Vous êtes sur la page 1sur 2

Ing salah sawijining dina, Sunan Bonang arep sowan ing Gunung Muria.

Sunan Bonang arep ketemu karo Sunan Muria. Dheweke dikancani karo abdine
loro. Amarga kahanan panas,Sunan Bonang lan rombongane ngelak,
rombongan mau akhire leren. Wes le, awake dhewe leren sek neng kene,
Sunan Bonang ngutus para abdine. Nggih mbah Yai, jawab para abdi.

Rombongan mau pada leren, karo leren Sunan Bonang ngendika,


Awakmu ora pada ngelak ?. Kula nggih ngelak mbah, Panjenengan pripun
?. Jawab salah sawijining abdi. Aku yo ngelak. Banjur Sunan Bonang ngutus
para abdi mau nggolek banyu kanggo wudlu, amarga wektu wes kalebu dzuhur.

Sunan Bonang ngendikan, Kuwe wong 2 goleko banyu kanggo ngumbe.


Iki wes wayah bedug, goleko banyu sisan kanggo wudlu. Nggih mbah Yai.
Goleko wit pedhih, ono sangisore wit pedhih, biasane akeh banyu. Duduken
lemahe. Pripun carane mbah. Iki tak gawani tongkatku, yen wes ketemu,
tancepake tongkat iki ing sangisore wit pedhih mau. Ojo lali, kabari aku yen
wes ketemu sumber banyu.

Sawise diwenehi ancang- ancang,abdine Sunan Bonang mau lungo. Abdi 2


mau golek wit gedhe sing diutus Sunan Bonang. Ora ketok suwe, wit mau
akhire ketemu. Kang, ono wit gedhe kang. Abdi 1 dudohi abdi 2. Wiiiih....,
iyo dek, ayo tancepake tongkat iki ing sangisore wit pedhih iku., jawabw abdi
loro.

Banjur abdine Sunan Bonang nancepake tongkat sing diparingi Sunan


Bonang mau. Ajaib kanca-kanca, Ing panggonan kuwi mau metu sumbere.
Banyu mili terus ora ono mandeg-mandege. Mula, panggonan mau dadi
sendang (telaga).

Vous aimerez peut-être aussi