Vous êtes sur la page 1sur 1

‫السلم عليكم ورحمة الله وبركاته‬

‫ن‬ ‫ وتب عهع ن ت ي‬. ‫ن‬


‫ست تععي ي ن‬ ‫ب يالتعا ل ت ع‬
‫مي ي ت‬ ‫مد ن لله تر ب‬ ‫ح ي‬ ‫ ا تل ي ت‬. ‫سم ع الله الرحمن الرحيم‬ ‫ ب ع ي‬. ‫جي يم ع‬‫ن الرر ع‬ ‫طا ع‬‫شي ي ت‬ ‫ن يال ت‬ ‫م ت‬ ‫ا تع نويذ ن عبالله ع‬
‫شر ع ت‬
‫في يععتنا قنررة ت‬
‫ش ع‬ ‫حب عي يب عتنا وت ت‬ ‫ ت‬.‫ن‬
‫سي بد عتنا وت ت‬ ‫سل عي ي ت‬ ‫مب عتياعء وتيال ن‬
‫مير ت‬ ‫ف ا يل ي‬ ‫م ع تتلى ا ت ي ت‬‫سل ت ن‬‫صل تة ن توال س‬ ‫ توال ر‬. ‫ن‬ ‫ت‬
‫مويرع الد دينيا توالد بي ي ع‬‫ع تتلى ا ن ن‬
‫ن‬‫مععي ي ت‬ ‫حب عهع ا ت ي‬
‫ج ت‬ ‫ص ي‬ ‫ وتع تتلى ا تل عهع وت ت‬. ‫مد د‬ ‫ح ر‬ ‫ ا تع يي نوين عتنا ن‬.
‫م ت‬
Mahardikaning tyas ring kamardikan mugi tansah tumedak saha tumanduk ing jiwangga panjenengan sedaya waradin
satuhu.

Nuwun nuwun kula nuwun

Ingkang kinurmatan Pangayoming Pondok Pesantren Hidayatul Mubtadi’in, Bapa KH. Abdul Rochim, S.Pd.I

Ingkang kinurmtan Gus Nasrul minangka asma sesilon, wondene asma jangkepin nun inggih Bapa Dr. KH. Nasrullah Afandi,
LC, MA minangka pamicara wonten ing Haflah menika. Panjenenganipun minangka Wakil Katib PWNU Jawa Tengah saking
Pesantren Balekambang Jepara

Para alim ulama ingkang boten saged kula sebat setunggal mbaka setunggal ingkang dahat kinurmatan
Para pepundhen, pinisepuh, sesepuh, lan adisepuh ingkang satuhu pantes kinabekten.
Para manggalaning praja satriyaning nagari ingkang sinudarsana.
Para lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Sumangga kula lan panjenengan tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti kang Mahaasih ingkang
sampun paring kasarasan saha kawilujengan, saengga kula tuwin panjenengan sami saged kempal manunggal saperlu
hangestreni adicara ing dalu punika.
Sholawat saha salam tansah kajiwa kasarira dhumateng Nabi Ageng Muhammad Saw. nabi akhirusszaman, ingkang tansah
dipunwantu-antu syafa’atipun benjang ing yaumil qiyamah.

Para rawuh ingkang minulya,

Panampining syahadah Pondok pesantren Hidayatul Mubtadi’in minangka salah satunggaling adicara ing Haflah
awwalussanah badhe kawiwitan.

Para santri kasuwun siyaga ing gati.

Dhumateng panjenenganipun BapaKH. Abdul Rochim, S.Pd. kula aturi tindak wonten sasasna pahargyan saperlu paring
syahadah dhumateng para santri.

Panampining syahadah Pondok pesantren Hidayatul Mubtadi’in, Kelas Ibtida’ kategori Bil Ghoib nun inggih:

.............

Salajengipun Panampining syahadah Pondok pesantren Hidayatul Mubtadi’in, Kelas Ibtida’ kategori Bin Nadhor nun inggih:

............

Salajengipun Panampining syahadah Pondok pesantren Hidayatul Mubtadi’in, Kelas Ibtida’ kategori kelas 2 Tsanawi nun
inggih:

..............

Mekaten adicara Panampining syahadah Pondok pesantren Hidayatul Mubtadi’in.

Kula minangka panata adicara nyuwun agunging samudra pangaksami menawi wonten klenta klentuning atur kula ingkang
boten mranani ing penggalihipun para rawuh.

Nuwun, nuwun, kula nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. Wb.

Vous aimerez peut-être aussi