngomongake. Dheweke
lumrahe disenengi amarga kabisan sosiale, nanging sajrone dalane kanggo nemokake standar
sosiale, bisa wae dheweke katon ethok-ethok lan ora bisa dipercaya.
Wong-wong kanthi pangrasa introver ndhasarake saperangan gedhe penilaiane ing
persepsi subyektif tinimbang obyektif. Dheweke ora nggatek opini tradisional sarta
kapitayan, ngadohi donya obyektif (kalebu wonge), lan sering banget nyebabake wong ing
sakupenge ngrasa ora nyaman lan bereaksi dingin tumrap dheweke.

Sensing
Wong-wong kanthi sensing ekstrover nrima rangsangan eksternal kanthi obyektif,
kurang luwih padha kaya rangsangan iki eksis sajrone kanyatan. Sensasine ora
dipangaribawani kanthi signifikan dening sikap subyektife. Dheweke luwih peka ing bab
sensori (indriya) tinimbang wong liya.
Wong-wong kanthi sensing introver lumrahe dipangaribawani banget dening sensasi
subyektif pandeleng, pangrungon, rasa, sentuhan lan liyane. Dheweke dipangaribawani
interpretasine tumrap ransangan sensing tinimbang karo rangsangan iku dhewe. Wektu sikap
sensing subyektif kegawa kanthi ekstrem, bab iku bakal nyebabake halusinasi utawa kra bisa
ngomong.
Intuisi
Wong-wong kanthi intuisi ekstravert mesthi berorientasi ing fakta ing donya eksternal.
Dibandhing tumindak sensing kanthi sekabehane, dheweke luwih seneng ngidhentifikasi
fakta kanthi subliminal. Mula amarga rangsangan sensori sing kuwat kerep ngintervensi
intuisi, mula wong sing intuitif menekan sensine lan dipimpin firasat lan pangira sing kontras
yen dibandhingake karo dhata saka indriya. Dheweke bisa nyiptakake samubarang sing bisa
njangkepi kebutuhan saperangan wong sing sadhar yen samubarang iku bener-bener ana.
Wong-wong kanthi intuisi introver dipimpin dening persepsi ketidaksadaran tumrap
fakta sing umume subyektif lan nduweni sethithik utawa malah ora nduwe pepadhan karo
kanyatan eksternal. Persepsi subyektif intuisine kerep digambarake kuwat banget lan bisa
motivasi njupuk keputusan sajrone kadadeyan sing gedhe. Jung percaya yen wong introver
intuitif mungkin ora paham motivasine dhewe kanthi cetha, nanging dheweke kegawa banget
karo intuisine dhewe.
B. ANDHARAN
Adhedhasar teori kapribaden Carl Gustav Jung, paraga-paraga sajrone cerkak Golek
Wah Entuk Wo kapribadene kaya mangkene:
Paraga utama ing cerkak iki yaiku Pak Guru Samiyo karo Bu Ning, sisihane. Pak
Guru Samiyo lan Bu Ning kepengin mbangun omah sing wis arep rubuh iku kanthi cara
utang bank. Saben tahun dicicil banjur utang maneh nganti sasuwene limang taun. Yen
dideleng saka kacamata C.G. Jung, Pak Guru Samiyo lan Bu Ning padha-padha kalebu

introvert yaiku nduweni sikap aliran energy psikis menyang arah njero sing nduweni orientasi
subjektif. Introver nduweni pemahaman sing becik tumrap donya ing pamikirane dheweke.
Wong-wong iki bakal nrima donya njaba kanthi selektif lan kanthi pandhangan subjektife.
Miturut tipologi kapribadene C.G. Jung sing panulis temokake ing cerkak iki, mung
ana fungsi thinking yaiku pamikiran kanthi introvert paraga Pak Guru Samiyo. Kutipane kaya
mangkene:
Wis wis. Wong wedok iki gak gelem petungan karo wong lanang ya ngono kuwi. Tukontukon ya kleru (kolom 3 alinea 5)
Pak Guru samiyo nduwe pamikiran sing subyektif uga sisihane. Loro karone mikir
adhedhasar atine dhewe-dhewe tanpa ngomong utawa njaluk pamawase sisihane. Miturut
konflike cerkak Bu Ning tuku kusen saka bahan kayu kruwing sing umume gampang
dipangan rayap. Tukon-tukon ngono kuwi ora ngomong Pak Guru Samiyo sing mesthine
wong lanang luwih ngerti bab ngono kuwi.
Kutipan ing ngisor iki njangkepi jlentrehan ing ndhuwur.
Pak Guru Samiyo melehake, Lho.. piye omonganku? Mamula tah mamula. Wong
wedok ki ya kudu manut wong lanang, aja mbregudul sak karepe dhewe. (kolom 6 alinea 1)
Miturut unen-unene wong Jawa pancen wong wedok iku kudu manut sing lanang,
supaya ora ndadekake perkara kaya sing ditampa dening Pak Guru Samiyo lan Bu Ning.
C. PENUTUP
Miturut teori Carl Gustav Jung, paraga Pak Guru Samiyo lan Bu Ning, sisihane
kalebu introvert yaiku nduweni sikap aliran energy psikis menyang arah njero sing nduweni
orientasi subjektif. Introver nduweni pemahaman sing becik tumrap donya ing pamikirane
dheweke. Wong-wong iki bakal nrima donya njaba kanthi selektif lan kanthi pandhangan
subjektife.
KAPUSTAKAN
Feist, Jess & Feist J. Gregory (2006). Theories of Personality. New York: Pustaka Belajar:
Penerjemah: Yudi Santoso.

Vous aimerez peut-être aussi