Vous êtes sur la page 1sur 6

PEMERINTAH KABUPATEN MAGELANG

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA

SMA NEGERI 1 SALAMAN


Jl. Raya Salaman Km. 16 Telp. (0293) 335290 KP. 56162

SOAL ULANGAN KENAIKAN KELAS


TAHUN AJARAN 2018/2019

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / Tanggal : ............, ………………


Kelas : XI IPA/IPS Waktu : ......... .. – ............ WIB

Petunjuk Khusus
I. Berilah tanda silang pada huruf A, B, C, D atau E pada jawaban yang dianggap benar.
II. Jawablah soal esai pada lembar yang tersedia.

I. SOAL OBJEKTIF
Gancaran cekak ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 1 tumekane 3!
Radèn Ajeng Tien anjenggirat, ketingal kagèt mireng pangundangipun Rapingun
ingkang sarèh lan melas asih punika. Sanalika pasemonipun Radèn Ajeng Tien ingkang
ketingal suntrut lajeng byar padhang, kados wulan purnama ingkang oncat saking
pangridhuning méga, ngléla gilar-gilar. Ingkang makaten wau kajawi kanggé nutupi raosing
manah ingkang saweg ruwed, inggih murih sampun ngantos Rapingun ketaman raos
ingkang boten-boten. Mila Radèn Ajeng Tien gugup anggènipun mangsuli dhateng
Rapingun: “Ana apa, Rap?” Criyos makaten wau kaliyan nyilakaken sinoming ingkang
modhal-madhul wonten bathuk, perlu kanggé mbucal tilas.
“Anu Ndara! Kula tingali panjenengan kok ……..” Rapingun rumaos awrat badhé
nglajengaken criyosipun.
“Ora, ora. Rap, aku ora apa-apa.”
“Inggih, ananging samangké sumelanging manah kula tikel satus katimbang kala kula
ajeng-ajengan kaliyan tiyang kekalih wau.”
“Sing kosumelangaké apa?”
“Saged kula ngretos ingkang kula sumelangaken, yèn sampun wonten teranging
dhawuh panjenengan.”
“Kok anèh temen kowé kuwi.”
“Tiyang panjenengan inggih anèh.”
“Anèhé kepriyé?”
“Pancènipun panjenengan sampun boten perlu sekel ing panggalih, amargi sampun
oncad saking bebaya. Punapa Ndara taksih sumelang? Tangan kula ingkang kiwa langkung
prigel ngolahaken séndhok ban, Ndara.”
1. Manut punggelan crita ing dhuwur, tembung kang mujutake dasanamane “was-was”
yaiku ....
A. suntrut D. bebaya
B. gilar-gilar E. prigel
C. sumelang
2. … kados wulan purnama ingkang oncat saking pangridhuning méga, ngléla gilar-gilar.
Ukara ing dhuwur duweni teges ….
A. katon sumunar D. katon peteng
B. katon sepi E. katon resik
C. katon rame/reja
3. Manut crita ing dhuwur, paraga kanga ran Rapingun duweni watak ....
A. cilik atine D. manut dhawuh rama lan biyunge
B. jembar penggalihane E. seneng mara tangan
C. adigang, adigung, adiguna

1
4. Gancaran kang nyritaake lelakon uripe utawa bungah-susahe manungsa, sipate ora
nyata utawa fiksi, kaiket pambangune crita yang asipat intrinsik lan ekstrinsik diarani....
A. geguritan D. crita rakyat
B. novel E. legenda
C. parikan
5. ... hambok bilih wonten tuna dungkaping atur, sedaya awit cubluking pangertosan kula.
Kanthi tansah nyenyadhong duka saking para rawuh, kula tansah nyuwun agunging
samodra pangaksami.
Perangan tanggap wacana ing dhuwur kalebu ....
A. purwaka basa D. surasa basa
B. sarana basa E. salam panutup
C. wusana basa
6. Ing ngisor iki kalebu wujute tanggap wacana kang kulina ing masarakat, kajaba ....
A. sesulang D. sesulih
B. sesuluh E. ceramah
C. sesorah
7. Tata cara mantu, kanggo pratandha penganten kakung nindaake kuwajibane aweh
nafkah marang garwane, kang diujutake beras lan dhuit receh diarani ….
A. dhahar saklimah D. sinduran
B. timbangan E. kacar-kucur
C. midodareni
8. Tata cara mantu, penganten kakung lan estri padha dulang-dulangan, nandhaake
menawa keklorone kudu bisa adum tresna diarani ….
A. dhahar saklimah D. sinduran
B. timbangan E. kacar-kucur
C. midodareni
9. Ing ngisor iki kalebu aksara Rekan, kajaba ….
A. kha : D. sha :

B. gha : E. za :

C. dha :

10.

A. Siti Khatijah mujutake wanita utama.


B. Miti Khatijah mujutake wanita utama.
C. Siti Katijah mujutake wanita utama.
D. Siti Khatijah mujutake wanodya utama.
E. Siti Khatijah mujutake wanodya kang utama.
11. Unen-unen cacah rong ukara. Ukara sepisan kanggo golek kawigaten, ukara kapindho
minangka isine. Iku tegese ...
A. cangkriman D. paribasan
B. wangsalan E. sanepa
C. parikan
12. Ing ngisor iki klebu wujute cangkriman, kajaba ...
A. pitik walik saba kebon D. yen cilik dadi kanca, yen gedhe
B. pitik walik saba meja dadi mungsuh
C. gajah nguntal sangkrah E. jambu apa jeruk, aku melu apa entuk
13. Ing ngisor iki klebu wujute wangsalan, kajaba ...
A. balung jagung, punika tanggel jawab kula D. kembang jambu, kemaruk sakkabehe barang
B. balung pakel, aja seneng alok-laok E. sarung jagung, abot kados punapa kula lampahi
C. sluman-slumun, supayane slamet

2
14. Tembang macapat iku mujutake pasemone wong urip. Kayata tembang pocung, kang
mujutake pasemone ....
A. bocah D. wong tuwa
B. rumaja E. wong mati
C. anom
15. Tembang Pocung duweni guru gatra cacah ....
A. 9 D. 7
B. 4 E. 8
C. 6
16. Tembung “ngreksa krida” kang mapan ana
Krida
geguritan iki duweni tegese ....
A. njaga pagaweyan D. ngancani urip
Ngreksa kridha, kridhane putra lan putri
B. njaga katentreman E. nggelani urip
Ngudi lakutama
C. njaga kaslametan
Amrih tentreme sesami
17. Surasane geguritan yaiku ....
Njangkepi dharma agesang
A. weling kautaman D. nelangsa
B. katresnan E. ketaman cidra
Ayem-tentrem iku bisa kasranani
C. nandhang wuyung
Prihatin temena
18. Geguritan kasebut mujutake tembang ....
Aja lali sholat wengi
A. Sinom D. Pangkur
Janji sabar sakwetara
(Agus Suyamto, September 2011)
B. Maskumambang E. Gambuh
C. Pocung
19. Kanthi linambaran manah ingkang tansah sinandhing kautaman, sumangga kita sedaya
tansah hangunjukaken raos suka sukur dhumateng Gusti Ingkang Ngakarya Jagad.
Ing tanggap wacana, ukara ing dhuwur perangane....
A. purwaka basa D. sarana basa
B. surasa Basa E. atur pikurmatan
C. wusana basa
20. Anggone maragaake atur tanggap wacana, pocapan utawa wicarane kudu ....
A. jumbuh karo swasana D. nguwatake surasane tanggap wacana
B. migunaake tembung kang endah E. miturut swasanane ati
C. gamblang, cetha
21. Wose medhar sabda kang surasane njumbuhake karo kahanan yaiku …
A. sapa kang medhar sabda D. sepira bayarane
B. apa kang kawedhar E. kepiye swasanane
C. kepiye tujuwane medhar sabda
22. Siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima donya iku sinandi mung Gusti
Kang Maha Kawasa kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni
bektine anak marang wong tuwa. Tatacara mantu kang maknane wujud bekti mring
wong tuwa yaiku ….
A. siraman D. sungkeman
B. midodaren E. upacara wiji dadi
C. kacar-kucur
23. Tatacara mantu kang maknane supaya reresik awak, amarga awak kang resik
ndadekake uga sehat lan adoh saka lelara, yaiku ….
A. siraman D. sungkeman
B. midodaren E. upacara wiji dadi
C. kacar-kucur
24. Sanajan jaman wis ora karu-karuwan kaya mangkene iki aja nganti katut marang
pambujuk kang bakal nyilakani. Amarga yen wis ana ing madyaning cecongkrahan
wong eling kang bakal bisa ngendhaleni dhiri. Pratelan kasebut padha karo ….
A. watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati
B. gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon
C. yen gelem obah bakal mamah
D. begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.
E. sluman slumun slamet

3
25. Nalika nembang macapat, ing sawijining gatra ditembangake ora kaya titi laras asline,
nanging bab iku ditindakake supaya nambah endahing tembang macapat. Kaprigelan
iku kang diarani ….
A. cakepan D. cengkok
B. laras E. pathet
C. pedhotan
26. Gatekna cakepan tembang ing ngisor iki!
Samengko sembah kalbu,
yen lumintu uga dadi laku,
laku agung kang kagungan Narapati,
patitis tetesing kawruh,
meruhi marang kang momong
Tembang ing dhuwur yaiku ….
A. Gambuh D. Mijil
B. Kinanthi E. Maskumambang
C. Asmaradana
27. Samêngko sembah kalbu ateges ….
A. Wujud sembah raga cipta jiwa rasa
B. Setitekna mungguh manembahe ati
C. Iku wujud kanugrahan Gusti
D. Andharan babagan sembah patang perkara
E. Welingku nindakna patang perkara supaya entuk kanugrahan Gusti
28. Cacahe gatra saben sakpada ing tembang macapat diarani ....
A. guru sastra D. guru wilangan
B. guru gatra E. guru lagu
C. guru basa
29. Semaken punggelan crita rakyat ing ngisor iki!
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis
padha krungu pawarta manawa gustine wis jumeneng ratu ana ring Mendhang Kamolan.
Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine,
ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yen ora tinimbalan.
Nanging si Dora nekad arep sowan dhewe.Si Sambada ditilapake.Banjur mangkat
ijen wae. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga.
Utusan loro mau banjur diajak bali dening si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem.
Wong telu banjur sowan ing ngarsane sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada
ana ing ngendi lan diwangsuli yen dheweke ora gelem diajak. Mireng ature si Dora,
sang prabu duka banget, lali dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora, didhawuhi bali
menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yen meksa ora gelem didhawuhi
dirampungi lan kerise dibalekake.
Dora sanalika mangkat.Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada.Kandha yen mentas
sowan gustine.Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa.
Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhane si Dora.Banjur padha padu rame.
Suwe-suwe padha kekerengan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayane.
Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange
sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabeh.
Sang Prabu ngarep-arep tekane si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-
sowan mangka didhawuhi enggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan
Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi.Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan
si Sambada ketemu wis padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerangan padha
tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumlethak ana ing sandhinge.
Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang gustine….

Paraga utama ing crita iku, kajaba….


A. Dora D. Sambada
B. Cilaka E. Duduga
C. Prayoga

4
30. Underane utawa tema crita rakyat kasebut yaiku…..
A. njajah tanah Jawa
B. mula bukane aksara Jawa
C. Prabu Ajisaka ngasorke Prabu Dewata Cengkar
D. dora lan Sambada mati sampyuh
E. warga Medhang Kamolan seneng amarga retune tiwas
31. Amanat utawa pesen kang kamot sajroning crita yaiku…..
A. adigang, adigung, lan adiguna
B. reresik tumindak ala
C. wong kudu gelem prihatin
D. ratu iku duwe panguwasa
E. kasetyan mring bendarane
32. Kena ngapa Sembada ora gelem dijak sowan menyang Medhang Kamolan, lan ora
menehake keris kagungane Prabu Ajisaka?
A. amarga papane adoh
B. amarga ora percaya
C. amarga kudu ngreksa lan nopeni keris
D. amarga mituhu dhawuhe Prabu Ajisaka
E. amarga Dora anggone njaluk keris tumindake kasar
33. Ing ngisor iki mujutake aksara Murda kang bener panulisane, kajaba ….
A. Ka = D. Ta =

B. Sa = E. Ga =

C. Ba =

34. Narpati Basukarna saweg nyadhong dhawuh saking ramanipun.


A.

B.

C.

D.

E.

35. Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain, temanten kekloron ngiringake lampahe
rama saka pinanganten putri, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo
dadi kulowargo. Tata cara kasebut diarani ….
A. siraman D. dhahar saklimah
B. timbangan E. kacar-kucur
C. sinduran
36. Crita rakyat kang ngandhaake sawijine prastawa kang njalari adegan kutha, telaga,
candi lan liya-liyane iku kasebut ….
A. legenda D. fabel
B. mitos E. babad
C. dongeng
37. Ing ngisor iki klebu tuladhane crita rakyat kang ana di wewengkon Jawa, kajaba ….
A. Andhe-andhe Lumut D. Sangkuriang
B. Nyai Rara Jonggrang E. Baruklinthing
C. Bandung Bandawasa

5
38. Setitekna pariwara ing ngisor iki!
Wara-wara
SMAN 1 SALAMAN
Nganakake

Mengeti Ulang Taun Kamardikan RI kang kaping 71, tumrap kanca-kanca siswa SMA
Sa-Kabupaten MAGELANG
Kang kreatif lan inovatif ing babagan seni tradhisional
Ayo tuduhna kabisanmu ana ing ajang iki.
Pagelaran iki kanthi tema :

Pendhaftaran bisa langsung menyang panitya wiwit tgl 26 Juni 2016


Ing SMAN 1 SALAMAN
Jalan Raya salaman KM 16 Magelang
Utawa bisa langsung ngubungi :

Suryo (08179345454)

Pariwara ing dhuwur klebu wara-wara kang awujud ….


A. iklan D. kesehatan
B. lelayu E. pendidikan
C. sayembara
39. Perangan iki ana ing sajrone panulise pariwara, kajaba ……
A. titi mangsa D. purwaka basa
B. peprenahan E. satata basa
C. surasa basa
40. Pawongan kang pagaweyane mernah-mernahake sawijine pamentasan, wiwit saka
namtoake lakon, para paraga lan anggone padha gladhen iki arane ….
A. panata laku D. panata rupa panggung
B. panata laras E. panata rias
C. panata busana

II.SOAL ESAI
1. Critakna kanthi ringkes sawijine crita rakyat kang ngandhaake adegane candi Sewu!
2. Gawekna tuladhane tanggap wacana Dina Kamardhikan! (Migunaake basa krama alus)
3. Jlentrehna perangane tata cara mantu ing ngisor iki!
a. Midodareni
b. Timbangan
c. Dhahar saklimah
d. Kacar kucur
e. Sinduran
4. Anggitna tembang pocung sakpada bae, kang ngemot sawijining cangkirman!
(Batangane: ngèlmu/kawruh)
5. Salinen sajrone aksara Latin!

Vous aimerez peut-être aussi