Vous êtes sur la page 1sur 2

ATUR PAMBAGYAHARJA

Assalamualaikum Wr.Wb.

Karaharjan,katentreman,kawilujengan,rohmat saha berkahipun Gusti mugi tansah


kasarira kita sedaya.

Para sesepuh,para pinisepuh kakung putri ingkang tansah kula bekteni,para tamu
kakung putri ingkang bagya mulya,sarta ingkang para ingkang sami rawuh ingkang luhur
ing budi.

Minangka pambukaning atur,mangga kita sedaya kula dherekaken tansah


angonjukaken pudyastuti,puji syukur konjuk wonten ngarsa Dalem Alloh SWT,Gusti ingkang
maha mulya,jalaran kita sedaya tansah pinaringan kasarasan,kakiyatan,saha karahayon
temah sami saged rawuh wonten dalemipun Bapak lan Ibu Supadi ing Sukoharjo.

Para tamu kakung putri inngkang luhur ing budi,kula minangka sulih sarira inggih
talanging basa Bapak lan Ibu Supadi.Ingkang ing wekdal menika nembe angayahi
darmaning asepuh saperlu miwaha suta mahargya atmaja putra putrinipun estri ingkang
sesilih Rara Ririn Dwiyani ingkang dhaup kaliyan Bagus Andhi Putranipun Bapak saha Ibu
Suradi saking Wonogiri.

Sepisan : kula angaturaken pambagya sugeng rawuh,saha angaturaken agunging


panuwun ingkang tanpa upami,dene panjenengan sedaya sampun kersa angonggaraken
panggallih,anyisihaken wekdal keparengrawuh angestreni Ijab(kalajengaken
panggih).Saprelu paring pangestu saha puji pandonga dhumateng penganten kekalihipun
Bagus Andhi putranipun Bapak lan Ibu Suradi,kaliyan Rara Ririn Dwiyani.Inggih jalaran puji
pandonga panjenengan sedaya lumampahipun Ijab saha Panggih saged kalampahan kanthi
rancag,wilujeng kalis saking rubeda.Ingkang menika kula suwunaken tambahing
pangestu,mugi-mugi penganten sarimbit sageda lestari,widada,mulya,tumuli atut
runtut,runtung-runtung rerentengan.Temah pinareng ambabar wiji dadi ingkang nerusaken
sujarah inggih turunipun ingkang sami bebesanan.

Para tamu kakung putri ingkang kula bekteni,kaping kalihipun Bapak saha Ibu Supadi
sanget ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami katur para tamu,para sanak
kadang,tangga tepalih,dene panjenangan sedaya sampun kepareng aparing tandhasih
ingkang awujud menapa kemawon,sedaya kalawau minangka paseksen agenging
katresnan panjenengan dhumateng penganten sekaliyan dalah tiyang sepuhipun.Mugi-mugi
sedaya kasaenan panjenengan kalawau pikantuka nugraha ingkang leliru saking pangeran
ingkang sakelangkung kathah,jumbuh lan timbang kaliyan luhuring budinipun para ingkang
sami rawuh.

Para tamu sinedhahan kakung putri ingkang tansah kula bekteni,Bapak saha Ibu
Supadi ingkang ambawani damel ing dalu menika,nadyan sampun kabiyantu para pamong
ingkang kapiji,sarta karancang murih raras,runtut saha rancaging pasamuan.Ewadene
dumugining gati sami dipunrumaosi taksih kathah kakiranganipun,kirang pantesing
bojakrama lan subasita.Bapak saha Ibu Supadi kanthi raos prihatos,mugi para tamu kersa
angluberaken samodraning pangaksama.

Wasana ing pangajab,mugi panjenengan sedaya taksih kersa lan kepareng


nglajengaken lelenggahan kanthi lega legawaning penggalih dumugi pariurnaning wiwahan
ing dalu menika,murih saya nambah raket supeket anggenipun sami kekadangan,sarta
mangga kadherekaken sesanti:samsaya rahayu winantu ing sukarena.
Sedaya kakirangan,kalepatan,saha kuciwanipun anggen kula matur,kula tansah
nyuwun lumunturing semodra pangaksama.

Matur Suwun.

Wassalaualaikkum Wr.Wb.

Vous aimerez peut-être aussi