Vous êtes sur la page 1sur 2

Contoh Atur Pambagyoharjo Acara Yasinan ( ingkang gadhah giliran )

Assallamu’alikum Wr.Wb
A’udhubillahi minas syaithoonir rojjim. Bismillaahir Rahmaanir Rohiim. Alhamdulillahi
robbil ‘aalamiin, wa bihii nasta’iinu ‘ala umuurid dun’yaa wad diin. Was sholaatu was
salaamu ‘alaa asyrofil ambiyaa_i wal mursalin. Sayyidiina wa maulana muhammadin wa’alaa
aalihii wa shohbihii ajma’iin. Amma ba’du .

Poro ‘alim ‘ulama ingkang tansah kawula derek_i awit iman saha taqwanipun.
Sangyo poro pinaji aji sepuh lan sesepuh ingkang tuhu kinabekten.
Sagung para rawuh jamaah yasinan ingkang bagyo mulyo.

Puji syukur kawulo aturaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring
mapinten – pinten kanikmatan saha karahmatan dhumateng kito sedoyo linangkung nikmatul
iman wal islam. Sahenggo wonten titi wekdal puniko, kito saget rawuh, makempal wonten
adicoro puniko kanthi sehat wal afiat. Amin

Mboten supe sahalawat saha salamipun Allah SWT mugi tansah katetepno dhumateng
junjungan kito Nabi Agung Muhammad saw lan mugi kito tansah kacatetno minongko
ewonipun Umatipun kanjeng Nabi Muhammad. saw. Ingkang bejo awit syafa’atipun benjang
wonten yaumul Akhir. Allhumma Aamiin.

Saklajengipun kawulo sakkluargo mboten supe kepara kasep ngaturaken pambagyo sugeng
rawuh kunjuk sagung dhumateng para jamaah sami. Awit rawuhipun kawulo sakkluargo
hangaturaken bingah lan katahing matur nuwun. Ewo semanten amargi saking cupeting
kawontenan kawulo sakkluargo hanyuwun lumunturing pangaksomo awit kekirangan saha
kalepatan anggenipun nampi rawuhipun anggen caos papan, linangkung pasugatan.

Sagung para pini sepuh, sesepuh, saha para jamaah sami ingkang kinurmatan. Wosing gati
wonten ing kalodangan wekdal puniko kawulo ngaturi dateng para jamaah sami, ingkang ing
samangkih sagung para lenggah kasuwun kemirahanipun saha keikhlasanipun awit waosan
surah Yasin saha Tahlil ingkang ing pangajab hanenuwunaken dateng alm./almh. Dhedepe
dhumateng ngarsanipun Allah SWT, minongko hanyuwunaken lumunturing pangaksomo
awit sedoyo dosa lan lepatipun. Titi wanci wekdal badhe kawiwitan menggah imamipun
kasumonggo dhumateng panjenenganipun …………… kadhereaken sagung para lenggah.

Namung mekaten atur kawulo, anggenipun ngaturaken gatinipun kawulo ngaturi sagung para
lenggah lan sakdereng saksampunipun awit kapinangkaning panyuwunan kalampah awit ing
kluargo ngaturaken kathahing matur nuwun. Mugi awit amal sae sagung para lenggah
katampi dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, linangkung ambawani dateng arwah ingkang
kakintu keparingan pangaksomo sedoyo dosa lan lepatipun, katampi sedoyo amal saenipun
mugi samangke kapapakno dateng suwargonipun Allah SWT. amin. Ewo semanten awit
labuh labetipun sagung para lenggah kluargo mboten saget caos lelintu, mugi Allah paring
lelintu ingkang langkung murwat dhumateng sagung para lenggah kawulo dherekaken.

Panutuping atur, awit sedoyo lepat lan kirang anggen kawulo matur nyuwun lumunturingsih
samodra pangaksomo.
Akhirul kalam,
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Vous aimerez peut-être aussi