Vous êtes sur la page 1sur 14

Judul : Wejangan Kanca Pentinge Pendidikan

Tema : Pendidikan, persahabatan, sosial.


Jumlah Tokoh : 4 Orang
Pemeran : Lintang, Erma, Jalu, Umi
Karakter : Lintang (seneng dolanan), Erma (seneng kegawa kanca),
Jalu (mempeng), Umi (bocah tlaten).
contoh-naskah-drama-modern-bahasa-jawa-4-orang
Baca Juga: Contoh Teks Drama Bahasa Jawa Tema Pendidikan
Sinopsis Drama basa jawa
Jalu lan Umi nang dina kuwi ngupadi kanggo menehake pamahaman
marang kapindho kancane, yaiku Erma lan Lintang babagan ebo
pamulangan kuwi adoh luwih penting katimbang nglakoke aktivitasaktivitas sing ora nduwe aji.
Dialog bahasa jawa
Lintang : Sesuk dina Minggu kowe arep neng endi Er? mesti ana
acara mlaku-mlaku ya?!
Erma : Durung ngerti ki.. aku durung nduwe rencana nengendi-endi.
Jalu : Yen aku arep neng ngomah wae. Aku mendingan sinau
daripada dolan mrana-mrene ra jelas ngunu.
Umi : Iya, aku uga padha karo Jalu. Daripada keluyuran ra jelas
mending sinau wae neng omah.
(Jalu lan Umi nyat beda karo Lintang lan Erma. Jalu lan Umi yaiku
bocah sing sregep sinau lan mentingake pendidikan tinimbang
liyane).
Lintang : Wah kowe ki dina Minggu yo isih sinau?! ta sajrone pitu
dina kuwi awake dhewe mung nduwe siji dina kanggo nyenengna
awak, ngapa uga mesti sinau.
Advertisement

Erma : Iya, dekne kabeh sregep banget e. Padahal sinau sajrone


nem dina kuwi uga wis luwih saka cukup.

(Umi banjur njelaske marang dekne kabeh, ebo pamulangan kuwi


adoh luwih penting daripada dolanan utawa keluyuran ra jelas).
Umi : Plesiran lan dolan kuwi emang butuh sih.. awake dhewe
mestine kudu rumangsa jenuh nek saben dina mung sinau lan sinau,
Nanging kita kudu eling menawa kanthi akeh anggone sinau sing
bakal ndadekne awake dhewe dadi bocah sing pinter.
Jalu : Iya, aku setuju karo kowe, Umi. Wis lah, aku sih bukane
nglarang yen kowe arep pada dolan, Nanging karepku ki kowe tetap
fokus karo pamulangan. Aja kokehan keluyuran, sementara
pamulangan mu tok kalahke.
Erma : Sapa kandha aku ngalahke pamulangan. Aku uga sinau kok..
Nanging ora sesregep kowe cah loro..
Umi : Nah kuwi dheweke, anyak saiki kowe kudu menehi wayah
sing luwih akeh kanggo sinau mu supaya mengko kowe bisa lulus
kanthi biji sing apik.
(Lintang banjur digawe terenung saka celathon kancane kuwi (ebo
dekne kabeh iki mentingna banget pamulangan katimbang dolanan)
bathin Lintang jero ati.
Lintang : Ok, aku tampa masukanmu. Kayane apa sing tok omongke
kuwi pancene bener. anyak saiki aku kudu luwih fokus karo
pamulangan.
Erma : Iya uga ya.. ngapa aku kudu mbuang akeh wayah kanggo
tujuan sing ra jelas ngunu, sawentara pamulangan sing kudune tak
sinau malah tak kalahake.
(Sawise kui bocah 4 mau banjur pada janjian manawa badhe
ngemutake yen wayah sianu supaya pada nduwene biji sing apik lan
bisa nerusake ana sekolah sing pada neng SMA).

Naskah Drama dalam Bahasa Jawa Bertema "Persahabatan dan


Percintaan"
Babak 1
Isuk iku, Kinar lan Thalita lagi lungguh ing njeroning kelas.
Dereng wonten murid sing teko sakliyane wong loro kuwi.
Thalita : Nar, pelajaran dino iki ono pr nggak ?
Maudy : Sek, tak delok e disek. (Langsung njupuk buku ing tas.e)
Kayak e se ora ono.
Naura melbu ing njroning kelas.
Naura : Assalamualaikum. (Salam Naura ing ngarepe lawang kelas)
Thalita lan Kinar : Waalaikumssalam.
Naura : Kalian lapo rek ?
Thalita : Enggak, gak lapo-lapo kok.
Naura langsung lungguh ing ngarepe bangkune Thalita lan
Kinar.
Thalita : Ra, dino iki ora ono PR utowo ulangan kan ?
Naura : Sek sek, (Ambek mikir-mikir) Ono ! dino iki ulangan IPA !
Naura langsung ngetokake buku catetan IPA sing ono ing
njero tas e lan langsung sibuk moco catetane. Rodok suwe, Naufal
melbu ing njroning kelas.
Naura : (Ngguyu-ngguyu dewe ndelok Naufal melbu)
Thalita : Fal, engkok awakmu konsultasi tugas BI a ?
Naufal : (lungguh ing panggonane) Iyo, opo o i ?

Thalita : Nggak, nggak po po kok. Mek takon tok.


Maudy : Fal, sing wingi iku temenan a ? (Pitakon Maudy kaleh
ngekek i kode marang Naufal)
Naufal : Nggak usah ndek anggep serius masalah wingi iku, aku
mek guyon tok kok.
Lalu, Erick melbu ing kelas, lan langsung lungguh ing
panggonane.
Erick : Maudy, ono sesuatu sing kate tak kekno nang awakmu.
Thalita : Kate ngekek i opo awakmu ?
Erick : Aku nggak bicara sama kamu, pingin eroh ae. Maudy ae
biasa.
Maudy : Emang kate ngekek i opo se ?
Erick : Engkok ae.
Ing tengah-tengah pelajaran, Erick maringaken buku
pelajarane marang Maudy.
Thalita : Opo iku Dy ? (Ngintip bukune Erick)
Maudy : Coklat maneh ?? (Maudy ngomong alon)
Thalita : Maneh ? arek iku pingin awakmu gendut paling, kok
ngekek i coklat terus hehe.
Maudy : Iyo paling, hehe.
Babak 2
Pas wektune wangsul sekolah, Thalita, Maudy, lan Diaz
lungguhan ing tangga lan ngerjakake tugas BI.
Thalita : Dy, awake dewe sido dolen nandi ?
Maudy : Nggak Ngerti, aku melok Adam ae. Nyacak Takok o Adam.
Thalita : Oke. (Langsung ngalih nang panggonane Adam)
Diaz : Emange awakmu kate nandi se rek ?
Maudy : Kate dolen. Ayo melok a yaz ?
Diaz : Enggak wes, males i aku.
Maudy : Yowes lek ngono.
Diaz : Dy, aku mulih dikek yo. Tugas e garek mek titik. (Langsung
ngalih) Dah Maudy.
Maudy : (Melambai nang Diaz)
Babak 3
Naura, tiba-tiba mlayu ngampiri Maudy.
Naura : Dy, delok en talah. Kaet maeng erick narik-narik tasku
terus. (Wajah cemberut)
Maudy : Erick !! (Mendeliki Erick)
Thalita mlayu nang Maudy lan Naura.
Naura : Ono opo Tha ?
Thalita : Uwes, ayo budal. Jare adam awake dewe nonton nang
matos.
Maudy : Yowes, ayo budal.
Ing njeroning angkot perjalanan nang matos. Thalita mbisiki
Maudy.

Thalita : He, tak kandani. Awakmu engkok ojo terlalu cedek-cedek


karo Erick.
Maudy : iyo, aku yo gak kepingin terlalu cedek karo areke.
Ing njeroning bioskop, Erick lan Maudy terus cekel-cekelan
tangan. Thalita dadi pegel, tibakno Maudy ora ngrungokake opo sing
diomongno maeng.
Thalita : Dy, yokpo lek ojo gandengan tangan terus?
Maudy : Uwes tak cobak ngeculno tha, tapi tetep ae areke gak
gelem ngeculno.
Thalita : Yo nggawe alasan njupuk ngombe tah yokpo ngono cek
iso ngeculno.
Akhire Maudy ngeculake tangane Erick.
Erick : Lho, opo.o kok diculno ?
Maudy : Gak popo o kok.
Erick : Yoweslah gak popo lek ancen awakmu kepingine ngono.
Film wes entek, bocah-bocah kumaeng podo mulih.
Babak 4
Isuk.e, kayak biasane. Murid-murid pada pelajaran. Ing selaselane pelajaran, guru mbagikake hasil try out. Sawise ndeleng hasil
try out, Maudy kaget amarga nilaine Erick mudun. Maudypun
mboten ngreken Erick.
Erick : Maudy....
Maudy : Hmmm...
Erick : awakmu opo.o ? diceluki kok gak ngreken ngunu.
Maudy : Gak popo, biasa ae.
Amarga bingung ambek sikape Maudy. Erick nakokake
masalah kuwi marang Naura.
Erick : Naura, aku oleh takon a ?
Naura : Iyo, takon opo ?
Erick : Koro-kiro Maudy iku opo.o yo ? akhir-akhir iki sikape aneh
nang aku.
Naura : Mungkin gara-gara awakmu nglakokno hal sing nggarai
areke mangkel utowo opo ngono, aku kan nggak begitu eroh.
Erick : Koyok.e se sak elengku aku nggak nglakokno hal sing
nggarai areke mangkel.
Naura : Yo cobak takono nang konco cedek.e.
Erick : Iyo tak cobak.e
Sawise kejadian maeng, Erick takon nang Diaz.
Erick : Diaz, Maudy opo o se, koyok e lagi ndue masalah
Diaz : Guduke lagi ndue masalah, lek menurutku se koyok e Maudy
mangkel nang awakmu gara-gara nilai Try Out mu mudun.
Erick : O iyo, bisa jadi.
Babak 5
Amarga sikap Maudy sing cuek, akhir-akhir iki Erick sering
cerita ambek Naura. Ndelok kecedekane arek loro iku, Naufal

ngrasakake hal sing aneh. Akhire Naufal nakokake hal iku nang
Naura.
Naufal : Naura, awakmu ono hubungan opo karo Erick ?
Naura : Gak ono hubungan opo-opo, aku ambek Erick iku mek
koncoan tok.
Naufal : Yowes, kali iki aku percoyo nang awakmu
Amarga ngerasa tetep ragu, akhir-akhir iki Naufal sering
cerita tentang Naura Nang Maudy. Naufal lan Erick saling cerita
masalah pasangane dewe-dewe.
Babak 6
Sawise saling curhat, Maudy lan Naufal sepakat gwe ngakhiri
pasangane dewe-dewe. Tapi, meskipun wes putus kudu tetep dadi
konco gak oleh musuhan. Ing suatu dino, Maudy ketemu kaleh Erick
lan nyritakake maksude.
Maudy : Erick, lek misal.e kita putus. Kita tetep iso dadi konco
kan ?
Erick : Iyo lah, iku pasti. Tapi ojo sampek putus.
Maudy : Tapi, sepurane yo. Aku kudu ngakhiri hubungan iki
Erick : Opo.o ?
Maudy : Aku kepingin fokus nang pelajaran trus nglanjutno nang
sekolah militer ndek Magelang. Lagian, gara-gara kita pacaran nilai
kita juga turun kan terutama nilai tro out mu. Dadi luwih apik kita
gak pacaran dikek cek gak ngganggu pelajaran.
Erick : Yowes, lek ancen iku sing awakmu kepingini, aku ngerti.
Mungkin iki ancen sing terbaik.
Babak 7
Sawise lulus tekan SMP, ke 6 sahabat iki ngumpul gawe
pertemuan terakhir ambek maudy. Amarga Maudy bakal nglanjutake
sekolah ing Magelang.
Thalita : Awakmu ndek kono sing sehat yo, ojok lali karo aku.
Kabeh : Iyo, awakmu yo ojo lali karo awake dewe.
Maudy : Siap, aku gak bakalan lali karo awakmu kabeh rek
Akhire, mereka sadar yen belajar lan bersahabat iku luwih
penting ketimbang ngurusi masalah percintaan. Lan mulai saiki ing
SMA Ke 6 sahabat iku bakal konsentrasi penuh marang pelajaran lan
ora mikirake urusan cinta. Amarga gara-gara cinta bisa ngajurake
masa depan.

4 SEKAWAN
Babak 1
Dina iki, dina wiwitan mlebu sekolah. Fuul mlebu nang kelas
X-A SMA Bhakti Luhur. Fuul sing ora duwe kanca, mlaku dewe
menyang kantin.
Fuul : Sekolah iki gedhe banget, nanging aku durung duwe
kanca.
Ing kantin, Fuul ndelok arek lanang 2 mangan bakso. Fuul
sing ora duwe kanca, nyideki arek lanang 2 iku mau.
Fuul : E... e... Mas, apa aku oleh mangan karo sampean ?
Henry : Ojok nyeluk mas! Awak dewe padha murid anyar.
Rijal
: Ora papa. Ayo mrene lungguh ing sebelahku.
Fuul : Iya Mas.
Henry : Aku wis ngomong, aja nyeluk mas. Kowe kelas apa ?
Fuul : iya wis. Aku kelas X-A.
Rijal
: Loh, padha. Ayo kenalan dhisik. Aku Rijal.
Henry : Aku Henry.
Fuul : Aku Masfuul.
Sakwise kenalan, arek lanang 3 iku mau mangan bareng ing
meja kantin sebelah wong dodol bakso.
Babak 2
Bel mlebu sekolah muni, murid- murid padha mlebu kelas lan
milih bangku. Rijal lan Henry lungguh bareng. Nanging Fuul lungguh
dewe ing sebelah wetan e Rijal lan Henry.
Rijal
: Hen, kowe muleh sekolah apa ana acara?
Henry : Ora duwe. Geneya Jal?
Rijal
: Ayo mlaku- mlaku nang MOG, dak traktir.
Henry : Ayo. Nanging ora enak yen mung arek 2. Ngejak Fuul ya?
Rijal
: Oke.
Ul ayo mlaku- mlaku.
Fuul ngelamun lan ora noleh. Rijal langsung lungguh ing
sebelahe Fuul.
Rijal
: Ul... Ul...
Fuul : O iya Jal. Sepurane ? ana apa ?
Rijal
: Kowe muleh sekolah apa ana acara?
Fuul : Ora ana Jal.Ana apa sih ? (ndelok bangku cidek lawang)
Rijal
: Kowe ndelok apa Ul? (ndelok arah sing dituju Fuul lan
langsung mbisiki Henry)
Henry : Oalah.. kowe tresna ya karo arek iku?
Fuul : Ora.. Ora..
Henry : Gak papa Ul, mengko dak bantu.
Rijal
: wis, wis.. pokoke mengko muleh sekolah nang MOG.
Fuul : Oke
Bel muleh sekolah muni, arek lanang 3 mau cepet-cepet
metu sekolah lan nggolek land.
Babak 3

Ing MOG, Fuul, Henry, lan Rijal mung mlaku- mlaku. Traktiran
sing dijanjikno Rijal ora sido, amarga duwete Rijal ilang.
Pas mlaku-mlaku, arek 3 iku mau ketemu Silvi, arek wadon
ayu sing ditresnani Fuul.
Henry : Ul, iku loh.. (nggudo Fuul)
Fuul : Sapa?
Henry : Arek sing mau ing kelas mbok wasi.
Fuul : Ing endi ?
Rijal
: Iku loh.. (karo nuding)
Fuul : Oalah (karo mesam- mesem)
Rijal
: Dicedheki wis Ul, dijak kenalan.
Fuul : Hah, kenalan? Isin aku.
Henry : Yen kowe isin terus, kowe ora bisa cidek karo areke.
Fuul : Ayo wis, nang kono.
Rijal
: Sek- sek.
Fuul sing penampilane ora ndukung, dipacaki karo Rijal.
Babak 4
Ing ngarep toko, Fuul kenalan karo Silvi sing lagi lungguhlungguh.
Fuul : E.. e.. Aku Fuul.
Silvi
: Hah.. apa hubungane karo aku?
Fuul : Aku oleh kenalan gak karo kowe?
Silvi
: Oleh kok. Aku Silvi.
Fuul : Iya, aku wis ngerti. Awak dewe sakkelas kok.
Silvi
: Iya tah? Aku ora tau ndelok kowe Ul.
Fuul : Aku lungguh ing mburi dewe, Vi.
Silvi
: Oalah, rupane aku ora tau ndelok kowe Ul.
Kancamu ora mbok kenalno nang aku ta?
Fuul : O iya, kenalno dewe rek.
Henry : Aku Henry, Sil.
Rijal
: Aku Rijal, kancane Fuul sing paling mboiz
Henry : Gayamu Jal, rai pas-pasan ae loh. (Kabeh ngguyu)
Silvi
: Ora papa kok, aku Silvi. Aku pingin dadi kancamu kabeh.
Henry : Oke- oke.
Babak 5
Silvi dadi kancane Fuul, Henry, lan Rijal. Nanging Silvi dadi
arek sing mecahake persahabatane Fuul, Henry, lan Rijal amarga
Silvi ambek Fuul seneng dolan dewe. Fuul mengtingno Silvi
tinimbang Henry lan Rijal.
Silvi
: Ul, ayo saiki mlaku mlaku menyang alun-alun Batu?
Fuul : Ayo ....
Silvi
: Kowe ora ngajak kanca- kancamu ta?
Fuul : Ga usah wes, awak dewe budal wong loro bae.
Silvi
: Mengko kanca-kancamu ora ngamuk ta?
Fuul : Ora bakal ngamuk arek loro kuwi

Rijal lan Henry marani Silvi lan Fuul sing lagi omongomongan ing ngarep kelas.
Rijal
: Ul ayo kerja kelompok ing omahe Henry?
Fuul : Lho, sepurane rek aku wis duwe janji.
Henry : Kowe yok apa seh? Kowe iku mentingno dolane tinimbang
kerja kelompok. (Karo nekek Fuul)
Silvi
: Wis, wis.. aja tukaran. Kuwi iku yok apa seh jal? Kancane
padha tukaran kok malah enak-enakan
dolanan HP.
Rijal
: Wis Hen.., wis Hen..
Fuul : Sepurane rek?
Silvi
: Sepurane rek, Fuul gak salah, aku sing ngajak Fuul
dolanan
Henry : Emboh wis. Kowe dolan o ae, aku dak kerja kelompok dewe
karo Rijal.
(Rijal lan Henry langsung ninggalno Fuul lan Silvi)
Silvi
: Sepurane ya Ul, aku gak bisa dadi kanca sing apik kanggo
kowe. Aku malah mecahake
persahabatanmu karo kancakancamu.
(Fuul mung meneng bae)
Silvi
: Ayo wis Ul, awak dewe nyusul Henry lan Rijal supaya
masalahe mari. Aku uga ngerasa salah
marang arekarek.
Fuul : Ayo wis.
Babak 6
Ing omahe, Henry muring-muring amarga Fuul ora kaya
kancane biyen.
Henry : Fuul saiki malah mentingno Silvi tinimbang awak dewe,
Jal. Mulai saiki gak usah dolan maneh
karo Fuul.
Rijal
: Aja ngono Hen, Fuul kancane awak dewe wiwitan mlebu
sekolah.
Henry : Tapi areke wis ora peduli karo awak dewe Jal.
Rijal
: Ya wis Hen, Sabar bae.
Ora suwe omong-omongan, Silvi lan Fuul ana ing ngarep
omah. Karo rewange Henry, Fuul lan Silvi dikongkon langsung
mlebu. Nanging ing ruang tamu, ketemu bapake Henry.
Pak Hery
: Loh, iki sapa ?
Fuul
: Kula rencang- rencangipun Henry, Pak.
Pak Hery
: Oalah, ana apa?
Fuul
: Kula badhe kepanggih Henry. Punapa Henry
wonten?
Pak Hery
: Henry ana ing kamare. Langsung mlebu ae.
Fuul
: Inggih. Matur suwun, Pak ? kula mlebet rumiyen.
Pak Hery
: Iya, Le..
Ing kamare Henry.
Henry : Lapo kowe mrene?
Rijal
: Wis Hen, sabar.. sabar..

Silvi
: Aku lan Fuul arep njaluk sepuro Hen, amarga awak dewe
salah.
Fuul : Iya Hen, aku gak sadar yen suwene iki kowe kanca sing
peduli karo aku. Nanging aku sing ora
peduli karo kowe.
Aku njaluk sepuro ya, Hen ?
Rijal
: Terima en sepurane wis Hen, supaya masalah e ndang
mari.
Henry : Oke, dak terima. (karo mesem)
Fuul : Suwon ya Hen. (njabat tangane lan ngrangkul Henry)
Rijal
: Aku ora di jak ta?
Henry : Ayo mrene.
Akhire Fuul, Henry lan Rijal dadi sahabat maneh. Lan
sahabate ketambahan 1, yaiku Silvi. Persahabatane arek 4 iki
langgeng sampek wis lulus SMA.

Judul Drama : aji kepradulen adhep keresikan


Tokoh ing crito
Nur Hadi
Ana
Kurnia
Rico
Nawan
Pak Guru
contoh-teks-drama-bahasa-jawa-tema-pendidikan
Baca Juga: Cerita Bahasa Jawa Tema Pendidikan, Melu Lomba Cerdas
Cermat
Masalah
Rico lan Nur Hadi ora gelem mbuwang sampah ing panggonane lan
ora gelem ngresikna kelas.
Komplikasi
Ana lan Kurnia ngeloke dekne kabeh lan ngomongke menawa njaga
keresikan yaiku hal sing penting banget.
Maknane
Dekne kabeh padha nggugat pamikir.
Pak guru rawuh lan nasehati dekne kabeh kabeh.
Simpulan
Dekne kabeh akhire sepakat kanggo njaga keresikan kelas.
Karakter tokoh
Antagonis : Rico, Nur Hadi
Protagonis : Pak guru
Tritagonis : Ana, Kurnia

Figuran : Nawan
Panggonan
Panggon : Ruang Kelas
Wayah : esuk sadurung jam piwulang diawali.
Contoh Teks Drama Bahasa Jawa
Kahanan kelas isih sepi wektu Kurnia teka, mung ana Nawan lan
Rico wae. Kurnia ndeleng akeh sampah sing semebar neng kelas.
Lan dheweke njaluk tulung Rico lan Nawan kanggo ngewangi
ngresiki.
Kurnia

: Hey Rico, Nawan

Rico : Hey ugo Kur..


Nawan
Kurnia

: Kowe wis ngerjakne PR durung?


: Uwis lah, Ibuku kan sanuli mriksa PR ku saben dina.

Rico : Aku uga wis.


Kurnia
: Wah, kelas awake dhewe reged pisan ya, akeh sampah
dluwang lan plastik. Iki mesti turah sampah wingi.
Rico : iya, reged banget. Ning wis ta, mengko uga diresikna ro Pak
Amad. Ya ta Wan?
Nawan

: (mung ngesem)

Kurnia
: Awake dhewe ora oleh ngandhalake Pak Amad Rico, kan
awake dewe sik ngegeti. Sakudune awake dhewe sing ngresikna.
Rico : ning ta pagawean pak Amad nyat resik-resik.
Kurnia
: Iya pancen, nanging awake dhewe kudu sinau mandiri,
awake dhewe ugo isih bisa ngresikna iki bebarengan karo kanca sing
liya.
Rico : ah aku males.. kana kowe wae Kur
(nuli teka Nur Hadi lan kanca sing liya)
Nur Hadi : ana apa sih iki, kok esuk-esuk wis pada rebut?
Kurnia
: Galo Nic, Rico ora gelem ngewangi ngresikna kelas
awake dhewe, padahal kan awake dhewe sing ngregeti.

Nur Hadi : Kan wis ana Pak Amad, dadi nggo ngapa awake dhewe
sing repot Kur?
Rico : Nah ta, bener tembungku Kur. Ra ngandel ya kowe ro aku?
Kurnia

: Ah kowe ki padha wae, ya wis yen ora gelem ngewangi.

(contoh teks drama bahasa jawa tema pendidikan- Kurnia njupuk siji
poro siji sampah sing ana neng kelas karo laci meja bareng pira-pira
kancane sing neng kelas kajaba Rico lan Nur Hadi. Nuli ora suwe
teka Ana lan kanca sing liya)
contoh-teks-drama-bahasa-jawa-tema-pendidikan
Baca Juga: Artikel Bahasa Jawa Tentang Kesenian Tari Saman
Ana : Sugeng enjing kabeh..
Advertisement

Kabeh

: Sugeng enjing ugo na..

Ana : Lho, Nur Hadi lan Rico ngapa ora ngewangi Kurnia lan kancakanca kanggo resik-resik?
Rico : Kan aku wis kandha, kuwi ben diresikna Pak Amad wae,
panjaga sekolah awake dhewe.
Nur Hadi : Iya, meneh uga ta tugas awake dhewe sinau, iya ta Rico?
Rico : Bener banget kuwi.. setuju pokoke!
Ana : Tapi kan iki kelas awake dhewe, awake dhewe wajib njagane
bareng uga.
Kurnia
: wis ta An, aku wis omong ngono nang dekne kabeh,
ning dekne kabeh ora gelem ngrungokake kok.
Ana : Ben mengko dekne kabeh kuwi didukani pak guru Kur.
Kurnia

: iya bener

(selanjute ana contoh teks drama bahasa jawa tema pendidikan


sakwise resik-resik buyar, bel banjur muni, lan murid banjur linggih
neng palungguhan dhewe-dhewe. Ora suwe pak guru banjur rawuh
lan mlebet menyang kelas)

Pak guru : Sugeng enjeng anak-anak?


Murid

: Enjing Pak Guru

Pak guru : Yo, sadurung nganyak piwulang dina iki, awake dhewe
doa dhisik.
Salah sawong mangarepi doa, lan kelas dadi tenang.
Pak guru : Saiki piwulangan bisa anyak diawiti. Dina iki awake dhewe
bakal sinau ngenani keresikan. Anak-anak mesti wis ngerti ta apa
kuwi keresikan?
Kurnia
: Ngerti pak, tembung ibuku, keresikan kuwi sakanggonan
saka pangandel pak.
Ana : Keresikan kuwi penting kanggo njaga kawarasan awake kita
pak.
Pak guru : Bener pisan. Dadi keresikan kuwi sakanggonan saka
pangandel, amarga pas awake dhewe mangandel marang Tuhan,
mula awake dhewe kudu njaga keresikan, becik saka keresikan awak
ugo lingkiungan sekitar.
Nur Hadi : Yen kagem njaga kawarasan pak? Awake dhewe pun resik
kadang uga tasih lara?
Rico : Enggeh pak, kadang pun resikan, nanging tetap mawonlara
flu, watuk, demam, malaria, lan sing sanese.
contoh-teks-drama-bahasa-jawa-tema-pendidikan
Baca Juga: Kumpulan Teks Pidato Bahasa Jawa
Pak guru : Nah, bocak-bocah, lelara kuwi dudu mung teka saka resik
utawa orane lingkungan awake dhewe, nanging uga amarga kondisi
kekebalan awak, lan asupan gizi sing awake dhewe pangan.
Nur Hadi : Dodos menawi kita njagi keresikan tetap tasih saget lara
nggih pak?
Pak guru : Tentu wae. Nanging awake dhewe bisa ngindari supaya
lelaran ora tambah parah kanthi tetap njaga keresikan. Bayangna
wae, kanthi njaga keresikan wae awake dhewe isih bisa kena lara,
apa maneh yen awake dhewe ora njaga, bener to?

Kurnia
: Leres Pak Guru. Kui Rico lan Nur Hadi, rungoke pengarah
Pak Guru.
Rico : Iya-iya kawit mau-mau uga wis ngrungokake.
Ana : Dadi sesuk-sesuk kowe cah loro, Nur Hadi lan Rico uga kudu
melu njaga keresikan kelas awake dhewe.
Rico+Nur Hadi : siyap
Pak guru : Bocah-bocah, kelas iki yaiku duwe awake dhewe kabeh,
dadi awake dhewe kabeh tanggung jawab kanggo ngrumat lan
njaga. Supaya awake dhewe terhindar saka lelara lan tetap resik.
Ngerti?
Murid

: Ngertos pak

Rico : Nggih pak, milai mbinjing kula badhe tumut piket lan njaga
keresikan kelas.
Nur Hadi : Kula ugi pak.
Neng dhuwur yaiku sethithik contho drama singkat babagan bocah
SD sing berdebat ngenani keresikan. Aji sing pengen disampaiake
yaiku menawa awake dhewe kudu njaga keresikan, amarga
keresikan yaiku sakanggonan saka pangandel, lan keresikan ugo
bisa nghindarkan awake dhewe saka lelaran. Contoh teks drama
bahasa jawa tema pendidikan jero kelas iki klebu jero lingkup sing
ciut amarga mung ana beberapa tokoh wae sing nduweni peran.

Vous aimerez peut-être aussi