Vous êtes sur la page 1sur 9

KADURAKAN ING KIDUL DRINGU

Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung


trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun
pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados
pondhokan amargi wonten saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku
mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas Pandam ngasta wonten pabrik gula.
Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados
Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking
Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda

Mbakyu Pandam mboten kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak.
Gadhah ingon-ingon asu jenenge Tambur.

Dina iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh
montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas
Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil
senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge
momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong ,
banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat
mburi omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam
mlumpat, Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-
jegog ana ing ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas
Pandam mlayu liwati sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam
ora obah . Wimbadi bingung, Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan
kang aman. Nalika iku jaman-jaman walanda ngawontenaken serangan sasi juli
1947, objek-objek vital dipun bumihangusaken.
Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku
Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang
lan Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun.
Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti.
Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi
nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan
Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti
mboten mendhel.

Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten


dusunipun Wimbadi mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika
ndalu padha ngawontenaken serangan bebarengan. Padha nyabrang dalan
Daendels. Ingkang dados kepala regu Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul
Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun, Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman.
Ananging wonten serangan menika Dul Genuk kena peluru lan sekarat. Para
pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk ketembak tentara walanda.
Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih, wonten ing dusun menika para
pemudha bingung amarga peluru menika kedah dipundhut supados Dul Genuk
mboten ke lara lara, badhe wonten mantra tebih, kahanan inggih mboten saged
dipun paksa, ketua regu lajeng damel undian kangge sinten tiyang ingkang kedah
nembak mati Dul Genuk, supados Dul Genuk mboten ke lara-lara. Dasiyun kang
kedah nembak Dul Genuk. Kedadeyan menika sedaya ugi ndamel perkawis ingkang
boten rampung , Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir. Wibadi sangasaya bingung
dening kahanan menika, lajeng piyambakipun tindhak saking dusun menika pados
panguripan ingkang langkung tentrem, kutha Sala ingkang dados tujuan. Wonten
Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan Kingkinarti, ingkang jebul saweg
ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken kedadeyan saksampunipun Wimbadi
kesah saking dusun menika.
SERAT RIYANTA

Wonten Serat Riyanta punika kacarios menawi ing nagari Surakarta wonten priyantun
luhur, asmanipun pangeran Notosewojo. Pangeran punika gadhah putra naminipun
raden mas Riyanta. Wiwit raden mas Riyanta umur enem taun, dheweke ditinggal
sedak aliyan ramanipun. Lajeng naming dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas
Riyanta sanget dipuntresnani dening ibunipun.

Menawi sampun umur pitung taun, raden mas Riyanta di pindah wontening Semarang.
Wonten Semarang punikaraden mas Riyanta ndherek pamanipun, asmanipun raden
mas Tondowidjojo. Woten mriku, raden mas Riyanta kadidik dados jejaka ingkang
bagus polah tingkahipun. Ibunipun remen sanget menawi gadhah anak tunggal ingkang
bagus rupanipun kaliyan polahipun, dados ibunipun nuruti sakka behanipun katurutane
raden mas Riyanta.

Ngantos umur kalih dasa, raden mas Riyanta dereng gadhah estri ingkang ditresnani.
Mula, ibunipun tansah was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas Riyanta kangge
golek tiyang estri kangge didadosaken bojonipun. Nanging raden mas Riyanta dereng
purun, banjur ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi dereng wonten tiyang estri
ingkang ditresnani. Raden mas Riyanta tasih kepengin golek pengalaman kangge
kauripan punika.

Kala semanten, nuju ing wanci serap surya raden mas kaliyan raden mas durjat, inggih
mitranipun katemuan. Raden mas Durjat ngajak raden mas Rjanto kangge tindak dating
ngalun-alun ningali kumidi Hradu. Wonten mriku malah kebarakaran wong-wong pada
playon kangge nylametaken awake dhewe-dhewe. Nalika badhe kandur, raden mas
ditabrak kaliyan lare estri ingkang umuripun kinten kawan welas taun. Lare punika
nangis sarwisa sarubat ngupadosi tiyang sepuhipun menawi katalingsut amargi melas,
raden mas Riyanta banjur ngeteraken wangsul. Nalika badhe diteraken wangsul bocah
wau malah ngilang, amargi sampun ketemu kaliyan tiyang sepuhipun. Nanging raden
mas Riyanta dereng ngertos namanipun bocah wau. Raden mas Riyanta tresna kaliyan
estri punika.
Saking kumidi, raden mas Riyanta banjur wangsul dateng dalemipun. Wonten dalem,
ibunipun malah badhe njodhoaken raden mas Riyanta. Amargi boten purun bab
jejodhohan punika, raden mas Riyanta banjur tindak menyang Boyolali. Menawisa
mpun radi adhem, raden mas Riyanta banjur wangsul wonten dalemipun.

Akhiripun, raden mas Riyanta ketemu kaliyan tiyang estri ingkang wonten ing kumidi.
Inggih punika raden ajeng Srini. Raden ajeng Srini punika putrinipun kyai Pamrayoga,
ingkang uwakipun raden mas Riyanta. Raden mas Riyanta remensanget kaliyan raden
ajeng Srini, nanging raden mas Riyanta boten wani ngomong. Lajeng, raden ajeng Srini
badhe di jodhoaken kaliyan jaler saking Rembang. Amargi kuciwo kaliyan bab punika,
raden mas Riyanta lajeng ndamel lukisan gambaripun raden ajeng Srini.

Ibunipun raden mas Riyanta banjur tindak dateng wonten ing dalemipun kyai
Pramayoga, menawi badhe tanglet bab perjodhohan punika. Nanging ulem-ulem punika
boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Riyanta banjur nembung raden ajeng srini
kangge didadosaken menantu. Raden mas Riyanta kalian raden ajeng Srini mantenan.
KATRESNAN KANG ANKER

Novel “Katresnan kang Angker” iki critane diwiwiti saka kahanane Meineni ing Sabtu sore kang lagi
ngenteni kancane karep lunga bareng menyang pistane Arek-arek Trenginas, Surabaya. Nanging sore iku
Meineni ora sida melu amarga Abimanyu ora marani. Dheweke gela pisan, nganti ana Pitarta teka lan
dijak lunga menyang pasar malem. Saengga bengi iku Meineni tetep lunga karo klambi biru anyare. Ing
pasar malem, nalika ngantri tuku tiket rumah hantu, Pitarta ketemu lan kandha karo jeng Reti kang lagi
ngantri uga karo adhine kang jenenge Ratniah. Banjur Ratniah ngundang wong lanang kang jenenge Mas
Abi. Meineni kobong atine, ngerti yen Mas Abi kuwi Abimanyu, priya kang mau sore dienteni ora teka-
teka, jebul lagi karo kenya 2 ing pasar malem. Meineni budhal ora medulikake undang-undange Pitarta,
malah Pitarta ngira yen Meineni jengkel marang awake. Tekan omah, Meineni mlebu kamar lan kanthi
rasa jengkel, dheweke turu. Esuke, Meineni esih katon nelangsa, merga ngrasa ora duwe kanca priya
kang ngerteni atine.
Dina bacute, Meineni esih perih atine lan wegah metu omah. Banjur dina Rebo Tanti teka lan nyritakake
yen pistane ora apik. Tanti ngajak dolan, nanging ora kelakon. Dina Setu teka, lagi enak-enak maca buku
Kartini, ndadak ana sing ngrebut lan ditutupake ing raine Meineni. Jebul Abimanyu. Sakjane Meineni
esih nesu, nanging malah digawe guyon anggone takon marang Abi, Abi ya mung ngapura. Banjur
kanggo ngademake atine Meineni, Abimanyu ngejak metu menyang Perak nggonceng Ducati. Ing Perak,
angine pating semribit, atis, lan Abimanyu rokokan. Sinambi kandha yen dheweke arep dagang, ora
nerusake sekolah. Meineni sengit meruhi Abi kang rokokan. Eh, malah Meineni dikon nyoba rokoke
mau. Meineni manut lan watuk. Abimanyu mung guyu lan ngomong yen wong wadon mesthi manut
karo wong lanang. banjur wong loro mau bali ngomah. Tangane Meineni digenggem Abimanyu. Tekan
ngomah jam sanga, Abimanyu langsung mulih. Wong ngomah kandha yen mau ana Tamardikin lan
Pitarta teka. Meineni mung mesem. Dheweke mlebu kamar lan ngrasa-ngrasa kok bisa ati wadon
dioncat-ancitake pangrasa.
Meineni saiki dadi guru taman kanak-kanak ing garasine Bu Ratih, merga tinimbang nganggur. Meineni
ngajar karo Mbak Martinjung kang wis luwih lawas ing kana. Bocah-bocah saiki luwih seneng marang
Meineni ketimbang Mbak Mertanjung, merga luwih ayu, malah nganti padha gondhelan rok nganti
suwek. Sawijining dina, Tamardikin teka menyang omahe Meineni, gawa karcis kang maune meh dinggo
karo Tanti. Merga ora sida, karcis mau dituku dening Meineni lan dinggo nonton karo Pitarta kang
kebeneran teka. Tekan ing bioskop Wijaya, ketemu karo kenya kang jenenge Reti, nanging dijorke wae
dening Pitarta, sajak jengkelan. Nanging kabeh mau merga Pitarta wedi yen Meineni ngambul lan njaluk
mulih kaya dene nalika ing pasar malem.
Meineni tansah ngarep-arep tekane Abimanyu, sanajan arang teka, nanging yen teka mesthi ngejak
lunga ing metro. Tanti saiki tambah kaya wong tuwa, omongane ya tuwa. Kabeh mau merga Tanti meh
pacangan karo Tamardikin. Nalika lagi bingung meh karo sapa anggone marang pesta pepacangane Tanti
lan Tamar, Abimanyu teka. Langsung Abimanyu ngejak Meineni menyang toko karep tuku dasi. Sesuke,
Abimanyu teka nyang omahe Meineni, dianggokake dasi anyare dening Meineni. Banjur mangkat
menyang pesta pepacangane Tanti lan Tamardikin. Sawise sesasi pepacangane, Tanti lan Tamardikin
sowan omahe Meineni. Wong loro mau mbujuk Meineni supaya ndang pepacangan karo Abimanyu.
Nanging Meineni mung lingsem krungu Tanti ngerti dheweke seneng marang Abimanyu. Sore iku
Meineni ngalamun lan diledek Yuyun, adhine. Banjur dheweke menyang kamar, keturon. Nalika iku,
Pitarta teka, lan kanthi males meh nemoni, nanging dening Ibu dikandhani yen ana dhayoh lan legan,
disempetake dandan.
Tanti mulih saka Jogja banjur sowan omahe Meineni. Dheweke katon bungah banget merga tembe wae
ketemu maratuwane. Tamardikin uga melu crita kahanan kang ana ing papan wongtuwane sakarone.
Tanti banjur ngandhakake perlune marang Meineni, yaiku takon bab Abimanyu. Meineni bingung, lan
dheweke sowan omahe Tanti, nggenahake. Jarene, Tamardikin tau mregoki Abimanyu metu mlebu ing
sawijining hotel karo wong wadon. Balik saka omahe Tanti, Meineni lingsem, merga ngalamun nganti
digeguyu wong ing ndalan. Meineni nutuh awake dhewe, jarene kabeh mau gegara Tanti nggawa oleh-
oleh saka Jogja, Tanti seneng, Meineni senep.
Abimanyu teka, nanging Meineni ora gelem ngobrol. Bareng rada suwe, Pitarta teka. Abimanyu tepang
karo Pitarta, malah padha kandha dhewe, ngandhakake kenya kang jenenge Reti. Abimanyu pamit,
banjur Meineni lan Pitarta padha kandha babagan Abimanyu lan Reti. Pitarta maras banget mbok
menawa Meineni wis kegoda Abimanyu, kang jago pedhotan lan katresnan tilas. Sorene, Meineni
menyang omahe Tanti, perlu njaluk alamat pondhokane Tamardikin. Ing pondhokan, Meineni ketemu
Parta, kanca kamare Tamardikin. Dheweke dikon ngomong marang Tamardikin supaya sowan menyang
omahe Meineni. Jam tengah sepuluh bengi Tamardikin teka. Tamardikin nyritakake kedadean dheweke
menangi Abimanyu, lan Meineni lega, merga krungu saka wong kang meruhi dhewe.
Pirang-pirang Minggu Meineni nandang duka, dheweke galau merga ora olih kepastian saka Abimanyu,
ketemu uga ora tau. Sawijining dina wayah awan, ana pulisi teka ngabari yen ana kang kacilakan, lan
njaluk Meineni saiki ing Rumah Sakit Simpang. Jebul kuwi Tanti, mitrane Meineni. Tanti turon ing kasur
lan dleweran getih akeh pisan. Dheweke ngundang Meineni lan Tamardikin, banjur dikon urip
bebarengan. Meineni mung mesem lan Tanti nilar donya. Meineni nangis, nelangsa kelangan mitra,
kanthi ngrangkul Tamardikin kang nandang duka uga.
Sawise satus dinane Tanti, Meineni lan Tamardikin ngestokake welinge kang pungkasan. Wong loro mau
kawin. Sawise kawin, Meineni lan Tamardikin manggon nggone Ibu, ing kamar ngarep. Meineni uga wis
ora mulang maneh merga ora diparingake dening Bu Ratih. Meineni nduweni anak telu, wedhok kabeh.
Pas ana anak ke telu, wong loro mau banjur golek omah dhewe. Olih omah tanggane Pitarta lan cocog.
Jebul Pitarta urip mung karo ibune, Bu Brata.
Saungkure Tanti, Tamardikin pikirane tambah ruwet. Mikir kebutuhan urip lan kebutuhan anggone
sinau. Meineni sok muring merga Tamardikin sinau wae. Apa maneh pas menangi ana fotone Tanti
Suwandi ing njero dompete Tamardikin, gawe muntab atine. Merga sipate Tamardikin kang ora seneng
lelucon, kerep serius nalika sinau, Meineni ngedol gelang paringane Bapak marang Bu Mursinggih
kanggo blanja panganan enak lan buku kanggo sinau Tamardikin. Banjur bengi iku Tamardikin ngajak
Meineni turu gasik.
Nganti saiki, priya kang kerep teka sowan ya mung Pitarta, ana wae alesane kanggo sowan. Abimanyu
embuh ana ngendi saiki. Pitarta yen dikon mbojo ana wae jawabane kanggo nolak. Sawijining dina
wayah sore, Meineni ana omah dhewe mung karo anak-anake. Abimanyu teka. Crita yen kenya kang
jeneng Reti emoh dadi sisihane, marga dheweke wis mantep nedya ngabdi marang ilmu. Banjur malah
kandha yen dheweke nandang tresna marang Meineni. Meineni trataban atine. Sawise Abimanyu pamit,
Pitarta teka, takon marang Meineni ana perlu apa Abimanyu mrene, nganti Meineni mbukak klambi
barang. Pitarta salah sangka, lan langsung balik menyang omah. Meineni ora bias nyegah Pitarta kanggo
ngrunokake critane.
Sawise kedadean kuwi, Meineni ora tau ketemu Pitarta maneh. Nanging sawijining sore, Pitarta teka lan
mrentah Meineni teka menyang omahe. Jebul ana Ratniah lagi nangis. Dheweke lagi ngandheg telung
sasi. Wong lanange kabur ora tanggung jawab. Meineni dikon ngenengake, nanging Meineni malah
mrentah Pitarta kon ngenengake kanthi cara mbojo karo Ratniah. Nyata, Pitarta kawin karo Ratniah.
Limang wulan sawise kuwi, Abimanyu teka maneh. Dheweke crita nalika ana ing Singapur kanthi awak
kosong. Banjur Meineni kandha yen Pitarata wis kawin karo Ratniah, kang jebule biyen seneng banget
karo Abimanyu. Sawise pamit, Pitarta teka. Kaya biyasane, Pitarta nesu-nesu marang Meineni merga
Abimanyu teka maneh. Wong ing njaba omah rebut jare ana wong ngamuk. Tamardikin bali lan langsung
nggoleki Meineni dikira kenapa-kenapa. Jebul Pitarta tembe mateni Abimanyu, bapak saka jabang bayi
kang lagi dikandhut dening Ratniah. Pitarta jengkel lan ngira yen Abimanyu wis ngapa-ngapakake
Meineni. Pitarta tresna banget marang Meineni, nganti wani mateni uwong. Pitarta dirangkul Meineni
supaya adem atine. Banjur Pitarta dipenjara, nanging atine lega merga tresnane wis ditampa. Saiki
Tamardikin lan Meineni padha nglalekake ketresnane marang kang ditresnani. Sing ana mung
Tamardikin duweke Meineni lan Meineni duweke Tamardikin. Kabeh diwiwiti saka ngarep maneh.
SANG PANGERAN PATI
Novel kanthi judul “SANG PANGERAN PATI” dening Fitri Gunawan kuwi nyeritakaken lika-
likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen krasa kuwih nges kang duwe peran utama
yaiku Suryo Baskoro.Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus
pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo
Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti
Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang rama
Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga di
yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken jabatan kang
diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange dewe marang pak
Broto. Prihastuti kang biasa di timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine
dewe. Deweke percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-
kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake marang
Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban
beda karo karyawan liyane. Suryo duweni program kerja anyar kanggo karyawane nanging
karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja
sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka
Kanwil Mardi Putro deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya
Kita,nanging Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine
Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap
ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade
senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik jurnalistik. Suryo ngotak atik
berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo.
Rampung saka masalah internal Suryo di adepi karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke
kendel karo Basuki (Koordinator Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging
pemimpin redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno
sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak. Naging
saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih amarga deweke ngrangkep
dadi wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka Prihastuti
Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya Kita
kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih. Saka tumindak
kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo Prihastuti lan adine
Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil
ketua redaksi mudun dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin
perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.

Saka masalah masalah kang di gawe karo Suryono,Suryono kaya duweni musuh piranga pirang,
Suryo di culik karo utusane salah sijine calon gubernur amarga pawarta kang di wolak walik
kabenerane marang Suryo,deweke di utus marang kangmase Guritno sing uga nyalon dadi
gubernur. Masalah iki klebu masalh klimaks saka novel SPT iki. Suryo di sekap ana ing hotel
karo wong papat utusane pesainge kangmase,kang dadi penyelamet ana ing kedadean iki yaiku
Surti,Surti di kabari adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih rong dina awit
budal kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo nganggo tgeknologi
canggih yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke ana ing plat nomer mobil X-
type kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu ana ing hotel,kmondisine Suryo mrinani
banget,mripate di tutupi,tangane di banda ngansi pingget. Deweke kaget weruh Suryo ana ing
kondisi kaya iku,Suryo banjur age age di gawa metu,petugas hotel arep lapuran polisi nanging di
penging marang Suryo amarga yen lapur polosi Suryo bakal luwih cilaka. Surti banjur nakoni
Suryo kaya wartawan lagi nakoni narapidana Korupsi ora ana late,orana ana bare nanging Suryo
mung nanggepi kanthi santai amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone. Ucul saka masalah
kang wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok amarga deweke bajur bisa nggarbini
Surti,banjur deweke malah melu Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3
ngancani bojone kang entuk beasiswa kango neruske dadi doktor,wis ngono kaluwargane
Prihastuti isih nyangoni kanggo uripe Suryo lan Suti ana ing Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo
uga entuk duwit saka Aryo Guritna kangmase amarga berhasil dadi Gubernur saka pangorbanane
Suryo. Banjur suryo karo Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika.

Vous aimerez peut-être aussi