Vous êtes sur la page 1sur 4

Assalamu alikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah,
soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid:
Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan
sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden
Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng Roro ... binti ...

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

Adicoro Pambuka

waosan pustoko suci al Qur’an

Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi

Istirahat

wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah


Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah,
Liridloillah--------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu
tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an
ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang
maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten ...
,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.

Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur
pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah
panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko
sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken.

(shohibul Bait)
Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan
inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun
lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti
sekeco lan saestu.

Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas
tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh
hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani
pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah
kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul
kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho
doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Contoh Teks Pranatacara Adicoro,Pengantin Bahasa Jawa,contoh teks pembawa acara pernikahan bahasa
jawa,contoh pranatacara manten bahasa jawa,mc pernikahan bahasa jawa kromo inggil,kumpulan mc
bahasa jawa,artikel mc manten bahasa jawa, mc bahasa jawa maulid nabi,contoh,mc bahasa jawa
pengajian,teks mc pernikahan adat jawa

Contoh Teks Pranatacara Adicoro Pengantin Bahasa Jawa 2

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung
mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa
dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan
mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji
hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning
kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri
kalenggahan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang
Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten
madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng
panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken
wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring
berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh
hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun
rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi
manjing ing madyaning sasana rinengga

Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha

Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung

Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun
sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan

Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana
wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem

Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu

Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana
busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian

Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang
pudyastawa murih widadaning bebrayan

Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning
sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun,
keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah
kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi.

Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Vous aimerez peut-être aussi