Vous êtes sur la page 1sur 1

BUBAK KAWAK Rangkaian upacara pahargyan temanten adat jawa, selain siraman krobongan dan lain sebagainya masih

ada tatacara yaitu upacara Bubak Kawah. Upacara ini mempunyai makna memohon kepada Tuhan Yang Maha Kuasa supaya pasangan kedua insan tersebut kelak diberi keturunan yang baik-baik. Menggah maknanipun ngawontenaken Tata Upacara Bubak Kawah punika, suraosipun boten sanes, nyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Kawasa, sagedipun putra penganten, hanggandhahana turun utawi putra. Maknanipun Upacara punika wonten ing sangajengipun Krobongan, papan palenggahanipun Sri temanten sekalian. Dene ingkang nenggani keng ramanipun penganten sekalian, lenggah ing kursi ingkang sampun kasedyakaken. Ingkang kapiji nindakaken Bubak Kawah, piyantun ingkang kapitethan dening keng rama lan ibunipun temanten putri. Sajen ingkang baken ingkang perlu wonten ing Tatacara Upacara Bubak Kawah inggih punika: Gelas ingkang isi rujak degan, kaparingaken ing sanginggiling meja ingkang sampun kasedhiyakaken, kalebet sendhok. Klenting alit, kothong tanpa isi Tumpeng Kidang Soka Maha Retna Rupinipun tumpeng pethak, katancepaken bandera alit abrit-pethak, saged kadamel saking kertas, punika winastan Bandera Ujung Gunung Purusa. Punika pasemon palenggahan utawi dhamparipun Bathara Kamajaya lan Kamaratih ingkang badhe paring Wiji Mulya dhumateng Sri Temanten sekalian. Wondene lampahing Tata Upacara Bubak Kawah inggih punika : 1. Sadaya pirantos sampun cumawis ing papan ngajeng krobongan. 2..Ingkang piniji ugi sampun samekta, lenggah ing kursi ngajengaken Sri Temanten sekalihan, lajeng hamiwiti nindakaken Bubak Kawah mligi katujokaken temanten sekalihan. Wonten ing upacara punika ingkang baken paring pangertosan bab Sangkan Paraning Dumadi lan waton-watonipun, sarta wigatosipun badha anitisaken Wiji Mulya. 3. Sasampunipun paraga Bubak Kawah paripurna rujak degan kalorot dipun unjuk keng ramanipun penganten estri. Ibunipun penganten estri lajeng pitaken Kepriye rasane Bapakne Bapakipun lajeng mangsuli Rasane seger sumyah, sumarambah wong saomah. Rujak degan lajeng kalorot ibunipun penganten estri, lajeng kaunjukaken penganten priya, pungkasanipun kalorot penganten putri. 4. Sakbibaripun punika,, keng ramanipun lajeng mecah klenthing sarwi ngucap Ora mecah klenthing, nanging mecah pamore anakku jabang bayi (naminipun penganten putri). Keterangan Rujak degan dalah klenthing ingkang kaparingaken ing meja kalawau, mugi katutupana monten pethak, ingkang mengku wigatos bilih Tata Upacara Bubak Kawah punika kalebet sacral, sadaya kedah linambaran sucining manah saengga saged handayani dhumateng penganten sekalihan, sumarambah ing sadayanipun.

Vous aimerez peut-être aussi