Vous êtes sur la page 1sur 1

JAMASAN PUSAKA WONTEN ING PENGETAN 1 SURA ING

DHUSUN KECEME, DESA GERBOSARI, KECAMATAN


SAMIGALUH, KABUPATEN KULON PROGO

Dening:
Novanto Setyawan
NIM 10205241058

SARINING PANALITEN

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) asal-usul saking


upacara Jamasan Pusaka, (2) lampahing prosesi upacara Jamasan Pusaka, (3)
ngandharaken makna simbolik saking sesaji ingkang dipunginakaken wonten ing
salebeting Upacara Jamasan Pusaka, (4) ngandharaken paedah saking Upacara
Jamasan Pusaka tumrap warga masarakat panyengkuyungipun.
Panaliten menika kalebet jinis panaliten kualitatif. Cara ingkang
kaginakaken kangge ngempalaken data inggeih menika kanthi migunakaken
pengamatan berperan serta, wawancara mendalam saha dokumentasi. Piranti
ingkang kaginakaken kangge ngempalaken data inggih menika panaliti piyambak
ingkang kabiyantu migunakaken piranti kamera, voice recorder, lan buku
cathetan. Data dipunanalisis kanthi cara data ingkang dipunpikantuk lajeng
dipuncathet lan dipunklompokaken, salajengipun data dipunpendhet dudutanipun.
Data dipunsahaken kanthi cara triangulasi data.
Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) asal-usuling upacara
Jamasan Pusaka minangka titah saking Kanjeng Sri Sultan HB IX ingkang
masrahaken pusaka wonten ing Dhusun Keceme supados dipunwonteni Jamasan
Pusaka saben 1 Sura, dipunpilihipun Dhusun Keceme minangka papan upacara
Jamasan Pusaka amargi papan menika minangka papan ingkang kaginakaken
dening Sultan Agung Hanyokrokusuma kangge papan pratapan saengga pikantuk
wangsit dados ratu wonten ing tanah Jawa, (2) lampahing upacara Jamasan
Pusaka menika kawiwitan kanthi dipunlampahi kenduri lan tirakat wonten ing
malem 1 Sura, ingkang kalajengaken kirab gunungan lan Jamasan Pusaka wonten
ing 1 Sura, lan dipunpungkasi kanthi pagelaran seni jathilan, (3) sesaji ingkang
kaginakaken wonten ing prosesi kenduri lan jamasan menika nggadhahi simbol-
simbol tartamtu ingkang gayut kaliyan pagesangan manungsa lan mujudaken raos
syukur saking warga masarakat Dhusun Keceme dhumateng Gusti Kang Maha
Agung, (4) upacara jamasan Pusaka ingkang kalampahan wonten ing Dhusun
Keceme menika gadhah paedah tumrap masarakat panyengkuyungipun arupi
paedah spiritual, sosial, ekonomi, pariwisata, lan pelestari tradhisi.

Vous aimerez peut-être aussi