Vous êtes sur la page 1sur 2

PIDHATO KAMERDIKAAN

‫علَ ْي ُك ْم َو َر ْح َمةُ ا هللِ َو بَ َر كَا ت ُ ْه‬ َّ ‫أَل‬


َ ‫س ََل ُم‬
‫الر ِح ْي ِم‬
َّ ‫الر ْْح َم ِن‬ َّ ِ‫س ِم ا هلل‬ ْ ‫ِب‬
‫ص ََل ةُ َو‬ َّ ‫ َوال‬،‫الد ْي َن‬ ِ ‫ع َلى ا ُ ُم ْو ِر ال ُّد ْن َيا َو‬ ْ ‫ب ا ْل َعا لَ ِم ْي َن َو ِب ِه َن‬
َ ‫ست َ ِع ْي َن‬ َ ِ‫اَ ْل َح ْم ُد ِ َّّلِل‬
ِ ‫الر‬
ْ َ ‫علَى ا َ ِله َوأ‬
‫ص َح ِب ِه ا َ ْج َم ِع ْين‬ َ ‫س ِي ِدنَا ُم َح َّم ٍد َو‬ َ ،‫س ِل ْي َن‬ َ ‫ف اْأل َ ْن ِبيَا ِء َوا ْل ُم ْر‬
ِ ‫علَى أَش َْر‬
َ ‫س ََل ُم‬ َّ ‫ال‬
‫ ا َ َما بَ ْع ُد‬.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinabekten,
Bapak/Ibu guru ingkang satuhu kinurmatan
Saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya

Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kulo lan panjenengan sedoyo
ngucapaken raos syukur dumateng ngersa-nipun Allah swt. ingkang sampun maringi
nikmat lan rahmatipun arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung niku inggih
meniko arupi nikmat kemerdekaan bangsa Indonesia. Lan dinten niki kito sedoyo
ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang kaping 71. Mugiyo bangsa Indonesia niki
langkung jaya lan raos tenterem, adil lan makmur.

Shalawat lan salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad
saw., keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslimin sedoyo ingkang estu-
estu purun ngelampahi ajaran-ajaran Islam ing dalem gesangipun. Mugi-mugiyo kito
sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti leres lan
estu-estu ing dalem gesang niki.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kito sedoyo raos syukur ateges
ngelampahi nopo ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi
kemerdekaan niki. Kito sedoyo selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun,
monggo kito isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saget
menunjang kualitas kito sedoyo ing antawisipun inggih meniko arupi nggiatno lan
sregep anggenipun belajar lan lintu-lintunipun.

Lan kito sedoyo sampun sumerap, mbok beleh saben tahun kito tepatipun wulan
Agustus ngengeti dinten ulang tahunipun. Sedoyo niku ngerupekaken kangge
ngenang malih peristiwa lan pinten-pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten
ugi kito dados tiyang Islam ngerupekaken kewajiban nggali pinten-pinten nikmat
ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo lan ugi dumateng sedoyo
bangsa Indonesia.

Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito


sedoyo khususipun lan sedoyo bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku
ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang paling ageng selaku bangsa Indonesia.
Saking niku kemerdekaan meniko kedah estu-estu kito sedoyo syukuri. Keranten
saget kito sedoyo raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu lan ugi dateng
sakterusipun.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Kito kedah nyumerapi, Allah swt. nyiptakaken menungso wonten ing dunyo niki
supoyo mados sangu ing kemerdekaan lan kebebasanipun niku boten wonten lintu
supados dados umat ingkang bertakwa ingkang purun ngajak dumateng kesahenan.
merintah marang ingkang sahe lan nyegah saking keawonan. Milo saking niku, insya
Allah kelawan ngelampahi kados niku negari bade langkung cepet nuju ingkang
dipun cita-cita-aken dados negari ingkang aman lan tenterem, adil lan makmur
sedoyo masyarakatipun.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi enten kalepatan ing
sedayanipun, saestu kula nyuwun agungipun samudro pangapsami.

ُ‫ق َوا ْل ِه َد ايَة‬


َ ‫ِبا هللاِ الت َّ ْو فِ ْي‬
‫علَ ْي ُك ْم َو َر ْح َمةُ هللاِ َوبَ َر كَا ت ُ ْه‬
َ ‫س ََل ُم‬
َّ ‫َوال‬

NAMA : YOGI NUR YAHYA


KELAS : XI IPS 1
NO : 32

Vous aimerez peut-être aussi