Vous êtes sur la page 1sur 1

ATUR PAMBAGGYA PASRAH TEMANTEN

Dening:Agniestia Maharani 9F/01

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu

Para sesepuh,aji sepuh ingkang tansah kula bakteni. Bapak Ibu para undangan ingkang kula
khormati, para pramulagi sinoman ingakng kula tresnani.

Sakderengipun kula lanjengaken atur kula, sumonggo kita sedaya ngunjuaken raos syukur
dumatheng Allah SWT. Ingkang sampun kapareng rahmat taufik saha hidayat ipun dumateng
kita sedaya. Sahinggo ing wekdal sageta mangkempal dalem ipun bapak Jimin kanthi paringan
rahayu wilujeng mboten wonten halanggan setunggal punapa, amin….. amin …..amin…. ya
rabballamin. Dene ing wedhal menika bapak Jimin kagungan kersa ngunduh mantu putra putri
nipun ingkang asma roro Ayu Rini pikanthuk joko taruna sangking Ayogyakarta, putra nipun
bapak Sugeng inggih punikaraden mas Wahyu.

Shalawat dhalah salam ugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita ,Nabi agung Muhammat
SAW ingkang tansah kita antu-antu safaatipun ing mbenjang yaumul kiyamah. Allahuma amin..

Para lenggah ingkang dimuliyakaken dening gusti Allah, keparing kula nyuwun pangapunten
ingkang seageng-agengengipun, kula wanton marak seba wonten ing ngarsa panjenengan sedaya
nembang dawuh sangking bapak Sugeng, kula kapiji kados matur minangka panggrebeg
temanten ugiamasrahaken pananggapi temanten, bapak sugeng mboten saget, matur piyanbak
amargi bapak Sugwng amanah nampi kanugrahan ingkang putra kakung saget minengku puta
mantu saking panjenengan ipun bapak Jimin kanthi uacapan”Bismillahhirrohmanirohim”
temanten kula pasrah aken dumatheng bapak Jimin. Dene bapak Sugeng kula wau titip salam
dhumateng bapak Jimin kagem ngeraket aken pasederekan sirahturahim antawis Yogyakarta
kaliyan Ponorgo mriki, menungka kanti “Assalmualaikum warahmatullahi wabarakatu” mugi
mugi dadosaken raketipun pasederekan atawis bapak Sugeng kaliyan bapak Jimin.

Vous aimerez peut-être aussi