Vous êtes sur la page 1sur 6

SOAL BAHASA JAWA KELAS XI

I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang
kokanggep bener!

1. Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati.
Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati.
Boten katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu
ing karaharjan.
Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng
ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan
kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah
kabahagyan.
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
2. Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri
kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos
dipunanggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita
inggih saged damel aruming bangsa.
Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
3. Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula,
kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya.
Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau
nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
4. Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus
karo interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug
bebarengan antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
5. Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana jan-janan
luwih dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku
tumuju ana ing montore arep bali, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
6. Wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa
panemuinterviewee babagan sawijing masalah utawa prastawa, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
7. Wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan
panemuinterviewee. Pawarta kang diasilake awujud profil interviewee, ing antarane identitas
diri, lelakon uripe, lan panemu-panemune kang ana kaitane karo prekara aktual utawa
prekara kang cundhuk karo profesine, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
8. Wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interviewee kang mapane
pisah, kang antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta kang bakale ditulis,
diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
9. Setitekna geguritan iki!
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa


Agawe pangungun sadawane gili
Wasana …..
Den semu
Geneya …..?

Panjeriting lintang wengi


Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
…… miris ……… jebul datan anyandhak
Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku …
a. lintang kang njerit d. langit kang kebak mendhung
b. swasana kang peteng e. ora katon srengenge
c. lintang kang abyor
10. Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah
rinasa yaiku …
a. kringet d. angin
b. getih e. geni
c. sirah
11. Wos surasane paragraf kapisan yaiku ….
a. Rasa seneng d. rasa miris
b. Rasa kangen e. rasa tresna
c. Rasa kaget
12. Wos surasane paragraf kapindho yaiku ….
a. Rasa seneng d. rasa miris
b. Rasa kangen e. rasa tresna
c. Rasa kaget
13. Kang dadi tema geguritan ing dhuwur yaiku …
a. kluwarga d. pitutur kang becik
b. lingkungan e. panguripan
c. kabudayan
14. Medharake utawa mahyakake utawa ngandharake utawa njlentrehake sabda utawa surasa
utawa isi utawa kawigaten (amanat) marang wong liya yaiku diarani ….
a. Tanggap wacana d. wara-wara
b. Kampanye e. sayembara
c. Atur-atur
15. Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane sawijining amanat utawa pesen
kang dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana yaiku ….
a. Sesirah (judul) d. Surasane wedharan
b. Tema e. Basa
c. Subtema
16. Cengkorongan panulise tanggap wacana kang surasane purwaka, bab-bab kang wigati
karembug, undheraning rembug, kesimpulan, panemu pamedhar sabda, wasana rembugan
kang bisa urut, imbang, gembleng, nalar, nyata, sarta migunani yaiku ….
a. Sesirah (judul) d. Surasane wedharan
b. Tema e. Basa
c. Subtema
17. Dene wose medhar sabda kang surasane njumbuhake karo kahanan yaiku …
a. sapa kang medhar sabda
b. sepira bayarane
c. apa kang kawedhar
d. kepiye swasanane
e. kepiye tujuwane medhar sabda
18. Dene perangane teks tanggap wacana kang isine mbagekake lan ngucapake syukur yaiku
a. Pambuka
b. Panutup
c. Salam panutup
d. Surasa basa
e. Satata basa
19. Paragraf ingkang titikanipun ukara baku mapan wonten perangan kawitan paragraf lan
kawiwitan saking ukara ingkang asipat umum dhateng mligi inggih punika paragraf ………….
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
20. Sinta ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih dadi
siswa teladhan amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib, lan ora tau
nglanggar aturan sekolah. Pratelan kasebut diarani paragraf …
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
21. Ora bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi, lan ora bisa diwenehi pangapura iku
tumindake manungsa kang ora bener tumraping kekancan, apamaneh ing ngarsaning Gusti.
Pratelan punika kalebet paragraf …
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
22. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben sagatra
yaiku ….
a. Guru wilangan d. purwakanthi
b. Guru lagu e. dong-ding
c. Guru gatra
23. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada yaiku
….
Pratelan kasebut minangka sawijining tuladhane ….
a. Guru wilangan d. purwakanthi
b. Guru lagu e. dong-ding
c. Guru gatra
24. Ing ngisor iki diarani tembang macapat …
Yen wong anom puniku
kakehan panggunggung dadi kumprung
pengung bingung wekasane pan angoling
yen digunggung muncu-muncu
kaya wudun meh mecothot
a. Sinom d. Gambuh
b. Dhandhaggula e. Pangkur
c. Megatruh
25. Ing ngisor iki diarani tembang macapat …
mingkar-mingkuring angkara
akarana karênan mardi siwi
sinawung rêsmining kidung
sinuba sinukarta
mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhung
kang tumrap nèng tanah Jawa
agama agêming aji
a. Sinom d. Gambuh
b. Dhandhaggula e. Pangkur
c. Megatruh
26. Sesarengan serat kula punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakluwarga ing ngriki
pinaringan kabagaswarasan lan kawilujengan. Pratelan kasebut kalebu perangane layang
kang diarani …
a. Satata basa d. Titi mangsa
b. Adangiyah e. Peprenahan
c. Purwaka
27. Perangane layang kang nerangake kang ngirim layang diarani …
a. Satata basa d. Titi mangsa
b. Adangiyah e. Peprenahan
c. Purwaka
28. Iket menika nganggenipun wonten …. boten wonten … kados kalung mawon. yaiku …
a. jaja, mustaka d. jangga, palarapan
b. mustaka, netra e. rikma, asta
c. palarapan, jangga
29. Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
30. Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake
yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
31. Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju
papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
32. Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing
SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
33. Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang
digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
34. Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang
digunakake yaiku …
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
35. Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang
dinten. Basa kang digunakake yaiku ……
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
36. Tumrape wong Jawa. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?tum][pP[w=ojw.
b. ?tum][p[w=ojw.
c. ?tumR[pP[w=ojw.
d. ?tumR[p[w=ojw.
e. ?tumr[p[w=ojw.
37. Ing jaman sewu. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?ai=jmnSewu.
b. ?ai=jm[nSwu.
c. ?ai=jmnsewu.
d. ?ai=jmn[swu.
e. ? ai=jmvSewu.
38. Luwes lan bisa nampa ilining jaman. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?luweSlNbisnMpailini=jmN.
b. ?luwesLnBisnmPailinNi=jmn\,
c. ?luwesLnBisnmPailini=jmn\,
d. ?lu[wsLnBisnmPailinNi=jmn\,
e. ?lu[wsLnBisnmPailini=jmn\,
39. Obahe mangsa lan wektu. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?[aobh[am=slnWekÒ|.
b. ?[aobaem=slnWekÒ|.
c. ?[aobhaem=slnWekÒ|.
d. ?[aob[am=slnWekÒ|.
e. ?[aobh[am=sl[nWkÒ|.
40. Bab iku manawa kebacuten ya ora apik. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?bbHikumnwkebcutenY[aorapik\,
b. ?bbHikumnwkebcutTenY[aorapik\,
c. ?bbHikumnw[kbcu[tTnY[aorapik\,
d. ?bbHikumnw[kbcu[tnY[aorapik\,
e. ?bbHikumnwkebcu[tTnY[aorapik\,
41. Tatag ngadhepi kanyatan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?ttg¿nGdepikvtn¿,
b. ?ttg¿zdepikvtn¿,
c. ?ttgZdepikvtn¿,
d. ?ttgZdepPikvtn¿,
e. ?ttgZdepikvtTn¿,
42. Hastha brata ngemot wulangan ngenani etika. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?asTb]tze[motW|l=znZenni[atik.
b. ?asDb]tze[motW|l=znZenni[atik.
c. ?asQbRtze[motW|l=znZenni[atik.
d. ?asQb]tze[motW|l=zvZenni[atik.
e. ?asQb]tze[motW|l=znZenni[atik.
43. Saiki pancen jaman wesi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?saikip[vCnJmnWesi.
b. ?saikip[vCnJmvWesi.
c. ?saikip[vCnJm[nWsi.
d. ?saikip[nCnJmneWsi.
e. ?saikipnCenJmnWesi.
44. Swarane sendhok ing meja. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?sWr[n[s[nDokKi=[mj.
b. ?sWr[n[s[vDokHi=[mj.
c. ?suwr[n[s[nDokHi=[mj.
d. ?sWr[n[s[nDokHi=[mj.
e. ?sWrnese[nDokHi=mej.
45. Ana rapat utawa pasamuan resmi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a. ?anrptautwpsmuanresMi.
b. ?anrptautwpsmuanResMi.
c. ? anrptHutwpsmua[nRsMi.
d. ?anrptHutwpsmuanResMi.
e. ?anrptHutwpsmuan>sMi.
jawaban
1. A 11. C 21. B 31. B 41. D
2. B 12. D 22. A 32. B 42. E
3. C 13. E 23. C 33. D 43. A
4. C 14. A 24. D 34. D 44. D
5. D 15. B 25. E 35. A 45. E
6. A 16. D 26. A 36. A
7. B 17. D 27. E 37. B
8. E 18. A 28. C 38. C
9. B 19. A 29. C 39. A
10. B 20. A 30. A 40. B
1. Gawea tuladhane paragraf deduktif lan induktif? Nyiji wae!
2. Nitik saka guru wilangan lan guru lagune, ing ngisor iki pathokan kanggo nulis tembang :
a. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
b. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8a, 8u
3. Jlentrehna makna tembang macapat Pocung ing ngisor iki!
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
4. Kramakna!
Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetung dolanan tradhisional sing wus cures.
Dolanan iki mirip dolanan pong-pong bolong lan gula ganthi. Ing jaman kawuri, dolanan iki
kerep-kerepe diparagani bocah-bocah wadon, nanging bocah-bocah lanang uga akeh sing
seneng dolanan iki. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kairingan tetembangan. Hamula
kuwi, dolanan tradhisional iki kaperang dolanan sing nggladhi ing babagan kawasisan ngracik
ukara lan milih tembung. Dolanan iki uga nggladhi pasrawungan tumrap bocah-bocah.

5. Tulisen nganggo aksara Jawa!


pranyata obahe mangsa lan wektu
tetep ora bisa nyandhet obahe lakumu
pengkuhe tatanan lan kahanan ora kuwawa
ngunjara blegere wujud lan awakmu

JAWABAN

II.
1. Kawicaksanan guru.
2. a. Dhandhanggula
b. Asmaradana
3. Ngelmu iku kelakon kanthi sinau, nanging pancen kelakone kudu direwangi
rekasa luwih dhisik (kawicaksanan guru)
4. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetang dolanan tradhisional ingkang
sampun cures. Dolanan punika saemper dolanan pong-pong bolong lan gula
ganthi. Ing jaman kawuri, dolanan punika asring dipunparagani lare-lare estri,
nanging lare-lare jaler ugi kathah ingkang remen dolanan punika. Dolanan uri-uri
anjang-anjang widadari kairingan tetembangan. Pramila punika, dolanan
tradhisional punika kaperang dolanan ingkang nggladhi babagan kawasisan
ngracik ukara lan milih tembung. Dolanan punika ugi nggladhi pasrawungan
tumrap lare-lare.
5. –
?p]vt[aobh[am=slnWekÒ|
tete[pHorbisvnDe[tHobh[alkumu
p_kuh[attnnLnKan[nHorkuww
zuvJrbLege/[rwujufLnHwkM|.

Vous aimerez peut-être aussi