Vous êtes sur la page 1sur 7

UNSUR INTRINSIK CERITA CERKAK NDARA

PUSPA
1. Judul :
Ndara Puspa
2. Underan :
Sepedha motor anyare Ndara Puspa kang
angsal hadhiyah saking bank ilang
dipundhut maling.
3. Paraga :
Ndara Puspa
Garwane Ndara Puspa
Rusti
4.Watak :

Ndara Puspa :
Seneng ngalah
Bukti ukarane : katujune sadurunge kaladuk
ngambra ambra , Ndara Puspa pilaur ngalah.
Kenceng/ atos
Bukti ukarane :suwe ora oleh wangsulane
sepisan maneh Rusti njempling rada sora,
Bapak....!. Ndara Puspa muntab , kanggol anggone
dhahar , genti gebrak meja.

Garwane Ndara Puspa


Canthas lan bantas
Bukti ukarane : Dhasar wong-wongane canthas
lan bantas pisan.

Mbrengkelo
Bukti ukarane : lho , Nok. Ibumu kuwi yen
ditituri ajeg mbrengkelo. Wuwuhe Ndara Puspa
sambi nyawang anake wadon.
Rusti
Luwih mbelani ibune
Bukti ukarane : Ditambahi gendhis dhewe rak
saged ta ,pak , ucape Rusti setengah mbelani ibune
kang lagi ketidan awu anget.
Durung bisa tata krama
Bukti ukarane : Bocah rak urus. Pasaku seprane-
seprene kok during bisa tata jalma, gremenge Ndara
Puspa.

5. Alur :
Cerkak niki alur ipun maju. Wiwit saking
perkenalan ngantos pungkasan perkara kang
dilakoni para paragane.

6. Latar :
Latar panggoman : Griyane Ndara puspa.
Latar wektu : Esuk
7. Sudut pandang :
Paraga katelu sarwa weruh.
8. Amanat :
Dadi makhluk niku kedhah ngucap syukur kagem
nikmat ingkang empun diparingake ALLAH.
Aja seneng ngrasani tangga kang nembe angsal
kasenengan utawi kasusahan.
Nalika gadhah sepedha motor ampun kekerepen
dikumbah amergo bisa gampang rusak.
Nalika nembe dhahar ampun sami guneman amargi
mboten sae.
Rikala kekancan ampun mbedakake drajat lan semat.
UNSUR EKSTRINSIK CERITA CERKAK NDARA PUSPA
1. Nilai moral :
Apa iki sing jenenge barokah ? jan
Dhuwit sithik ning torah ? Yen dhong
kecenthol butuh mirunggan,kok ya
ana-ana wae rejeki sing ngampiri cekak
cukupe , kanti dilakoni smadya, ora
susah ndadak nganggo ngaya apa
maneh ngangsa-angsa , bale somahe
Ndara Puspa kacukupan najan ora
mubra-mubru.
Ora kaya ningrat liyane sing biasane
kumingsun,Ndara Puspa kalebu blater.
Srawunge trapsila nyumedulur , tanpa
mbedakake drajat lan semat.
Tetep ngucapke syukur nalika
rampadan kang dicepake namung
biasa.
Mangan kuwi ora waton ngemplok
nganti wetheng mbedhudhung. Nangin
luwih saka iku , nyukuri paringe Gusti
Kang Murbeng Dumadi.
Manut Ndara Puspa wong mangan
kuwi ora ilok sinambi ngobrol
geguyonan.
2. Nilai kabudayan :
Biyasane urip ing warga mipik barang ,
tanga liyane padha pating jrabing.
Nyuguhi tamu wedang saanane iku ora
becik.
Kahanane saweneh balesomah iku bisa
katitik saka unjukan sing disuguhake
marang tamune. Yen wedange anget ,
legi, sepet tur kenthel pisan kene di
badhe keluarga kuwi harmonis.
Yen tangi esuk aja nganti kadhisikan
pitik supaya gangsar olehe ceceker
rejeki.
3. Nilai sosial :
Saiki endi ana bank sing aweh
hadhiyah ? pamrihe supaya para
nasabah kepencut nyimpen dhuwite
ana kono.

4. Nilai pendidikan :
Ulam niku jalaran mboten nate mentas
saking toya dados amis . Ngoten ugi
sephedha motor. Kekerepen dikumbah
gek-gek malah mambu .
UNSUR INTRINSIK DAN EKSTRINSIK
CERKAK BAHASA JAWA

Disusun oleh :
1. Alfadilah Eka Ristianto( 03 )
2. Ariel Pratama ( 06 )
3. Dito Yusuf Saputra ( 10 )
4. Junian Cahyanto W ( 15 )
5. Nikmatur Rahma L W ( 24 )
6. Nur Aza ( 25 )
7. Rara Nindyahayu K D ( 27 )
8. Shima Ramadani ( 29 )
9. Yesi Mekarsari ( 30 )
10. Yosiani Ernanada ( 31 )
11. Yovita Oga Odelia ( 32 )

SMA NEGERI 1 REMBANG


2013/2014

Vous aimerez peut-être aussi