Vous êtes sur la page 1sur 9

Tradhisi Piton-piton Bayi ing Desa Wotan, Kec.

Pulung,
Kab. Ponorogo
Tradhisi Piton-piton Bayi ing Desa Wotan, Kec. Pulung, Kab. Ponorogo

A. Arane Tradhisi

Masyarakat ing desa Wotan, Kec. Pulung, Kab. Ponorogo yen nduweni anak lan umure
wis ganep pitung sasi Jawa utawa pitunglapan (salapan telung puluh lima dina) bakal
dianakake tradhisi piton-piton utawa mitoni. Diarani piton-piton amarga wektune ngleksanake
upacara kang ngepasi umur pitunglapane si jabang bayi kaya kang wis tinulis ing bebukane
atur. Adicara iki dilaksanakake ana ing dina lan pasaran kang padha karo dina lan pasaran
nalika bayi dilairake.

Masyarakat desa Wotan uga ngarani upacara piton-piton iki kanthi tembung “kething”.
Dadi bayi kang wis wancine dipitoni diarani wis titi wanci kethinge. Sawise dijlimeti lan
digoleki tembung kething iki asale saka tembung ketingan. Tetembungan ketingan iku dhewe
adhedhasar baoesastra djawi anggitane Poerwadarminta tegese slametan bocah cilik medun
lemah sepisanan.

B. Ubarampe Tradhisi Piton-piton

1. Buceng kroyok

2. Banyu kanggo adus

Ing njero banyu kasebut dicampuri maneka warna ubarampe liyane yaiku:

a. kembang setaman

b. kembang boreh

c. godhong andong

d. manggar

e. godhong gandarasa

f. lan dhuwit kricik kang cacahe padha karo neptune si bayi

3. Wadah banyu kanggo adus si bayi.

Biasane nganggo bak saka plastik.


4. Dhuwit kricik cacahe padha karo neptune si jabang bayi

5. Janur kang dibentuk kanggo makuthane bayi

Si bayi dinggoni makutha saka janur kanthi pangajab supaya si bayi bisa metu
nur’e. Utawa ing tembe mburine dadi wong kang kebak cahya tegesekebak kawibawan
lan dadi wong kang kajen.

6. Kurungan

Perlambang alam donya panggonan uripe manungsa

7. Pitik urip

8. Pakan pitik lumrahe nganggo beras

9. Piranti tulis

10. Jadah pitung rupa

Perlambang lakuning urip si jabang bayi kang bakal dilakoni maneka warna rupane.
Tegese si bayi bakal nglakoni maneka warna kahanan urip minangka ujian tumrap
dheweke.

11. Andha saka tebu ireng

Andha kang mengkone bakal dipenek si bayi mujudake dalane si bayi nuju
kaluhuran kudu munggah satrap mbaka satrap. Dene tebu minangka jarwa dhosoke
anteping kalbu. Diajab supaya si bayi anggone nggayuh kaluhuran dikantheni kanthi
rasa mantep ing kalbu.

12. Golong lima

Kanggo metri sedulure si bayi

13. Golong pitu

Kanggo metri karang pomahane

14. Buceng

15. Nyambung tuwuh


Nyambung tuwuhe wong tuwa marang anak. Wujude buceng sing sakupenge
diwenehi bothok iwak kang cacahe padha karo neptune si bayi lan uga dipepaki
kuluban utawa urap-urap.

16. Iwel-iwel

17. Pelas

18. Jenang abang putih

Perlambang sangkan paraning si bayi. Yaiku saka bapa lan biyunge.

19. Jenang sengkala

Kanggo nyengkalani sakehing godha rencana kang teka

20. Buceng pitu

Mertandhani menawa umure si bayi ganep pitung sasi,

21. Buceng kuat

22. Pipes

Digawe saka ketan lan tengahe ana gedhange. Saemper karo nagasari nanging
digenemi.

C. Paraga Piton-piton

1. Bayi kang arep dipitoni

2. Dukun Bayi

3. Wong Tuwane si Jabang Bayi

D. Tata Urutane Tradhisi Piton-piton

Upacara piton-piton kawiwitan kanthi ngedus si jabang bayi nganggo banyu ing njero
bak. Sing kajibah ngedus si bayi yaiku dukun bayi kang dipercaya dening wong tuwane bayi
iku. Sadurunge banyu iku wis diwenehi kembang setaman, kembang boreh, godhong
gandarasa, manggar, godhong andong lan dhuwit kricik kang cacahe padha karo neptune si
jabang bayi. Sabubare adus banyu kang bubar dinggo adus kasebut dibuwang lan dhuwit
kricik kang ana ing njerone banyu biasane dijupuki dening sing padha ndelok upacara iki.
Malah sok-sok yen akeh bocah cilik kang padha ndelok upacara iki dhuwit-dhuwit receh iku
banjur padha dinggo rebutan. Biyen biasane anggone ngedus si bayi iku wanci bengi mbarengi
wancine genduren. Nanging, kanthi alasan kasarasane si bayi biasane anggone ngedus sore
lan bengine lagi digendureni utawa didongani.

Sabubare didus bayi iku banjur dipacaki yen wadon supaya katon ayu lan yen lanang
supaya katon nggantheng. Sabubare diapacaki si bayi banjur dilebokake njero kurungan.
Lumrahe si bayi dipangku dening dukun bayine. Iki minangka pralambang menawa si bayi
bakal nglakoni panguripane lan kurungan iku disimbolake minangka alam donya panggonane
urip manungsa lan kabeh titahe Gusti kang akarya jagad.

Sawise mlebu menyang njero kurungan kang tegese yaiku wis bisa urip ing alam donya
si bayi banjur makani pitik. Tradhisi makani pitik iki diarani ulung-ulung. Kanthi pangajab
sajroning nglakoni uripe wiwit cilik tumekane dewasa bisaa si bayi dadi wong kang seneng
tetulung marang liyan. Sawise ulung-ulung rampung banjur diterusake kanthi ngliwati jadah
pitung rupa. Bayi dituntun dening dukun bayi ngliwati jadah pitung rupa. Sabubare dituntun
dukun bayi banjur dituntun ibune bayi lan sing pungkasan diliwatne jadah dituntun bapake
bayi. Perangan iki nduweni pangajab supaya si bayi bisa nglakoni maneka warna lakune
panguripan. Sing angel utawa sing penak.

Sabubare diliwatne ana ing jadah pitung rupa si bayi banjur dipenekne ana ing andha
saka tebu. Sing menekne pisanan ibune banjur bapake si bayi. Perangan menek andha iki
nggambarake lakuning urip si bayi kanggo nggayuh kaluhuran. Si bayi kudu napaki sauntu
mbaka sauntu andha kasebut. Semono uga jroning nglakoni uripe kudu bisa dadi wong kang
sabar. Lan kang dinggo andha saka tebu amarga tebu iku cekakane saka antebe kalbu. Dadi
jroning nglakoni uripe kanggo nggayuh kaluhuran bisaa si bayi tansah nduweni kanteban
jroning kalbune. Saengga gegayuhane bisa enggal kaleksanan.

Si bayi banjur diwenehi buku lan piranti tulis supaya mengkone dadi bocah kang
pinter. Pinter kang dimaksudake yaiku pinter ing babagan akademis. Sabubare diwenehi buku
lan piranti tulis si bayi banjur diadepake menyang buceng kroyok. Lan si bayi dikongkon
njupuk iwak pitik kang diencepake ana ing buceng kroyok kasebut. Perangan iki minangka
pralambang si bayi bisa golek pangupajiwa ing tembe mburine. Sawise kabeh tata urutan
kasebut rampung banjur bengine nganakake genduren utawa ndedonga bareng-bareng kang
ditekani wong salingkungan lumrahe mawa cara islam.

E. Makna Sajroning Tradhisi Piton-piton

Tradhisi piton-piton iku sejatine minangka pepenget utawa pangeling-eling menawa


kanggone wongtuwane si bayi yen putrane wis ngancik umur pitung sasi. Tradhisi piton-piton
uga minangka pandongane wong tuwa kanggo anake. Wong tuwa nduweni pangajab supaya
anake wiwit wektu iku nganti tekan dewasa bisa dadi bocah kang apik. Donga-donga kasebut
disimbolake ana ing maneka warna ubarampe kang ana ing tradhisi piton-piton iki. Saliyane
iku pandonga kasebut uga diwujudake kanthi maneka warna runtutane adicara kang dilakoni
si bayi. Saka saben runtutan kasebut mesthi nduweni makna kang surasane pandonga utawa
pangajab supaya ing tembe mburi si bocah dadi wong kang apik.

BAB I
PEMBUKAAN

A. Latar Belakang
Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa, upacara iki uga disebut
mitoni asalé saka Pitu tembung sing sawijining makna pitu, upacara iki dianakaké ing
pitung sasi meteng lan pisanan kali.Upacara meteng iki tegese pendidikan ora mung
minangka wong diwasa nanging wiwit wiji implanted garba ibu. Ing upacara iki ibune
sing meteng ing karang banyu lan kembang setaman diiringi Tujuan kanggo pleading
pandonga kanggo moho kuwoso Gusti Allah tansah bakal diparingi rahmat lan
pangestune supaya bayi bakal lair aman lan swara. Saben tiyang sepah bakal nyana
bocah sing bakal lair bakal dadi lanang apik lan bisa ketemu sing pangarepan kasebut.
Menapa malih , minangka Muslim lan Muslim , dhuwur - dhuwur ngarep-arep sing anak
bakal lair bakal dadi batur Allah iku adil lan dutiful marang tuwane. Pitu tradisional
upacara dileksanakake saben wulan dening bojone sing Muslim , uga dimaksudaké
kanggo apik saka anak nggarbini. Lan iku ora padha nindakake upacara nanging kanggo
tujuan kaluhuran lan kawilujengan , pangarep-arep sing anak bakal lair menyang anak
mursid , bakal abdi jujur Allah, agama lan entuk manfaat kanggo bangsa . Tujuan Noble
nyatane, yen tinimbang karo pangrasa , iku ngrasa apik banget upacara iki dianakaké.
Tumindak kang macem-macem simbol lan ritual kurban tingkeban / mitoni Wau,
katon yen masyarakat Jawa wis pangarepan saka safety . Masyarakat Jawa nganggep
mitoni Ritual khusus ngremenaken minangka. Mangkono iku bisa bilih makna lan fungsi
saka kawilujengan budaya iku kanggo pass mudhun tradhisi mitoni leluhur , supaya ora
kesiku ( njupuk kangelan ) lan kanggo njaga imbangan , harmoni, begja , lan safety (
slamet , ora ono panalangin by apo - panalangin by apo ) sing manggen aman kahanan
tanpa gangguan saka jalma liyané utawa lingkungan. Kajaba iku, pitu saben wulan
tradisi ( tingkeban / mitoni ) nuduhake Jawa karakter associative pikiran. Ateges , iku
tradisi kanggo njaluk Allah kawilujengan. (Suwono ). Minangka tembung: "" bayi lair
sageto welujeng Selamet ampunenten penopo alangan setunggal karung ". Anak disusun
bakal lair kanthi Gangsar ( gampang ) , sehat, aman, fisik sampurna , ora sembarang
gangguan . Bener nggambaraké karakter Jawa sing tansah timer proses liwat tazkiyatun
nafsi ( penjernihan ) kanggo mbela karo moho kuwoso . Sing , wangun pengabdian
kanggo Allah SWT. (Suwono ).
B. Rumusan Masalah
1. Opo iku mitoni ?
2. Tata carane ?
3. Tata cara siraman ?

BAB II
PEMBAHASAN

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu
nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa
kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut
pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis
nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih
akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik
kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan
(nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake
wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman
mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu
dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina
Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang
upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing
njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir
klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung,
nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat
Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti
mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan
'purnamasidhi'.

 Tata Carane
Masarakat Jawa tansah ora uwal saka tatacara adat tradhisi. Apa maneh kang ge-
gayutan karo sangkan paraning manungsa. Wiwit manungsa ana njero kandhutan nganti
manungsa surut ing kaseban jati, tansah diiring kanthi adat tradhisi kang digelar ing
wayah tartamtu.
Dene tatacara lan upacara tradhisi kang digelar nalika sawijining wanita lagi ngan-
dhut duwe pangajab supaya ibu lan anak utawa wiji dadi kang dikandhut tansah wilu-
jeng nir sambikala.Pangajab liyane, bayi kang dilairake mbesuke bisa antuk kabegjan
uripe.
Maneka tatacara dilakoni nalika kandhutan wiwit umur telung sasi ana wilujengan
utawa selametan nigang wulani, petang sasi, limang sasi, enem sasi, pitung sasi kang
disebut mitoni, sarta sangang sasi kang disebut procotan.
Miturut Prasetyo Adi Wisnu Wibowo, dhosen Sastra Daerah FSSR UNS Solo, kanggo
njaga supaya jabang bayi bisa slamet nalika ing kandhutan nganti wancine lair, wong
Jawa ngleksanakake maneka warna wilujengan. Maneka upacara tradhisi lumrah dila-
koni jroning cakra manggilingan uripe manungsa Jawa nalika wanita lagi ngandhut wiwit
umur kandhutan sesasi nganti sangang sasi.
“Dene nalika umur kandhutan wus ngancik pitung sasi, diadani upacara slametan
kang disebut mitoni utawa tingkeban. Mitoni iki dilakoni dening wong Jawa mligine na-
lika wanita lagi ngandhut kang kapisan utawa mbobot tembean,” ujare Prasetyo, ing
andharane jroning sawijining pirembugan ing FSSR, sawetara wektu kapungkur.
Upacara mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe
kang disedhiyani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan
nglimputi sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang
ginawe saka wijen, dhele, kacang kang kagangsa ing gendhis. Saliyane iku uga cengka-
ruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicem-
plungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk. Ubarampe
liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan sawetara jinis
kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu dijangkepi pitung iji apem
conthong.
Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen ngantos kaping
pitu kang sabanjure disebut tingkeban. Nut Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusas-
tra, upacara tingkeban iki dileksanakake nalika tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama
(sadurunge tanggal 15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). “Upacara mitoni
utawa tingkeban diadani jalaran nurut kaprecayane wong Jawa, bayi ing kandhutan
nalika umur pitung wulan wis diparingi nyawa dening Pangeran. Dene ritual baku jro-
ning upacara mitoni yakuwi siraman lan ganti busana nganti kaping pitu,” ujare Prase-
tyo.

 Tata Cara Siraman


Tata carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake dicepakake jembangan wa-
dhah banyu kang wus diwenehi kembang setaman. Banyu kang wus diwenehi kembang
setaman kuwi dianggo siraman wanita kang lagi ngandhut.
Upacara siraman dhewe dileksanakake wanci jam 11.00 WIB amarga dipracaya pa-
ra hapsari uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene kang mimpin siraman
yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita kang ngandhut yaiku para pinisepuh putri
kang cacahe pitu utawa sangang wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka bathok
utawa siwur.
“Sadurunge siraman, wanita kang ngandhut dilulur luwih dhisik nganggo glepung
beras mancawarna dicampur mangir, pandhan wangi kang wus dirajang lembut lan god-
hong kemuning kang wus dipipis. Nanging uga ana sumber liya kang nyebutake piranti
kang digunakake ngresiki cacahe pitung rupa yakuwi wedhak agal, sedheng lan lembut,
mangir, sindhu, lulur lan asem,” jarene Prasetyo.
Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik cilik kang
dilambari godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap se-
rep, alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna, contone
sindur, jarit kanthi motif yuyu sekandhang.
Padusan kakrobong utawa ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan utawa cin-
dhe. Padusan iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep
ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jangkep arupa pisang, tebu lan cengkir ga-
dhing.
Ing Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra kasebutake, rampung siraman ban-
jur ganti kain pasatan lan diubedi letrek utawa kain jarit kang logro sarta dianggoni
sabuk saka godhong tebu tulak. Saka njero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong
ing njero jarit lan nyeblokake. Sabanjure sabuk mau dipotong nganggo keris. Sawuse
pedhot, bojone wanita kang lagi ngandhut iku diakon lunga tanpa pamit. Bebarengan
karo kuwi ibu Maratuwa mbanting endhog pitik mentah lan bapake mecah cengkir ga-
dhing kang wus digambari Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, utawa Panji lan Can-
dra Kirana, banjur disigar dadi loro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak kandhunge
wanita kang lagi ngandhut kuwi.
Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing ngarep petanen.
Ing papan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse para pinisepuh
nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo siji banjur diuculi, banjur dianggo-
kake maneh liyane. Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong
durung patut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben mo-
tif bangotulak. Bebarengan karo kuwi, para pinisepuh padha ngomong wis patut.
“Wayah wengine uga dibabar wayangan kanthi lakon kelairan, contone Gathutkaca
lair. Sing duwe omah nyedhiyani pasugatan kanggo dhalang lan niyaga. Kanggo dhalang
diwenehi rampadan kaping pindho, arupa sekul ambeng, 10 piring iwak lan 10 piring
panganan,” tandhese Prasetyo.

BAB III
KESIMPULAN

Tradisional Jawa tradisi pitung sasi ( tingkeban / mitoni ) yaiku bagean saka
karakter Jawa sing wis teges filsafat ing urip. Tradisi kombinasi apik Hindu Wedjangan
, malah Jawa Islam minangka agama professed dening mayoritas Jawa Sidomulyo desa.
Nanging, minangka asil saka penulis sinau, tradisi iki selaras karo nilai sing mulang ing
agama Islam, kang panjalukan Allah. supaya tumindak safety lan begja liwat sakti (
penjernihan proses ) saka macem-macem rereget lan reregetan dosa sing wis rampung.
Ing paling banget , tradisi iki anyumanggakakên ing angka sing filsafat gesang ,
antarane liyane iku : pisanan, ing supaya ngreksa tradhisi leluhure njaluk safety . Iki
mesthi nduweni rega khusus amarga luwih dijogo sing kasugihan saka ngurmati budaya
ing urip. Ing ushul Qaeda fikh kasebut " al- muhafazhah ' Ala al- Salih qadim , Wal ahdzu
jadidi bil al- ashlih " ( sing dijogo apik lawas tradhisi , lan tradhisi anyar lan njupuk
luwih ). Kapindho, njaga imbangan , harmoni, begja , lan safety ( slamet , ora ono
panalangin by apo - panalangin by apo ). Katelu, masyarakat Jawa karakter associative
pikiran. Papat , proses timer penjernihan ( tazkiyatun nafsi ) nalika pleading kanggo
Allah. (Suwono)