Vous êtes sur la page 1sur 2

Sanggra RM

C0110056
Sastra Daerah
Geguritan

Dewi Setyawati

Langit jingga sumamburat ing jagat kulon


Abang mbranang sumunar tumumpang cakrawala
Hyang bagaskara bakal umpedan jroning bumi
Kacihna wancine wis sandyakala
Pambaunge srenggala saka Kurusetra
Lan angin kang mawa ganda ludira
Gawe giris lan mirise para jalma

Ora kinocap angsahe sang senapati agung


Prabu Salyapati raja ing Mandaraka
Amung Kurusetra kang dadi seksi
Ramene kang padha andon jurit
Pating balesah tawuring paperangan
Banjir getih asarah kuwandha

Pating balesah tumbak watang lan panah


Kreta perang remuk rempu dadi rempon
Saya nggegerit ati kahanan ing Kurumandhala
Padha nandhang sungkawa isining jagad
Udan tangis banjir prihatin
Wis ora ana ati tresna wis ora ana sanak kadang

Dewi Setyawati garwa prabu Salya


Lon lonan anggone lumaku ing Kurusetra
Kebak pangarah-arah anggone napakake suku
Jangkahe tansah kasandhung kwandha
Siji baka siji saben kwanda ditaliti
Sinengguh garwa kinasih sang parabu Salya
Daleweran waspane saka ing netra
Angguguk dennya kami segsegen
Datan kuwawa angampah rudhatining ndriya
Ngalumpruk datanpa daya
Kaya linolosan bebayune angga

Kakangmas, andika tuhu dewaningwang


Lamun ana kang bisa gawe sengseming rasa
Amung andika sawiji tan ana liya
Ananging dina iki peteng jagating atiku
Kuwur panyawanging netraku

Kaya mendhung jroning ati


Labuh katresnan kang yekti sejati
Ora ana lintang lan rembulan
Kang kuwawa asung pepajar

Katresnan kang pineksa pedhot


Karana netepi darmaning satriyatama
Labuh pati bela negara
Sanadyan tinotohan jiwa lan rogo
Temah gugur ing madyalaga

Manggkana gurit sinanggit carita


Setyowati putri linuwih ing samudaya
Sulistya ing warna pindha sesotya
Setya tuhu mring garwa
Wani mati suduk salira

Vous aimerez peut-être aussi