Vous êtes sur la page 1sur 6

BISSMILAHIRROHMANIRROHIM

ALIF LAAM MIIM


DZAALIKAL KITAABU LAA ROIBAFIIHI HUDAL LIL MUTTAQIEN
AL LADZIINA YUKMINUUNA BIL GHOIBI WA YUQIIMUNASHOLAATA
WAMIMMAA ROZAQNAKUM YUNFIKUUN
WAL LADZIINA YUKMINUUNA BIMAA UNZILA ILAIKA WAMAA UNZILA MIN
QOBLIKA, WABIL AAKHIROTI HUM YUUQINUUN ULAA-IKA ‘ALAA HUDAMM
MIR ROBBIHIM WA ULAA-IKA HUMUL MUFLIKHUUN.

WA ILAA HUKUM ILAAHU WAAKHID, LAA ILAA HA ILLA


HUWARRROHMAANURROHIIM.

ALLOOHU LAA ILAA HA ILLA HUWAL HAYYUL QOYYUUM, LAA TAK


KHUUDUHU SINATUW WALAA NAUUM, LAHUU MAA FIS SAMAAWAATI
WAMAA FIL ARDHLI, MAN DZAL LADZII YASY FA’U ‘INDAHU ILLA BI-IDZNIH,
YA’LAMU MAA BAINA AIIDIIHIM WAMAA KHOL FAHUM, WALAA
YUHIITHUUNA BISYAI-IM MIN ‘ILMIHI ILLA BIMAA SYAAK, WASI’A
KURSIYYUHUS SAMAAWAATI WAL ARDHLO, WALAA YA-UUDUHU
HIFDHZUHUMA WAHUWAL ‘ALIYYUL ‘ADZHIIM.
LILLAAHI MAAFISSAMAAWAATI WA MAA FIL ARDHLI WA IN TUBDUU MAA FII
ANFUSIKUM AU TUKHFUUHU YUHAASIBKUM BIHILLAH FAYAGHFIRU
LIMAYYASYAAK WA YU’ADZIBU MAYYASYAAK WALLOHU ‘ALAA KULLI
SYAI-IN QODIIR.
AAMANARR ROSUULU BIMAA UNZILA ILAIHI MIRROBBIHI WAL MUK
MINUUN, KULLUN AAMANA BILLAAHI WA MALAA-IKATIHI WA KUTUBIHI WA
RUSULIHI LAA NUFARRIQU BAINA AHADIM MIRRUSULI WAQOOLUU SAMI’NA
WA-ATHO’NA GHUFROONAKA ROBBANAA WA-ILAIKAL MASHIIR.
LAA YUKALLIFULLOHU NAFSAN ILLA WUS ‘AHAA LAHAA MAA KASABAT
WA’ALAIHAA MAK TASABAT, ROBBANAA LAA TU-AKHIDZNAA INNASIINAA
AU AKHTHOKNA ROBBANAA WALAA TAHMIL ‘ALAINA ISHRONKAMMA
HAMALTAHU ‘ALAL LADZIINA MIN QOBLINAA ROBBANAA WALLA
TUHAMMILNAA MAALAA THOOQOTA LANAA BIHI.
(WA’FU’ANNA WAGHFIRLANA WAR HAMNAA 7 X )
ANTA MAULAANA FANGSHURNAA ‘ALAL QOUMIL KAAFIRIIN. ( IRHAMNA
YAA ARRHAMARROOHIMIIN 7 X )
ROMATULLOHI WABAROKAATUHU ‘ALAIKUM INNAHU HAMIDUM MAJIID,
INNAMAA YURIIDULLOHU LIYUDZHIBA ANKUMURIJSA AHLAL BAITI WA
YUTHOH HIROKUM TATHHIIROO
INNALLOOHA WA MALAA-IKATAHU YUSHOLLUUNA ALAN NABIYYI YAA-
AYYUHALLADZIINA AAMANUU SHOOLU ‘ALAIHI WASALLIMU TASLIIMAA.
ALLOHUMMA SHOLLI AFDHLOLASSHOLAATI ‘ALA AS’ADI MAKHLUQOOTIKA
NUURIL HUDAA SAYYIDINA WA MAULAANA MUHAMMADIN WA ‘ALAA
AALIHI WASHOHBIHI WA BAARIK WASALLIM ‘ADADA MA’LUMATIKA
WAMIDADA KALIMATIKA KULLAMA DZAKAROKADZAAKIRUUN WA
GHOFALA ANDZIKRIKAL GHOOFILUUN.
ALLOHUMMA SHOLLI AFDHLOLASSHOLAATI ‘ALA AS’ADI MAKHLUQOOTIKA
SYAMSID DHLUHAA SAYYIDINA WA MAULAANA MUHAMMADIN WA ‘ALAA
AALIHI WASHOHBIHI WA BAARIK WASALLIM ‘ADADA MA’LUMATIKA
WAMIDADA KALIMATIKA KULLAMA DZAKAROKADZAAKIRUUN WA
GHOFALA ANDZIKRIKAL GHOOFILUUN.
ALLOHUMMA SHOLLI AFDHLOLASSHOLAATI ‘ALA AS’ADI MAKHLUQOOTIKA
BADRID DUJAA SAYYIDINA WA MAULAANA MUHAMMADIN WA ‘ALAA
AALIHI WASHOHBIHI WA BAARIK WASALLIM, ‘ADADA MA’LUMATIKA
WAMIDADA KALIMATIKA KULLAMA DZAKAROKADZAAKIRUUN WA
GHOFALA ANDZIKRIKAL GHOOFILUUN.
Sesorah (Pidato) Basa Jawa Perpisahan Kelas XII

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Bapak Kepala Sekolah SMP N 2 Jatilawang ingkang dahat kinurmatan, Bapak Ibu guru saha
karyawan ingkang kula hormati, tamu undangan ingkang kula hormati, uga mboten
katalumpen rencang rencang sedaya ingkang kula tresnani,
Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken nikmat
kesarasan dhumateng kita sedaya, saengga kita sedaya saged sesarengan kempal dhateng
adicara perpisahan sakmenika kanthi mboten wonten alangan saktunggal punapa,
Kula wakil saking rencang rencang kelas XII, namung saged ngaturaken sakagengipun matur
nuwun kagem Bapak Ibu guru sedaya ingkang sampun nggulawentah kula lan rencang
rencang dangunipun tigang taun dhateng pawiyatan sakmenika.
Kula lan rencang rencang inggih badhe nyuwun donga pangstunipun dhateng Bapak Ibu guru
supados saged lancar anggenipun makarya utawi nglanjutaken ing pawiyatan ingkang luwih
inggil saengga cita cita kula lan rencang rencang saged kawujud.
Kula inggih gadhah pesen kagem adhik adhik kelas X kaliyan kelas XI supados sregep sinau
saengga saged mujudake citacitanipun ingkang sampun dikarapaken,
Cekap sementen ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten kalepatan anggenpun atur,
kula nyuwun aginging samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dumateng ngarsanipun bapak kepala sekolah SMP Negeri 2 Jatilawang ingkang satuhu kula
bekteni,
Bapak ibu guru pawiyatan SMP Negeri 2 Jatilawang ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.
Saha dhumateng kanca-kanca kelas satunggal dumugi kelas tiga ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyen sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur datheng Allah SWT,
ingkang sampun paring kesarasan, kawilujengan, saha kasempatan dumateng kita sedaya,
sahingga ing injing menika kita saged makempal ing plataran sekolah supados
ngawontenaken upacara bendera kados dinten-dinten senin biasanepun. Para rawuh ingkang
kinurmatan, wonten kasempatan menika keparenga kula sekedik matur wonten ngarsa
pajenengan sedaya kanthi irah-irah “kerisakan lingkungan”.
Bapak-Ibu ingkang kula bektosi saha kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Keresikan lingkungan dados salah satunggaling babagan ingkang wigati konjuk kesarasan
kita sedaya. Keresikan ugi anggadahi peran ingkang sanged wigati kagem nyiptakaken
lingkungan ingkang nyaman kagem dipanggeni. Tentu kamawon menawi lingkungan ingkang
kumuh badhe dadosaken tiyang mboten betah wonten ing papan kesebat. Mila keresikan
yaiku dados satunggaling bab penting kagem mujudtaken lingkungan ingkang nyaman, klebet
lingkungan sekolah kita sedaya menika.
Sagung para rawuh ingkang bagya mulya,
Pidato bahasa jawa kebersihan lingkungan. Keresikan sekolah saha lingkunganipun saestu
saged anambahi nyamaning kita sedaya kagem mirengaken piwulang ingkang dipun aturaken
dening bapak ibu guru sedaya. Mila saking menika, wonten kasempatan menika ugi kula
sesarengan angajak kanca-kanca konjuk njagi keresikan sekolah kawiwitan saking keresikan
kelas, plataran sekolah, dumugi keresikan kolah utawi kamar mandi.
Keresikan kelas saged kita sedaya wujudtaken lantaran piket kelas nggeh menika nyapu uga
nyulaki meja kursi ing kelas. Sawentara menika keresikan plataran ugi kamar mandi saged
kita wujudtaken kanthi kawiwitan buang sampah wonten papanipun, ugi kerja bakti utawi
gotong royong saben-saben sabtu kados ingkang sampun kita wiwiti kanthi sae.
Bapak-Ibu ingkang kula bektosi saha kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Mbok bilih namung semanten atur kula wonten injing menika, kathah kalepatan saha
kekiranganipun saestu nyuwun agungeng pangapunten.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak-bapak, ibu para warga ingkang kinurmatan, para kadhang werdha mudha sedaya
ingkang kula tresnani.
Kula tansah ngaturaken gunging panuwun awit kerawihan panjenengan sedaya wonten ing
papan punika, bab punika nedahaken bilih bapak, ibu lan para sederek sedaya angrumaosi
minangka salah satunggaling warga ingkang sae. Kula sanget bingah lan mengkog ing
penggalih anggadhahi warga kados bapak, ibu lan kadang-kadang sedoyo.

Bapak ibu, lan kadang-kadang sedaya kita remen kalian kaindahan lan kabersihan.
Kebersihan lan kaindahan meniko satunggaling kunci ketentreman, napake mawon! Ingkang
asri lan sae badhe cepet ical kaindahanipun prikala mendeke mawon kanti kotor lan mboten
kumrawat, kadosa ageman sae ingkang kotor dados mboten sae, semanten ugi kados untu
ingkang rapi nanging kotor meniko ugi mboten diremeni.
Mula kagem njaga kabersihan lingkungan mangga kita laksanaaken kerja bakti, sareng-
sareng.
Tartamta kemawon kanthi kerja bakti punika kita wiwiti kanthi ambudayakaken tresna
dhateng kebersihan lingkungan punika, sedyaning manah kula, sesampunipun kerja bakti
budaya tresna dhateng kebersihan.
Para tamu sedaya kebersihan menika salah satunggaling pokok kesehatan, menawi
lingkungan kita resik, mila gesang kita badhe jeraos nyampun.
Mekaten, lan nyuwun gunging pangapunten manawi thitaling atur kula, kiranging suba sita
miwah tumpang suhing basa lan sastra panutuping atur.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMP N
2 Jatilawang ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ingkang
sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah
ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha
panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing
pawiyatan kita menika.
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan
sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya
tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten
Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken
dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang,
semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha
dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha
gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita
minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau.
Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi
pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila cekap
semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun
agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.

Vous aimerez peut-être aussi