Vous êtes sur la page 1sur 3

Assalamualaikum Wr Wb

Nuwun, bapak saha ibu, para sepuh, sesepuh ingkang kula paring pangurmatan. besan, kula angaturaken
sugeng rawuh panjenengan sarowang. Sakelangkung ing syukur kula, dene rawuh panjenengan, kula
saestu ngetrepi wanci ingkang prayogi.

mari kita sedaya panjetaken puja puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang paring
kaselametan lan Rahmadipun dumateng kita sedaya.

Bapak saha ibu paryono rawuh wonten mriki bade maringaken putra jaleripun, penganten kakung
ingkang asmanipun Raden Bagus aryahang sinartan peparing manekawarna, kula sanget-sanget
angaturaken gunging panuwun. Sadaya kala wau kula tampi kanthi suka renaning manah.

Salajengipun Bapak paryono sampun kepareng paring kapitadosan dhumaten kula babagan
kelampahanipun dhauping penganten ing mangke kula sendikani. Sanajan sagaduk kuwawi kula.

Ing punika, panjenengan kalian sedherek sedherek kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkang
sampun kula cawisaken, sumene ngiras pantes angestreni dhauping penganten. Dene wonten kiranging
boja lan krama kula anggen kula anampi rawuh panjenengan sakanca, mugi keparengan maringi
agunging pangaksama.

Cekap semanten atur kula,

Wassalamu'alaikum wr.wb.
PASRAH
Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, para pinisepuh, para sesepuh saha para aji sepuh ingkang dhahat kinurmatan, miwah
sanggyaning para tamu para pilenggah ingkang minulyeng budi. Keparenga langkung rumiyin kula
ngonjukaken puji syukur sahandhap pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, dene sampun paring
kekiyatan saha kawilujengan dhumateng kula sakadang, saengga saged lumarab sowan wonten ngarsa
panjenengan sedaya kanthi manggih wilujeng widada nir ing sambekala. Ingkang saking menika, kula
ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'.
Panjenenganipun Bp ............................... ingkang jumeneng sulih sarira panjenenganipun Bp/Ibu
................................ ingkang tuhu kinurmatan. Kula pun ..................................... ingkang tinanggenah
minangka talanging atur panjenenganipun Bp/Ibu ................................... nuwun inggih tiyang sepuhipun
putra calon temanten kakung inggih Mas Bagus .................................... ingkang pidalem ing
......................................, keparenga matur wonten ngarsa panjenengan,
Ingkang sepisan, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ...................................... gotrah kulawarga, mugi
kaaturna panjenenganipun Bp/Ibu ................................... dalasan kulawarga, kula ikroraken kanthi atur
“assalamu'alaikum wr.wb.”
Kaping kalihipun, mirid rantamaning adicara ingkang sampun gumathok lan gumolong gilig ing
antawisipun para ingkang samya mangun bebesanan, kula kinen amasrahaken putra calon pinanganten
kakung nuwun inggih pun Mas Bagus .................................... ingkang sampun golong gilig ing gegelengan
sumedya dhaup mangun bebrayan kaliyan ingkang putra putri Bp/Ibu ..................................... nuwun
inggih pun Rara ................................... Ingkang menika sumangga nuwun, putra calon temanten kakung
kula pasrahaken sakwetahipun, sumangga kaijabaken/kadhaupaken anut satataning tatacara ingkang
lumampah ing ngriki, kinanthenan puja-puji pudyastuti, mugi tansah kalis ing rubeda, nir ing sambekala.
Minangka titining atur, kula sarombongan ingkang tinanggenah minangka dhuta, mbok bilih anggenipun
sowan lan matur tanpa subasita lan tilar ing tata akrami, langkung-langkung atur kula ingkang cicir,
cewet, cupet, lan kalucut, keparenga hangrentahaken samodraning pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
TAMPI
Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh miwah sanggyaning para rawuh para lenggah
ingkang dhahat sinudarsana. Langkung-langkung panjenenganipun Bp .......................................... ingkang
kepareng hamakili panjenenganipun Bp/Ibu ................................ saking ..........................................
ingkang tuhu kinurmatan.
Kanthi ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, kula pun
....................................... ingkang tinanggenah minangka sulih salira panjenenganipun Bp/Ibu
........................................ keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah calon
temanten kakung kalawau.
Ingkang sepisan, kula minangkani Bp/Ibu .................................... sakulawarga ngaturaken pambagya
sugeng ing sarawuh panjenengan ingkang dinuta minangka Dhuta Saraya Pasrah nuwun inggih Bp
................................... sapendherek, sinartan raos syukur ing ngarsaning Gusti, awit dene sampun
ngeparengaken kula lan panjenengan pepanggihan kanthi bagas kuwarasan.
Kaping kalihipun, menggah salam taklim Bp/Ibu ...................................... lumantar panjenengan sampun
katampi, kanthi dhawah sami-sami, kula ikroraken kanthi atur “'alaika wa'alaikum salam wr.wb.”
Wondene menggah keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra calon temanten kakung nuwun
inggih Mas Bagus ................................. , Bp/Ibu ........................................... sakulawarga nampi kanthi
suka gumbiraning manah, dene mbokbilih samudayanipun sampun satata samapta, calon temanten
kekalih tumunten badhe kaijabaken / kadhaupaken anut satataning rad pradatan ingkang lumampah.
Mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu .......................................... gotrah kulawarga, mugi panjenengan
sarombongan keparenga andumugekaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning adicara
menika, saha kasuwun keparenga paring berkah donga pangestu dhumateng ijab / dhaupipun putra
temanten kekalih, sumrambah ing samudayanipun.
Ing wasana, mbokbilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning
penggalih, keparenga hangegungaken ing pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

Vous aimerez peut-être aussi