Vous êtes sur la page 1sur 1

ASAL MULA SENDANG SANI PATI

Rikala zaman biyen,khusus ing tlatah Jawa katah sanget kerajaan-kerajaan Islam khususipun
kerajaan Demak kang kapimpin dining Raden Patah.Ing Demak misuwor para wali kang giat
nyebarake agama Islam kanthi cacah songo sehingga terkenal kanthi asma wali songo
satunggaleng cacah songo wonten kang asma Sunan Bonang. Salah sak wijining dinten
Sunan Bonang ajeng tindak ing Gunung Muria manggihi Sunan Muria, Sunan Bonang
diderekake abdinipun kang cacah loro ing tengah perjalanan Sunan Bonang ngersakake toya
amargi perjalanan tebih lan srengenge ingkang benter sanget sak lajengipun Sunan Bonang
ngutus abdinipun pados toya kangge diunjuk lan wundhu. Abdi kasebat diparingi petunjuk
anggonipun pados toya ing ngandape taneman kang gedhe, supadhos gampil anggene makarya
Sunan Bonang maringi abdinipun kaliyan tongkat sekti kangge nancepake ing sak ngisore uwit
kalawau.Mboten gantalan dinten kasekten tongkat kasebat kasunyatan lan ajaib sakig pangenan
menika medalake toya kang mili terus hingga ndadekake panggenanipun malih dados
sendang.Saking senenge manah abdi kekalih supe dining pesen ipun Sunan Bonang piyambake
teng sendang kanthi bebungah ngunjuk toya lan ciblon ngilangake kalungrahan. Amargi
dangu para abdi mboten ketingal hingga Sunan Bonang madosi abdi kekalipun, sak sampunipun
kepanggih Sunan Bonang kaget amargi kekalihipun nembe bebingah ciblon.Saking gerah
penggalih Sunan Bonang nyabdo abdi kekalih dados bulus amargi sampun nglirwake pesene
Sunan Bonang. Abdi Sunan Bonang ingkang sampun dados bulus mboten dikeparengake
derek nerusake lampah teng Gunung Muria nanging dipunutus nengga sendang kalawau.Mula
dining Sunan Bonang sendang menika dipun paringi asma Sendang Sani

Vous aimerez peut-être aussi