Vous êtes sur la page 1sur 10

MAKALAH

“SESORAH”

A. Pangerten

Sesorah utawi pidato bahasa jawa dados satunggaling kabudayan jawi

ingkang wigati sanget. Mila menika kita kedhah mangertos pengertian

sesorahutawi pidato bahasa jawamenika. Sesorah utawi pidato bahasa jawa

saget andadosna regengipun pahargyan lan pawiwahan. Wonten ing ngandap

menika satunggaling atur kula babagan pangertosan sesorah, ananging

sakderengipun kula aturaken mbok bileh salebeting atur kula samangkih

anggadahi kekirangan soho wonten atur ingkang kirang trapsila saestu kula

nyuwun agunging samodra pangaksami.

Pengertian sesorah utawi pidato nun injih bedhahan utawi medharsabda

ingkang wosipun ngaturaken gagasan, saha penggalih dhateng tiyang sanes

mawi lesan kanthi cara tartamtu saha kanthi ancas tujuane ingkang gumathok.

Mila menika sawenehing tiyang sesorah badhe kawastanan kasil menawi

saestu saged ngrimuk pamirengipun, damel remenipun ingkang dipunajak

wawan ginem, nuhoni panuwunipun pamedhar sabda, dipunmangertosi

kekajenganipun lan sapanunggalanipun, saha sedaya katerangan saking

ingkang medhar sabda saget katampi dening ingkang sami mirengaken.

Saking kawruh sesorah wonten ing nginggil menika anggadahi tigang

1
prekawis ingkang perlu dipun mengertosi. Tigang prekawis menika inggih

kados mekaten:

Pamedharsabda anggadahi tugas ingkang ngaturaken sedaya katerangan,

gagasan, utawi penggalihan datheng tiyang kathah ingkang cara

indonesianipun inggih manika “komunikator”. Isi sesorah/ pidato ingkang

dipunaturaken marang pamedharsabda datheng tiyang kathah. Sedaya

ingkang mirengaken ingkang cara indonesianipun inggih manika

“komunikan”. Sesorah minangka satunggaling pirantos ingkang wigati sarta

perlu sanget dipunmangertosi tumrap kawula panjenengan sami. Gagasan

ingkang wonten saklebeting sesorah saestu saget ngrimuk tiyang kathah saha

nuhoni menapa ingkang dados kekarepanipun. Mekaten sekedhik atur

babagan pengertian sesorah. Mugi wonten mumpangatipun menggahing para

rencang sedaya. Menawi wonten lepat saha atur ingkang kirang trapsila saestu

kula namung tansah tadhah ing deduka nyenyadhong samodra pangaksami.

Miturut Hadinegoro (2003:1) inggih menika ungkapan pikiran dumadi

ukara-ukara kang karujuk dumateng tiyang kathah utawa wacana kang

dilebetake kanggo ngendikan wonten ing khalayak, supaya pamiarsa saget

mangertosi, nampi lan uga kepareng ngalakoni. Miturut KBBI pidato yaiku

pengungkapan pikiran dalam bentuk kata-kata yang ditunjukan kepada orang

banyak dan wacana yang disusun dengan baik untuk disampaikan kepada

banyak orang.

B. Jenis-Jenis Sesorah/Pidato

2
a. Miturut Adhe dasar :

1. Pidhato Pembukaan

Yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utawa MC.

2. Pidhato Pengarahan

Yaitu pidhato kang ngarahake sawijining kagiyatan.

3. Pidhato Sambutan

Yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu,

kanthi wektu kang mung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora

mung siji.

4. Pidhato Peresmian

Yaiku pidhato kang dilakokake dening wong kang nduweni

pangaribowo kang ngresmikake samu barang.

5. Pidhato Laporan

Yaiku pidhato kang isine nglaporake sawijining tugas utaa kegiatan.

6. Pidhato Pertanggungjawabn

Yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban

tugas utawa kagiyatan.

b. Miturut Ancasipun sesorah

1. Sesorah Persuasif inggih menika sesorh kanthi ancas mikut (

mmpengaruhi) pamirengipun.

2. Sesorah Argumentatif ingih menika sesorah kanthi ancas

ngyakinaken pemirengipun.

3. Sesorah Informasi inggih menika ngwehi katrangan.

3
4. Sesorah Deskripsi inggih menika sesorah kanthi ancas ngaturaken

gegambaran kawontenan.

5. Sesorah Rekreatif inggih enika sesorah kanthi ancas atur panglipur.

c. Miturut Kahanan :

1. Kaanan Resmi : Kanggo kaanan resmi, lumrahe pamicara maca

naskah kang wis disiapake supaya ora salah anggone sesorah lan

naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pamicara ora bisa

ngandharake sesorahe sakarepe dhewe amarga wektune wis diatur.

2. Kaanan Setengah resmi : Pamicarane bisa ngandharake sesorah

utawa pidhatone rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep

digatekake.

3. Kaanan ora resmi : Pamicara bisa ngandharake sesorah utawa

pidhatone miturut tujuan utawa selera pamirenge.

4. Kaanan Liya-liya : Saliyane kaanan kang wis kaandharake iku, isih

anakaanan kang uga nduweni pengaruh marang cara ngandharake

sesorah, yaikupamirenge lungguh apa ngadeg,wektune esuk apa

awan, anggone pidhato dhewe apa ana wong liya. Contone, yen

pemirenge ngadeg pidhatone kanthi singkat wae.

d. Miturut Pendekatan :

1. Pendekatan Intelektual : Pendekatan iki digunakake yen pamirenge

nduwe pendhidhikan kang cukup.

2. Pendekatan Moral : Pendekatan iki digunakake yen pamirenge

seneng melu kagiyatan moral, apa maneh moral keagamaan.

4
Pamicara bisa nganggo kutipan ayat suci utawa sumber liya kang

cocog.

3. Pendekatan Emosional :Pendekatan iki digunakake yen pamirenge

kurang pendhidhikan. Pamirenge kang kaya mangkono gampang

anggone nampa isi pidhato lumantar emosine. Mula, kudu disenggol

nganggo semangat, kabutuhane, lingkungane, kasumehane, utawa

liya-liyane kang bisa gawe gampang nampa.

e. Miturut tujuane :pahargyan. Den tujuane yakuwi

1. Menehi Hiburan : sesorah jinis iki ditindakake ana ing acara

pahargyan. Den tujuane yakuwi supaya acara iku bisa sumringah lan

meriah. Pamicara mung ngandharake babagan kang gawe seneng lan

bungah, uga nganggo basa kang santai lan raket.

2. Mnehi Kawruh : Sesorah iki isine ngandharake babagan kang

sacetha-cethane, supaya pamireng ngerti. Pamicara bisa nganggo

conto, mbandingake, nerangake, lan liya-liyanekang kabeh mau

kanggo njelasake marang pamirenge.

3. Ajak-ajak : Pamicara ngandharake alesan, bukti, lan conto supaya

pamirenge gelem nindakake kaya apa kang dikarepake pamicara.

Sesorah iki umume jinis pidhato kampanye arep pemilihan umum.

C. Metode-Metode Sesorah

1. Metode maca sawutuhe

Yaiku sesorah kang ditindakake kanthi maca teks.

5
2. Metode hafalan

Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi apalan saka teks sing wis digawe

sadurunge.

3. Metode pandom lajer

Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik (lajering

sesorah).

4. Metode impromptu (dadakan)

Yaiku sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawi ora ana persiapan

sadurunge.

D. Cengkrongan Sesorah

1. Salam pambuka

2. Purwaka (pambuka)

- Atur pakurmatan (marang wong sing rawuh)

- Atur puji syukur

- Atur panuwun

3. Isi (surasa)

4. Dudutan / wigati / ringkesan

5. Pengarep-arep

6. Panutup (wusana)

7. Salam panutup

E. Bab-bab kang digatekake nalika sesorah :

1. Nyiapake underan / tema sesorah.

6
Nentokake tema sesorah saumpama besuk dina pahlawan tema kang kajupuk

kudu ora bedo babagan perjuangan.

2. Nyiutake tema dadi irah-irahan (judul).

Irah-irahan kanggo nyilikake supaya bisa luwih gampang ndamele.

3. Naliti kahanan pamiarsa.

Kahanan pamiarsa iki yaiku sapa bae kang dadi pamiarsa kudu mangerti,

supaya bisa dipilh ngaggo ragam basa kang cocok.

4. Ndamel cengkorongan / kerangka sesorah.

Ndamel congkrongan kayata salam pambuka, purwaka, isi, dudutan, pangarep-

arep, panutup lan salam panutup.

5. Nemtokake ancase / tujuane sesorah.

Ancas ndamel sesorah kedah ana supaya pamiarsa bisa mangerti.

6. Ngempalake bahan sesorah.

Bahan-bahan sesorah iku kedah maneka warna ora a&mung kajupuk saka

sakbahan supaya bisa dadi pertimbangan.

7. Ngembangake / ngrembaakake cengkorongan.

Ngembangake cengkorongan supaya luwih endah lan pamiarsa ora bosen.

8. Gladhen sesorah.

Gladhen iku penting supaya runtutaning sesorah bisa runtut.

E. Bab wigati nalika lagi sesorah.

1. Basa

7
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake

menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama

digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.

2. Busana

Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana

tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha

mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu

kaleresan karo kahanan lan tujuan.

3. Swara

Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone

ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang

dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.

4. Solah bawa(sikap)

Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja

tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.

8
F. Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah

1. Polatan mbesengut.

2. Gugup.

3. Ngguyu sing digawe gawe.

4. Sering ndeleng cathetan.

5. Bola bali ngobahake tangan/sikil.

6. Ngadeg kaku kaya wong baris.

7. Karo mloka mlaku.

8. Tangan methentheng

9. Tangan mlebu sak klambi/kathok.

G. Teknik-teknik minangka sesorah

1. Gunakake basa kang enteng lan gamapang dimangerteni.

2. Gunakake tuladha lan ilustrasi kanggo mangerteni konsep ingkang radi abstrak.

3.gunakake varian gaya basa supaya pamiarsa seneng.

4. Ukara-ukara kang gawe ragu dilangake.

5. Jelas lafal, nada, intonasi dan sikap .

6. Gunakake basa tubuh kanggo dukung para pamiarsa

9
DAFTAR PUSTAKA

Hadinegoro, Luqman 2003. Teknik Seni Berpidato Mutakhir. Yogyakarta:

Absolut

Hariyono, (2013). Kemampuan Menulis Teks Pidato Siswa Kelas X SMA

Negeri 4 Malang Tahun Ajaran 2012/2013 diperoleh 3 April 2018 dari

jurnal-online.im.ac.id

Sumantri, Maman (1995). Teknik Menyusun Pidato/Sambutan. Jakarta: Balai

Pustaka

http://kbbi.kemendikbud.go.id/entri/pidato diunduh pada tanggal 3 april 2018

http://duniakirun.blogspot.co.id/2016/04/pengertian-dan-contoh-

sesorahlengkap.html diunduh pada tanggal 3 april 2018

10

Vous aimerez peut-être aussi