Vous êtes sur la page 1sur 3

TUGAS BAHASA JAWA

ADICARA SEPASARAN MANTEN

KELOMPOK 4
1. ALFIYAN R.D
2. RIFAN A. S
3. HASNA SYAHKIRATUL R
4. NANANG A. P

SMK DAYA WANGSA WONOGIRI


TAHUN PELAJARAN 2017/2018
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Hadirotal mukarrom poro alim ulama poro kyai ingkang satuhu dahat
kinurmatan.
Poro sesepuh pinisepuh, sanak lan kadang ingkang sinuba ing pakurmatan.
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duta sarajo
pangombyong temanten kakung ingkang tansah suko basuki.
Agunging raoso syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun
paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kita lan panjenengan sami,
sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid. Alhamdulillahirobil’alamin.
Shalawat ugi salam mugjo tansah kaaturaken dumatengjunjungan kita Nabi
Agung Muhammad SAW. Ingkang saestu kita nyadang lumunturing syafa’at benjang
wonten pakewuhipun dinten qiyamat.
Para rawuh ingkang pinundi mboten ateges cumantoko kawula jumeneng
wonten ngarso panjengan sami ana mung piniji minangka pambiworo lampahing
adicara pasamuhan walimatul ursipun raden Bagus Rifan bin syawulah kalian Raden
Ajeng Rara Putri Anjar binti Abdhulah.
Nuninggih para pilenggah, runtuting adicara ingkang sampun karonce dening
keluargo :
1. Adicara pambuka
2. Waosan pustoko suci al qur’an
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. Wedar sabdo / mauidhoh hasanah
6. Doa penutup
Keparengo panoto adicoro aderaken lekasing pawiwahan punika kanti pambuka
surotul fatihah, liridlolillah ...
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah
wusana pinaringan rahayu tebih ing sambikolo
Kalajengaken adicara ingkang dumawah angka kalih lumantuning waosan ayat-ayat
suci al-qur’an ing kang bade kaseliraaken dening wekdal soho panggeran kaaturaken.
(pembacaan ayat al-qur’an)
Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadasno manfaat
kususipun dumateng ingkang maos ugi dumateng temanten kekalih sumrambahipun
dumateng kula lan panjenengan sami.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga nuninggih atur pambagya pinangka
pasrah temanten dumateng duta saroso pangambyong ingkang sampun kajibah
kasumanggaken dumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun.
(pasrah manten)
Para pilenggah kakung sumawono putri, sak lajengipun penampi atur pasrah
ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati shohibul bait. Awit saking
bombong miwah mangkokipun manah panjenenganipun bapak Bade matur, amung
kandek wonten sak lebetipun penggalih ingkang punika sesulih salira dumateng
panjenenganipun bapak kaaturaken.
(shohibul bait)
Paripurnaning pasrah penampining putro temanten dumugi saatipun adicoro
ingkang kaping sel kawan inggih punika istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait
para rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi para kadang punggowo
ngatiri pasugaran lan amung ngaturaken sugeng angerahapi kanti sakeco lan saestu.
Para rawuh ingkang tansah minulyo mboten ateges kawula ngempil kamardikan
panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat. Kacepat semanten candak
adicara selajengipun inggih punika mau idhohasanah soho donipun. Ananging sak
derengipun maidhoh soho doanipun kawedar kawula minangkani pambiworo adicara
anggenipun andereaken lampahing rancening adicara wiwit awi dumugi akhir katah
kekirangan basa tuwin subasiti kawula namung tumadah lumebering sih samudra
pangaksami akhira balam wassalamu’alaikum wr. Wb.
Angaturaken kanti renaming pengalih dumateng al-mukarrom anyelirani
madldhoh hasanah saha danipun wekdal saha panggenan kasumanggaaken.

Vous aimerez peut-être aussi