Vous êtes sur la page 1sur 10

S O A L:

1. Crita rakyat sing gegayutan karo bab-bab sing aneh (ajaib), paragane Dewa/Dewi utawa
manungsa setengah Dewa sing nduweni keluwihan, lan diyakini bener-bener dumadi,
diarani ...........
A. mite
B. legendha
C. sage
D. dongeng

2. Wacanenukaraingngisoriki!
“Soepratman sejatine miyos ing dhukuh Prembelang, desa Somongsari, Kecamatan
Kaligesing, Kabupaten Purworejo, Provinsi Jawa Tengah, dina Senen Wage tanggal 19
Maret 1903. Nanging ing akte kelairane miyos ing Jatinegara, Jakarta
“.Penggalanwacaningdhuwurnggunakakeunggah-ungguhbasa.............

A. Ngoko lugu
B. Krama lugu
C. Ngoko alus
D. Krama alus

3. TitikaneBasaNgokoAlus, yaiku:
A. Basane dumadi saka tembung ngoko kabeh
B. Basane dumadi saka tembung ngoko kacampuran tembung krama
C. Basane dumadi saka tembung karma lugu kabeh
D. Basane dumadi saka tembung karma kacampuran tembung karma inggil

4. WR. Soepratman ing Bandung ngasta dadi wartawan lan wiwit aktif ing sajrone
pergerakan Nasional, ngasta tegese...........
A. Nggawa
B. Nyambut gawe
C. Nyekel
D. Njupuk

5. Ing Bandung, panjenengane ngasta dadi wartawan lan wiwit aktif ing sajroning pergerakan
Nasional. Panjenengane kalebu tembung.......
A.Tembungaran
B.Tembunggarba
C.Tembungandhahan
D.Tembung lingga

6. Geguritan

SIMPANG LIMA
Dening: Rama Sudi Yatmana
Dakkira aku ora ngimpi
Mlaku-mlaku ing pinggiring swarga adi
Angin wengi
Ngliwati sela-selaning mesjid Baiturakhman
Srebet sumilir dolanan klambi
Ing dhadha krasa lega
Mongkog melu duwe gedhong Olahraga
Simpang lima
Samar mubyar rinengga cahya
Muwuhi asrining swasana
Rembulane prawan mesem
Kaanane ayem tentrem
Pak Gupernur panggalihe marem, rakyate nora kucem
.............................................
Geguritaningdhuwurirahirahe .............

A. Rama Sudi Yatmaka


B .Simpang Lima
C. Simpang Papat
D. Simpang telu

7. Geguritan:
Kali CilikNgarepOmahku
(Dening Eko Nuryono)
Kali cilik ing ngarep omahku kuwi
Saiki banyune buthek kebak lendhut
Ijone lumut lan iwak-iwak cethul
Kang biyen lelumban ing selaning watu
Saiki kaganti lemut lan uget-uget
Kali cilik ing ngarep omahku
Biyen resik lan bening banyune
Nalika sekolah biyen aku tansah
Lungguh jejagongan karo sikil ongkang-ongkang
Sinambi namatake mripatmu kang bening
Kapethik saka: Antopologi Crita cekak lan Geguritaan “Pasewakan”

Geguritan kasebut kedadeyan saka …………pada


A.1.
B. 2
C. 3
D. 4

8. TembangMacapat

GAMBUH

Sekar gambuh ping catur


Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon

TembangmacapatGambuh ingdhuwur duweni guru gatra ........


A. 4 gatra
B. 5 gatra.
C. 6 gatra
D. 7 gatra

9. TembangMacapat

PUCUNG
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese durangkara

Guruwilanganlan guru lagutembangmacapat Pucung ing ndhuwur, yaiku:


A. 12u, 6a, 8i, 12a
B.12u, 6a, 8i, 8a
C. 8u, 8a, 8i, 8a
D. 12u, 8a, 6u,12a

10. PRAON ( PRAU LAYAR )


(Dening Ki Nartosabdo)
Yokancanenggisikgembira
Aleraplerapbanyunesegara
Angliyaknumpakpraulayar
IngdinaMinggukehpariwisata
Alonpraunewisnengah
Byahbyuhbyahbanyubinelah
Ora jemujemukaromesemngguyu
Ngilangake rasa lungkrahlesu
Adhiknjawilmasjebulwis sore
Witingkelapakatonngawe awe
Prayoganebecikbaliwae
Dene sesukesuktumandangnyambutgawe
TembangPrauLayaringdhuwuranggitanesapa?

A. DhidhiKempot
B. Ki TimbulHadiPrayitno
C. Ki Nartosabdo
D. Dhidhik Nini Thowok

11. Sing ora kalebu sandangan panyigeg wanda yaiku......


A. i
B. [ o
C. [
D. h
12. Mangan tahu, yen ditulisngnggoaksarajawadadi...........
A. mznNthau
B. mznTau
C.mzntau
D.mbnTau
13. Penggalan wacan :
Kabeh Guru seneng lan menehi pangalembana marang murid klas Napoleon, amarga
bocahe bener-bener disiplin lan ngugemi tata tertib sing ngatur kelas.
Tembung pangalembana,tegese.....
A. ujian
B. diuji
C. pujian
D. diajeni

14. Nanging menawi lare-lare dipuncandhet sedaya ateges wonten engkang rugi,amargi
kathah lare-lare engkang badhe ndherek les
Dhateng njawi sekolahan.

Tembung dipuncandhet,tegese..........
A. diculne
B. dijarne
C. digandheng
D. diendheg/ditahan

15. Pak Hamdani unjal ambegan,ngrasakake kelas Napoleon kang


maune anteng dadi geger,amarga masalahe durung bisa
dirampungake.Tembung unjal ambegan,tegese........
A. njupukdalanpintas
B. njupukcara
C. njupuknapas/ambilnapas
D. njupukcaragampang

16 . Ing ngisor iki sing kalebu basa krama alus yaiku:


A. Sampeyan wau punapa sampun nedha?
B. Sampeyan ditumbasaken rasukan wonten pundi?
C. Sampeyanwau dalu tilem jam pinten?
D. Panjenengan kala wau dalu sare pukul pinten?

17. Cerita:
Pak Karto ing sawijining dina oleh hadiah mobil ana ing undian BRI Tulung Agung, ora
let suwe Pak Karto uga oleh hadiah utama arupa sepeda motor saka acara jalan sehat ing
lingkungan RT ne. Kaanan kaya mangkono bisa diparibasakake:
“ Kejugrugan gunung menyan”,tegese.......
A. Tansahnduweni rasa kuwatir
B. Olehrejekiakehbanget
C. Mungsuh sing cedhakbanget
D. Golekbathisethithik,nangingmalah tuna akeh

18. Wawancara diarani uga.........


A. Wawancarautawawawanrembug
B. Wawanmukautawawawanrembug
C. Wawankatautawawawansabda
D. Wawanmukautawawawansabda

19. “Anane Dina Bumi Sadonya ( Earth Day) iku entuk tanggapan
positif. Buktine wong 200 yuta luwih saka 141 nagara melu
berpartisipasi ing pahargyan Dina Bumi kang kaping 20,
tanggal 22 April 1990 lantaun 2000 pesertanewisana 183 nagara.

Apa buktine anane Dina Bumi Sadonya (Eart Day) iku entuk tanggapan
Positif?
A. Wong 200 yutaluwihsaka 141 nagarameluberpartisipasiingpahargyan
Dina Bumikangkaping 20
B. Wong 200 yuta luwih saka 142 nagara melu berpartisipasi ing pahargyan Dina
Bumikangkaping 20
C. Wong 200 yuta luwih saka 143 nagara melu berpartisipasi ing pahargyan Dina
Bumikangkaping 20
D.Wong 200 yutaluwih saka 144 nagara melu berpartisipasi ing pahargyan Dina
Bumikangkaping 20

20. Sarupane layang kang isine aweh kabar kesusahan/ kesripahan, layange wong kang
lagi kepaten. Layang kasebut diarani......
A. Layangganep
B. Layanglelayu
C. Layangdhawuh
D. Layangulem

21. Perangane layang kang nyebutake bab isi/ surasane layang utawa kepriye kekarepane
layang mau,diarani.......

A. Satatabasa
B. Purwakabasa
C. Surasabasa
D. Wasanabasa

22. “Tari remo”,manawa ditulis nganggo aksara jawa,kang bener.....


A fri[r[mo
B vri[r[mo
C dri[r[mo
D tri[r[mo

23. Wulan Nopember yen ditulis nganggo aksara jawa,sing bener......


A. wuln\ [no[pmBe/
B.wln\[d[smBe/
C.wuln\[aok[tobe/
D.wulnde[smBe/

24. Penggalanwacan
Sapa sing lunyuilate ora bakaldisenengikarokancane,wongurip
iku yen srawung kudu duwesubasitalanduweniwatak andhapasor,
jalwestri, ikupadawae ora anabedanesupayabisamujudakekahanan
kangayemtentrem.Tembung jalwestri,kedadeyan saka tembung......
A. jalu + estri
B. jalu + stri
C. jalu + tri
D. jalu + westi

25. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa krama lugu (madya),yaiku.....
A. aku wis mangan
B. kula sampun dhahar
C. sampeyan wau dalu tilem jam pinten?
D. Panjenengan wau napa sampun dhahar?

26. Para pinisepuh tuwin sesepuh ingkang dhahat pinundhi-undhi, engkang hamengku
karsa Bapak/ Ibu Sudrajad Djiwandana miwah sedaya para rawuh ingkang dhahat
kinurmatan.Pethikan ukara kasebut kalebu......
A. Purwaka
B. Panyapa
C. Salam wekasan
D. Salam panutup

27. Kulawarga bapak Sudrajad Djiwandana ugi nyuwun idi pangestu saking Panjenengan
sami, mugi-mugi pinanganten kekalih mangkenipun saged atut runtut rerentebngan
ngantos kaken ninen, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah.Andharan
kasebut kalebu.........
A. purwaka
B. pangarep-arep
C. surasabasa
D. wusana

28. Busana lan ngadi sarira pranatacara kudu salaras karo kahananing adicara
tujuwane yaiku......
A. Amarga ana paribasan ajining raga saka busana
B. Amarga busana uga dadi punjering kawigaten marang para tamu
C. Busana kang endah ndadekake paragane katon sulistya
D. Supaya katon nengsemakemarangparatamu

29. Patrape pranatacara kudu nuduhake tata krama utawa tata trapsila, bab kasebut
minangka sawijining perangan kang kudu digatekake anggone nindakake pranatacara ing
babagan......
A. Sikap
B. Basa
C. Busana
D. Ngadisarira

30. Sing ora kalebu bab- bab sing kudu digatekake sadurunge nindakake tanggap
wacana (sesorah) ,yaiku...........

A. Swara lan lagu pocapan cetha, supaya dimangerteni dening wong akeh ( vokal
lantang)
B. Nganggounggah – ungguh basa kang becik (nganggo tata krama)
C. Anggone micara dibolan – baleni,ngambra wara
D. Nggatekake tata rakite ukara kang becik, supaya apakang dikarepake bisa
di mangerteni

31. Perangan crita kang ngandharake para paraga ditepungake watake, latar papan lan wektu
uga pandhapuke ing drama : perangan iki kalebu struktur drama apa?
A. Orientasi
B. Komplikas
C. Resolusi
D. Koda

32. Sawijine kesenian asal saka Ponorogo , sing nggunakake topeng sing dienggo dening
paragane, wujude gedhe lan dhuwur banget sarta mawa praupan singa, diarani:
A. Jaranan
B. Reyog
C. Kethoprak
D. Lenong

33Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna, lan isine tarkadhang ora kalebu ing nalar,
diarani:
A. Drama
B. Sandiwara
C. Drama tradhisional
D. Drama modern

34.Perangan crita kang isine minangka pamecahing prakara (peleraian). Ing perangan iki,
keruwetan prakara kang dialami paraga utama wiwit ana pangudharing prakara
(penyelesaian), ing perangan iki diarani:
A. Orientasi
B. Komplikasi
C. Resolusi
D. Koda

35. Drama mujudake komposisi syair utawa gancaran kang diajab bisa nggambarake
panguripan lan watak lewat laku (akting) utawa pacelathon kang dipentasake.Drama iku
disusun kanggo tontonan:
A. Teater
B. Musik
C. Lukis
D. Pameran

36. Panasa ya, pemehanku mengko ben garing kabeh.


Panasa kae kumbahanku mau durung dakpepe dadi ya ora garing.
Panasa wiwit isuk mau kumbahanku garing kabeh.
Ukara kang isine ngemu teges pangarep-arep, senajan utawa saupama, diarani ukara:
A. Agnya
B. Carita
C. Pitakon
D. Sambawa

37. Asal – usul Gunung Tengger


Dialog:
Bajak : “Rara Anteng, kowe kudu gelem dadi bojoku,
wong ayu!”
Roro Anteng :”Bajak, sepurane, ya. Aku ora bisa dadi bojomu, amarga aku ora duwe rasa
tresna marang kowe. Atiku mung kanggo Kangmas Jaka Seger.”
Pethikan teks drama ing dhuwur nggunakake basa apa?

A. Krama alus
B. Krama lugu
C. Ngoko alus
D. Ngoko lugu

38.Penggalan dialog drama Tradhisional “Asal-usule Gunung Tengger”


.....................................................................................................
Bajak : “Ora bisa! Kowe kudu dadi bojoku! Yen kowe ora manut karo aku, Jaka
Seger bakal takperjaya! (kanthi polatan kang abang mbranang amarga nesu)
Rara Anteng: “Bajak, yen mangkono kekarepanmu, aku gelem dadi bojomu.
Ananging aku duwe panyuwunan marang awakmu.
......................................................................................................

ParagaBajak ana ing penggalan drama ing dhuwur kadhapuk tumindak ala utawa............
A. Sutradara
B. Protagonis
C. Antagonis
D. Acting

39. Penggalan crita asal-usule aksara jawa:


...............................................................
Anuju ing sawijining dina Sang Prabu Dewata Cengkar duka banget ora ana maneh wong
sing bisa didhahar, Ajisaka banjur saguh dadi dhaharane Sang Nata, ananging Ajisaka
nyuwun lemah saiket jembare lan sing ngukur kudu sang Prabu dhewe. Sang Prabu Dewata
Cengkar ya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhewe. Ikete Ajisaka dijereng.
Ikete tansah mulur wae, dadi amba sarta dawa. Iya dituti wae dening Sang Prabu nganti notog
ing segara kidul. Bareng wis mepet ing pinggir segara, ikete dikebutake, Prabu Dewata
Cengkar katut mlesed kecemplung ing segara, malih dadi baya putih lan ngratoni ing segara
kidul.
Pasulayan ing antarane Prabu Dewata Cengkar lan Ajisaka, diarani:
A. Prolog
B. Konflik
C. Monolog
D. Epilog

40.LEGENDHA GUNUNG KELUD


....................................................................................................
Weruh kemenangane Lembu Sura, Dewi Pusporani susah banget banjur ninggalale
Sitihinggil. Dheweke susah banget amarga kudu palakrama karo wong kang sirahe Lembu,
mula dheweke banjur mlayu pinuju mbok embane.
..................................
Geneya Dewi Pusporani ninggalakre Sitihinggilanaing penggalan critaLegendha Gunung
Kelud yaiku:

A. amarga Dewi Pusporani kudu palakrama karo wong sing sirahe Lembu
B. amarga Dewi Pusporani seneng marang Lembusura
C. amarga Sang Prabu Brawijaya nganakake sayembara
D. amarga tujuan sayembara kanggo nggolekake jodho Dewi Pusporani

41. Tulisen nganggo aksara jawa:


a. Ayo padha melu panen.
b. Gunung Kelud

42. Struktur Teks Drama Tradisional sing urutan kaloro yaiku perangan Komplikasi,
Terangna Komplikasi kuwi apa?

43. Tuladha: Layang Ulem

Mahasuci Allah ingkang sampun mijilaken titahipun


kanthi pasang-pinasangan
Ya Allah mugia panjenengan ijabahi putra-putri kula

GUNTUR UTOMO,S.E
Putra Bpk. H. Sunarko & Ibu Ulul Asmiati
Kaliyan
ERAWATI DWI UTAMI,S.Pd.
Putri Bpk. H. Akhmad Santosa & Ibu Sukinah

Akad Nikah:
Dinten Sabtu, 25 Maret 2018
Tabuh 08.00 WIB
Manggen wonten Dalemipun Temanten putri

Perum Pondhok Palem Indah Kav 27, Sidoarjo Jawa Timur

Layang ing dhuwur tuladhane layang ulem. Sing diarani layang ulem yaiku..............
44. Tembang Dhandhanggula

Ayo kabeh para kadang tani


Bareng sinau pranata mangsa
Ing kartika wiwitane
Padha nenandur jagung
Sarta palawija den udi
Angancik mangsa pasa
Bumi kurang banyu
Sakabehe tetanduran
Godhong-godhong padha gogrog banjur mati
Pra kadang tani susah

Tembang Dhandhanggula ing dhuwur itungen pira guru gatra, guru wilangan lan guru
lagune!

45. Tulisen urut-urutan/struktur pidato kanthi jangkep!

Vous aimerez peut-être aussi