Vous êtes sur la page 1sur 5

AKHIR DZIKRUL GHOFILIN

#


Aamiin Ya Allah duh Gusti kang melasi | Njenengan Maha Loma, aris, lan mitulungi
Aamiin Ya Allah Yang Maha Menyayangi | Engkau Maha Pemurah penolong bagi kami



#




Duh Gusti kula nyuwun sehat manah lan raga | lan waras badan kula, putra, lan keluarga
Ya Allah aku pinta sehat jiwa dan raga | serta terjaga badan, sanak dan keluarga

#




Lan panjang umur kanti sempurna istiqamah | kareksa saking ujub, gumedhe, drengki manah
Kuharap panjang dan istiqamah umur ini | terjaga dari 'ujub, sombong dan dengki hati


#





Lan rizqi halal ingkang jembar tan kekirangan | kang mitulungi kula ing margi kaleresan
Kumohon rizqi halal, luas, tak kekurangan | sebagai penolongku berbuat kebaikan

#


Duh Gusti nyuwun ngertos ating haq Panjenengan | sageta njumenengi kanthi anugrah Tuan
Ajarkanlah padaku hak-Mu duhai Tuhanku | agar bisa kupenuhi sebab anugrah-Mu

#





Lan nyuwun ngertos dateng haqipun Kanjeng Nabi | sageta njumenengi ingkang tuan ridhoni
Dan ajarkanlah padaku hak Baginda Nabi | untuk menggapai cinta dan ridha dari Nabi


#

Lan mugi paring ngertos haqipun tiyang Islam | sageta njumenengi kula dateng haq adam
Dan tunjukkanlah kepadaku hak umat Islam | tuntun langkahku 'tuk penuhi hak anak adam

#


Selawat salam mugi katur dateng Jeng Nabi | keluarga sedaya, Puji Lillahi Robbi
Shalawat salam tetap tercurah bagi Nabi | dan keluarganya, bagi-Mu segala puji

Sajak Kedua | Susunan KH Hamim Jazuli Kediri (Gus Miek):



#


Duh Gusti ingkang aris, asih, kang angratoni | naming nyuwun ing Tuan dzat ingkang mitulungi
Duhai Yang Mahabijak, Kasih, nan Maharaja | hanya mohon pada-Mu duhai penolong hamba


#


Duh nyuwun langgeng dzikir saha dzikrul ghofilin | mugia kita kempal tiyang sae faizin
Smoga Dzikrul Ghofilin kami terus bersambung | kumpulkan kami bersama orang yang
beruntung

#



Duh Gusti ngaturaken apese badhan kula | mugi paring ngapunten lan sae dateng kita
Gusti, aku bersimpuh dengan kelemahanku | hapuskan segala dosa dan sayangi aku

#
Mugia kula langgeng marifat dateng Tuan | tansah pinanggih kula dateng ngarsa Pangeran
Duh Gusti karuniakan ma'rifat padaku | kenikmatan berjumpa s'lalu di hadirat-Mu

#


Duh Gusti nyuwun langgeng emut ing Panjenengan | saha tansah nyukuri sedaya kenikmatan
Tuntun aku 'tuk mengingat-Mu sepanjang masa | dan selalu bersyukur atas nikmat yang ada

#


Duh Gusti Dzat Kang Loma paring kenikmatan | duh Gusti ingkang Asih paringa kawelasan
Duhai Mahamulia curahkan kenikmatan | duhai Maha Pengasih curahkan kasih sayang


#


Duh Gusti ingkang welas, kang kiyat, lan waspada | nyuwun wilujeng saking sedaya pancabaya
Duhai Yang Mahalembut, Maha Mengetahui | Mahakuat, singkirkan marabahaya kami

#




Pangeran Panjenengan dandosi kula niki | lahir batin sarana manah sae kang suci
Duh Gusti perbaiki kami jiwa dan raga | serta prasangka baik di dalam hati hamba

#

Duh Gusti Mahaagung nyuwun tetepe iman | dateng kula sadaya paring kanugrahan
Duhai Yang Mahaagung, tetapkanlah imanku | duhai Maha Pemberi limpahkan anugerahmu

#


Pangeran Mahapirsa nyuwun kula sedaya | ilmu lan amal kula dados mlebet suarga
Duhai Yang Mahatahu keadaan hamba-Nya | tuntun kami pada ilmu dan amalan surga

#

Pangeran Maha Loman, Suci, lan sineja | mugi kula sedaya dadosa tiyang beja
Dengan kemuliaan-Mu duhai Yang Mahaesa | jadikanlah kami kaum yang berbahagia


#




Duh Gusti Mahamireng, Mirsani, lan Ngijeni | nyuwun kula ing nikmat ingkang tanpa ngitungi
Gusti Yang Maha Melihat, Mendengar dan Tunggal | limpahkan nikmat yang tak dapat dihitung
akal


#





Njenengan lamon kersa Wujuda! nuli ana | boten wonten halangan Njenengan lamon kersa
Engkau titahkan Jadi! maka jadilah ia | tak ada penghalang bagi-Mu Mahakuasa



#

Duh Gusti Dzat kang sugih, pinuji, lan ngerizqini | nyuwun kula mung slamet dunia akherat sami
Duhai Yang Mahakaya, Maha Pemberi rizqi | s'lamatkan kami di dunia dan akhirat nanti

#




Kelawan Asma Agung Tuan mugi hasil sedaya | seja sageda eling lan syukur sediakala
Dengan Nama Agung-Mu sampaikan tujuanku | 'tuk selalu ingat dan syukur sepanjang waktu


#





Duh Gusti ingkang Luhur, Agung, Murbamesesa | nyuwun slamet kula sedaya saking pancabaya
Duhai Yang Mahatinggi, Agung lagi Perkasa | selamatkanlah kami dari duka nestapa


#




Duh Gusti ingkang paring sedaya hajat kula | mugi nginggahna kula ing drajat luhur mulya
Duhai Yang Mahadamai, Pemenuh kebutuhan | angkatlah kedudukan kami di sisi Tuan


#
Duh Gusti Awal Akhir nyuwun kula sedaya | karidhan Tuan sarta baguse tekad kula
Duhai Awal dan Akhir kumohon keadilan | serta kerelaan dan kokohnya keyakinan


#



Pangeran Mahaluhur mugi paring pangreksa | slamet saking sedaya pekewuh lan pengrisak
Yang Mulia, tolong kami dari kerusakan | selamatkan dari bencana dan kehancuran


#

Saestu leres dhawuh Tuan wonten ing Quran | sapa wonge marifat mlebu suarga Tuan
Sungguh benar Firman-Mu dalam Kitab Pembeda | orang yang mengenal-Mu ialah ahli surga


#


Al-Quran Dhawuh Allah, Gusti kang Mahawelas | mugi dados lantaran mlebet suarga firdos
Al-Quran Firman-Mu Duh Gusti Yang Mahawelas | masukkan kami ini ke dalam surga Firdaus



#

Duh Gusti Dzat kang ngreksa, nulung lan kapercaya | mugi paringa berkah dateng kula sedaya
Duhai Maha Penjaga, Penolong, Terpercaya | curahkanlah berkah-Mu bagi kami semua

Vous aimerez peut-être aussi