Vous êtes sur la page 1sur 2

AKSARA REKAN

A. Reroncenipun :
1. Aksara rekan cacahipun wonten gangsal, inggih punika : kh, dz, f, z,
gh
Ginaipun aksara rekan dipundamel nyerat tembung manca ingkang
dicethakaken, upami malih tembung Arab. Manawi mboten
dipuncethakaken upami ingkang dipunserat punika tembung manca,
pramila dipunserat ngangge aksara limrah kemawon. Tuladhanipun
kadosta :
a. Khatib upami mboten dicethakaken katib
b. Dzikir upami mboten dicethakaken dikir
c. Faham upami mboten dicethakaken paham
d. Zakat upami mboten dicethakaken jakat
e. Ghoib upami mboten dicethakaken gaib

2. Manawi aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecakipun tiga


wonten saklebeting pepet; upami menawi karaketan sandhangan
wulu, layar utawi cecak , cecakipun tiga wonten saklebeting
panggenan kiwa, sandhangan wulu, layar, utawi cecak wonten ing
tengen.
Tuladhanipun :
Fitrah, farlu, dwifungsi, firman

3. Upami aksara rekan f ingkang wujud kalian pasanganipun pa


cecak tiga aksara rekan mboten kengeng dados pasangan. Manawi
aksara rekan dumunungipun wonten sakwingkingipun wanda sigeg,
sesigegipun wanda punika kedah dipunpangku. Tuladhanipun :
Sampun faham, saweg dzikir, zakat fitrah, sumerep ghaib.

B. Wujudipun Aksara Rekan :

Kanggenipun Aksara Rekan :

1. Aksara rekan kangge nyerat tembung-tembung sakaing manca,


menawi wigati dipuncethakaken.
2. Aksara rekan upami kaserat wonten wanda sigeg ( mandheg ),
menawi pasanganipun kalawau mboten mati pramila kedah
dipunpangku.
3. Aksara rekan menawi pikantuk sandhangan : wulu, pepet, cecak
utawi layar, tandha cecak tumpang tiga wonten sakngajengipun
panggenan kiwa sandhangan.

Vous aimerez peut-être aussi