Vous êtes sur la page 1sur 2

Assalamu alikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo


pangombyong temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring
lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami,
sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten
pakewuh ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten
ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro
pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng
Roro ... binti ...

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening


keluargo:

1. Adicoro Pambuka
2. waosan pustoko suci al Qur’an
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
6. Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko


surotul fatihah, Liridloillah--------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono
pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat


suci al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan
kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun


dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng
kulo lan panjenengan sami.
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah
temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah
kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-
ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong
miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek
wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan
ipun Bapak.....kaaturaken.

(shohibul Bait)

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang


kaping selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro
rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo
ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan
panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak
adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak
derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro
anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah
kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra
pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh


hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Vous aimerez peut-être aussi