Vous êtes sur la page 1sur 1

PARIWISATA MENYANG JAKARTA- BANDUNG

Nalika aku kelas 8 smp,ono kegiatan pariwisata kang tujuane menyang


Jakarta-Bandung.Pariwisata iku dianakake nalikane wulan maret yaiku suwene 4
dina. Seneng atiku nalika diparingi pawarta karo ketua osis,ngenani arep
dianaake pariwisata sak rampunge ulangan semester siji.
Sadurunge lungo pariwisata para siswa diwajibke nabung kanthi tujuanne
ngentengke anggone bayar biaya pariwisata.Dadine aku lelungan wis nyicil ayem
amarga sanguku wis cukup kanggo tuku jajan minangka oleh-oleh kanggo
sedulur lan wong tuaku.
Seneng atiku nalika arep numpak bis pariwisata,piranthi sing kudu
daksiapake tak cateti kareben ora ono sing ketinggalan.Sajroning perjalanan aku
ora lali dungo supaya diparingi keselamatan anggone menyang lan mulihe ora
ono rubedha opo-opo kabeh sarombongan siswa smp.
Ora kroso anggonku perjalanan wis krungu adzan magrib ,kabeh siswa
mudun menyang masjid nglakoni sholat jamaah.Rampung sholat aku lan kancaku
foto-foto ono ing sekitare masjid.Wektu iku aku moto menara kang ono ing mburi
bangunan masjid.Ora suwe ketua rombongan menehi pengumuman supaya cepet
numpak bis lan nutukke perjalanan menyang hotel.
Sawise menyang hotel kabeh murid padha resik-resik awake kareben
seger.Amarga awake padha kesel kabeh pak guru lan bu guru ngajak poro murid
supaya turu nang kamare dewe-dewe ojo nganti ono seng kawanen anggone
tangi.
Sabanjure pariwisata ditutukke menyang DUFAN, ANCOL, MUSEUM KEONG
MAS, CIBADUYUT lan liya-liyane.Nalika ono ing wahana pariwisata akeh banget
ilmu seng tak terima kanggo awakku dewe lan kanca-kancaku seng urung tau
menyang Jakarta. Ora lali aku tuku oleh-oleh kanggo sedulu Ora lali aku tuku oleh-
oleh kanggo sedulur lan wong tuaku ning CIBADUYUT kareben seneng atine.

Vous aimerez peut-être aussi