Vous êtes sur la page 1sur 6

TUGAS KETERAMPILAN MENULIS II

Disusun guna memenuhi tugas Mata Kuliah Ket. Menulis II

Yang diampu Dosen Dra. Raheni Suhita, M.Hum

Oleh :

NURIANA MAWARDANI

K4211034

PENDIDIKAN BAHASA JAWA

FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU KEPENDIDIKAN


UNIVERSITAS SEBELAS MARET
SURAKARTA
2012
Legenda Mula Bukaning Alas Jati Donoloyo

Salah sawijining obyek wisata wonten ing wewengkon Slogohimo yaiku Alas Jati
Donoloyo. Wewengkon Slogohimo menika tasih kalebu Kabupaten Wonogiri kang dumunung
ing satengahing Jatisrono lan Purwantoro. Ing Alas Donoloyo kang kathah wit-witan jati menika
nggadhahi cariyos legenda ingkang njalari alas menika saged dados. Mula bukaning Donoloyo
yaiku asmanipun alas ingkang dumunung wonten ing sapinggiring kali Bengawan Solo. Banjur
asma menika dipunginakaken marang masarakat ing sakupenging alas kangge nyebat tiyang jaler
kang sekti mandraguna lan mbabat alas, kang dipunwastani Ki Ageng Donoloyo.

Ki Ageng Donoloyo yaiku prajurit Majapahit kang keri saking pasukanipun ing
wewengkon Wonogiri wetan, mliginipun ing desa Sambirejo kecamatan Slogohimo pramila
panjenenganipun boten kondur ing prajanipun ananging wonten ingkang menehi piweruh sanes
menawi panjenenganipun boten kondur amargi badhe tapa angudi kasampurnaning dumadi.
Ingkang sanes ugi nedahaken menawi panjenenganipun boten kondur amargi wonten prang
sedulur lan oyakan saking praja Islam Demak. Miturut tiyang sanes ugi wonten yaiku Ki Ageng
tasih sadulur raket kaliyan Airlangga, panguwasaning Majapahit lan Ki Ageng menika
dipunwenehi wewengkon kang dipun dadosaken desa kayata Gajah Mada.

Ing alas menika Ki Ageng Donoloyo boten piyambak ananging kaliyan prajurit sanesipun
inggih menika Ki Ageng Sukoboyo. Ki Ageng Sukoboyo nggadhahi watak galak, remen menang
piyambak benten kaliyan Ki Ageng Donoloyo. Saklajengipun panjenenganipun kekalih mencar
madosi wewengkon piyambak-piyambak ingkang badhe dipundadosaken papan panggonan
(griya). Ki Ageng Donoloyo tumuju mangulon (kulon) lan Ki Ageng Sukoboyo tumuju mangalor
(Lor) ing alas Sukoboyo sakbibaripun prang sakedhik ing satengahing alas.

Banjur Ki Ageng Donoloyo dipunpadosi kaliyan mbakyunipun ingkang pungkasan dados


garwanipun Ki Ageng Sukoboyo. Prekawis menika njalari raketing paseduluran Ki Ageng
Donoloyo lan Sukoboyo malih. Ananging wonten prekawis malih ingkang ngrusak paseduluran
menika yaiku nalika Ki Ageng Donoloyo rawuh dhateng griyanipun Ki Ageng Sukoboyo kangge
nemoni mbakyunipun ingkang sampun dangu sanget boten kepanggih. Ing margi celak
griyanipun Ki Ageng Sukoboyo, Ki Ageng Donoloyo kepranggul kaliyan wit gedhe dhuwur lan
miyosaken sumunaring cahyo ananging boten mangertos naminipun wit menika. Banjur
panjenenganipun nyuwun pirsa lan dipunwenehi piweruh bilih wit menika dipunwastani wit
Jati, wit ingkang nggadahi kualitas sae (sejatosipun kayu) ing Kedhuang Ombo (tanah Jawi)
lan boten saben tiyang saged nanem wit menika.

Sakbibaripun weruh wit menika, Ki Ageng Donoloyo kepengin nyuwun klentheng (woh
kayu jati) marang Ki Ageng Sukoboyo ananging boten pikantuk. Banjur panjenenganipun
wangsul tumuju griyanipun (alas Donoloyo). Ing satengahing margi, panjenenganipun diceluk
kaliyan mbakyunipun (garwa Ki Ageng Sukoboyo). Mbakyunipun ngendika menawi Ki Ageng
Donoloyo kepengin klenthengipun Jati, Ki Ageng didhawuhi rawuh malih ing satunggal wulan
ngarep lan ngasta teken (tongkat) saking pring wuluh kangge ndelikaken wohipun jati.

Saklajengipun Ki Ageng Donoloyo saged mundhut kalih (2) klentheng / woh jati saking
kebonipun nalika Ki Ageng Sukoboyo lan Donoloyo guneman ing sakngisoring wit jati
karemenanipun Ki Ageng Sukoboyo. Banjur Ki Ageng wangsul kanthi cekat-ceket. Ing alas
Denok (sakmenika dados desa Made), Ki Ageng leren ing sakngisoring wit ringin/bulu lan
satunggal wohipun dhawah lan urip dados wit gedhe kang nglilit wit ringin/bulu wau. Jati
menika dipunwastani Jati Denok. Minangka satunggal wohipun dipuntanem ing alas Donoloyo
kang dipunwastani Jati Cempurung kang saklajengipun dipunginakaken kangge soko guru
pambangunan Masjid Demak kaping pisan. Jati Cempurung menika nduweni kaunikan yaiku
ditanem sonten, enjing gedhe dhuwur godhongipun kalih.

Ki Ageng Donoloyo dhawuh marang masarakat supadhos boten ngasta utawi nyade wit
jati saking Donoloyo marang tiyang ing lor margi (sakmenika margi Wonogiri-Ponorogo) jalaran
badhe wonten lelayon, kayu jati menika bakal dados jengges tenung (santhet). Jati saking alas
Donoloyo anggadhahi growong ing satengahing pang jalaran Jati Cempurung menika yaiku kasil
njupuk/nyolong. Wonten ugi cariyos nalika keraton Surakarta njupuk kalih wit jati saking alas
Donoloyo, wit menika saged bali ing alas jalaran dielek-eleki salah sawijining abdi dalem
keraton. Jati menika bali mring sisih kulon alas Donoloyo mliginipun desa Pandan.

Wonten cariyos malih bilih rawuh utusaning Raden Patah saking Praja Demak ingkang
nemoni Ki Ageng Donoloyo kangge mundhut wit jati kang dipuntanem kanthi rega sakinten-
kinten. Ki Ageng Donoloyo sarujuk ananging boten nyuwun punapa-punapa. Panjenenganipun
namung nyuwun sarat inggih menika nalika Lemah Kedhuang Ombo (tanah Jawi) menika
wonten pagebluk nyuwun kalis lan boten angsal kangge papan paprangan. Lan Raden Patah ugi
sarujuk. Raden Patah ngutus Wali Songo mbabat Jati Cempurung menika lan cara kangge ngasta
kayu jati tumuju Demak jalaran wit jati menika ageng sanget (sakmenika desa ingkang dipun
ginakaken rembugan wali dipunwastani desa Pule kecamatan Jatisrono, saking tembung
Ngumpule tegese kumpul kangge rembugan). Banjur Jati Cempurung kalawau dipun larung
ing kali Bengawan Solo nalika wayah rendheng. Jati Cempurung kang dipun larun menika pang
pucukipun dhawah ing desa kecamatan Sidoarjo pramila desa menika dipunwastani desa Pucuk.

Sakbibaripun kedadean menika, Ki Ageng Donoloyo boten ketingal malih. Kathah tiyang
ingkang ngendika menawi Ki Ageng menika moksa ilang bareng kaliyan raganipun.

Menika legenda Alas Jati Donoloyo ing tlatah Slogohimo Kabupaten Wonogiri, mugi-
mugi saged nambah piweruh babagan karagamaning budaya daerah ingkang dereng dipun
sumerepi kathah tiyang.
Unsur nilai-nilai yang terkandung dalam legenda

Alas Jati Donoloyo

Dari cerita legenda diatas, terdapat nilai-nilai yang terkandung di dalamnya yaitu :

1. Nilai agama/religius : nilai agama yang terkandung dalam legenda diatas diantaranya ;

a. Adanya suatu alasan Ki Ageng Donoloyo untuk menetap di hutan Donoloyo yaitu
untuk mencari keabadian hidup dengan bertapa kepada Sang Hyang Widhi.

b. Adanya suatu kepercayaan bahwa Ki Ageng Donoloyo melarang warga sekitar


hutan untuk membawa atau menjual pohon jati dari Dooloyo kepada orang utara
jalan sebab hal itu akan berdampak kematian karena kayu akan berubah menjadi
jengges tenung (santhet) pada yang membawa atau menjual.

c. Kepercayaan tentang pohon jati dari hutan Donoloyo yang kembali lagi ke
asalnya setelah dicemooh seorang abdi dalem (kerabat keraton) saat keraton
Surakarta membutuhkan dua batang pohon jati.

d. Ada juga kepercayaan banyak orang tentang Ki Ageng Donoloyo yang akhirnya
telah moksa dan hilang bersama raganya.

2. Nilai sosial : nilai sosial dalam legenda ini ada hubungannya dengan musyawarah yaitu
ketika Wali Songo diutus oleh Raden Patah untuk menebang Jati Cempurung. Sebelum
menebang diadakan rembug desa/musyawarah desa mengenai cara membawa pohon ke
Demak karena ukuran pohon yang sangat besar. Hal ini mencerminkan adanya nilai
sosial antar individu berupa musyawarah desa untuk mencapai mufakat.

3. Nilai Moral : kandungan nilai moral dalam legenda tersebut diantaranya ;

a. Terjadi suatu pertengkaran antara Ki Ageng Donoloyo dengan Ki Ageng


Sukoboyo untuk berebut wilayah yang kelak akan didiami. Karena watak Ki
Ageng Sukoboyo yang keras berbanding dengan Ki Ageng Donoloyo yang
mengakibatkan hubungan persaudaraan mereka renggang.
b. Ki Ageng Donoloyo yang ingin memiliki pohon jati berkualitas baik dengan
terpaksa mencuri dua biji jati dari pekarangan Ki Ageng Sukoboyo atas bantuan
kakaknya sekaligus istri dari Ki Ageng Sukoboyo.

4. Nilai pendidikan : ada pula nilai pendidikan dari legenda tersebut yaitu adanya
wulangan atau nasihat dari Ki Ageng Donoloyo kepada Raden Patah dari Kerajaan
Demak bahwa jika ingin membeli jati dari hutan Donoloyo harus memenuhi sebuah sarat
yaitu jika di tanah Jawa ini ada paceklik maka harus segera diatasi dan jangan dijadikan
sebagai ajang peperangan.

5. Nilai estetis : adanya beberapa keunikan serta keindahan dari pohon jati tersebut
diantaranya pohon tersebut seperti mengeluarkan sinar, Jati Cempurung memilki
keunikan sore ditanam paginya sudah tumbuh dengan berdaun dua lalu semua jati dari
hutan Donoloyo memiliki ciri growong di tengah batangnya sebab induknya (Jati
Cempurung) adalah hasil dari mencuri.

Sumber : http//philosophia-boemibatja.blogspot.com

Diakses pada tanggal 18 Apri 2012 pukul 12:24

Vous aimerez peut-être aussi