Vous êtes sur la page 1sur 9

TUGAS BAHASA JAWA

UPACARA ADAT TEDHAK SITEN/PITON-PITON


Tugas upacara adat kami susun untuk memenuhi tugas mata pelajaran bahasa Jawa yang dibimbing
oleh Ibu Yulian Nur Hanifa.

Disusun Oleh (XI MIPA 2)


1. Alfian Wahyu Prasetya : 03
2. Alifia Dwi Fatihasari : 04
3. Ananda Putri Amelia : 07
4. Chyntia Roudatul Jannah : 13
5. Dhini Hatta Tri Wijayanti : 15
6. Dini Rahmadhani : 16
7. Ergi Ananta Raharja : 17
8. Fidhah Aisyah Mukti : 20
9. Firda Amalia Virnanda : 21
10. Indy Anugraeni Alfarisshi : 22
11. Mada Javier Bimantara : 23
12. Mochamad Muzaka Billah : 24
13. Muhammad Ab’roz Alqon Al ahlaq : 25
14. Muhammad Rafli Wahyu Ramadhani : 26
15. Natasya Retno Indah Syafitri : 28
16. Nur Halimah : 29
17. Realisa Nora Vardina Tari : 32

SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI MOJOAGUNG


JOMBANG
2022
Babukaning Atur

Saos syukur marang Gusti Allah ingkang samun paring rahmat lan karunia marang kita
supaya kita bisa ngrampungake makalah iki sing judule “Adat jawa tedhak siten”. Makalah iki
ngandhut informasi masyarakat jawa lan budaya ing jerone. Dikarepake makalah iki wis samesthine
saget kanggo nyedhiani lan menehi informasi kanggo kita kabeh pihak tansah kita arepke lan enteni
kanggo nambah kesempurnaan saka makalah iki. Akhiripun, kita maturnuwun saget karo kabeh sing
wis melu ing persiapan makalah iki saka wiwitan nganti rampung. Muga-muga Allah meridhai usaha
kita.
Aamiin.

Jombang, 17 Oktober 2022

Pangripta
BAB I
PURWAKA

1.1. Latar Belakang


Jaman sakiki, karagaman budaya ing Indonesia akeh sing wis berkembang, sanadyan iku
budaya sing wis ana ket biyen. Nanging, perkembangane ora ninggalake aturan sing ana.
Antarane tradhisi sing maneka warna kuwi bakal dirembug salah sijine upacara adat ing Jawa
yaiku sing biyasane disebut Tedhak Siti. Upacara iki dilaksanakake kanggo anak sing enggal
mudhun lemah lan wis diarep – arepake marang wong tuwa sarta para kaluwargane amarga
upacara adat iki bisa menehi weruh marang kita bakat lan minate anake.
Upacara Tedhak Siti sing dilaksanakake karo masyarakat jawa iku ana rong versi.Ingkang
kapisan yaiku upacara Tedhak Siti sing dilaksanakake kanthi ritual sing lengkap,biyasane
dilaksanakake ing daerah keraton utawa daerah-daerah sing ana ing sakalilinge keraton.Amarga
keraton iku sumber lan pusate bahasa,kabudayaan,lan liya-liyane sing ana kaitane karo budaya
Jawa.Upacara iku butuhake biaya sing gede amarga akeh parlengkapan sing digunakake.Kaping
kaloro yaiku upacara Tedhak Siti sing dilaksanakake kanthi sederhana,biyasane dilaksanakake
ing daerah-daerah sing adoh marang keraton.Upacara sing kaloro iki luwih sederhana saenggah
biaya sing dibutuhake iku ora gedhe.Senadyan,ing dasare upacara iku padha wae. Nanging,
sejatine iku padha wae, lan iku uga klebu budaya Jawa.

1.2. Rumusan Masalah


1. Apa tegese upacara tedhak siten?
2. Apa wae ubaramphe lan pirantine upacara tedhak siten?
3. Kepriye tata urutane upacara tedhak siten?
4. Apa tujuane upacara tedhak siten?

1.3. Tujuan
kanggo mangerteni tata cara urutan upacara tedhak siten kanggo mengeti bayi kang wis umur
wolung sasi. tujuwan tedak siten yaiku wangun penghormatan karo bumi panggonaning anak
wiwit sinau nglangkahake sikil ing lemah. upacara ditindakake karo iringan donga wong tuwa
lan sesepuh ben masa ngareping anak sukses lan kanggo nglestarikake tradhisi kang wis
ditindakake dening mbah moyang wiwit dhisik.
BAB II
PEMBAHASAN

2.1. Pangerten
Tedhak siten iku salah sawjine upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapan utawa 245
dína. Nalika iku bocah lagí sepisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dina ing kalender
internasional lan 5 dina ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dina pisan. Tedhak siten
asale saka rong tembung, yaiku "tedhak’’utawa idak tegese mudhun lan "siten" saka tembung
siti kang tegese bumi. Dadi tedhak siten nduweni arti ngidakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak
siten nggambarake kasiapan bocah kanggo nglakonake kauripan kang bener ing mangsa
ngarep.Upacara tedhak siten nduweni teges cedhake manungsa karo bumi. Awit nglakokake
kauripan kang apik lan bumi lan tetep ngrawat lan njaga bumi. Iku kanggo ngelingaken menawa
menehi akeh banget barang kang dibutuhake kangge uripe manungsa. Ing Jawa ana kapitayan
masyarakat ngenani bab tedhak siten, yaiku yen lemah iku nduweni makna ghoib lan dijaga
Bathara Kala, mula kanggo ngendhani kadadean sing ora becik dianakake upacara tedhak siten
Kaya dene upacara adat liyane, tedhak siten uga nduweni piranti lan ubarampe, yaiku :
1. Pengaron sing diisi kembang setaman.
2. Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut.
3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake urip lan
kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata:
a. pari sabengket
b. kapuk sabengket
c. piranti nulis
d. bokor kang disi beras kuning
e. werna-werna jinis
f. mas-masan
4. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan
5. Udhik-udhik utawa dhuwit logam dicampur beras kuning.
6. Andha tebu "Arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak- undhakane
urip sing arep dilakoni anak.
7. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon. Tegese
kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka goda kang werna- werna.
8. Bancakan kayata sega gudhangan(urap-urap)sing didumake marang para tamu sing Rawuh.

2.2. Tata Cara


Tata Carane tedhak siten, yaiku:
Kang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidak Jadah 7 Werna kang kagawe saka
beras ketan. Werna wernane, yaiku, putih, ireng, kuning, biru, kain wungu, lan Jambon.Jadah
ditata saka warna sing padhang Nganti werna sing peteng. Iku pralambang tumrap bocah kang
bisa ngliwati tantangan ing uripe. Urip iku ora gampang nanging kabeh alangan sing dirasakake
Mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan kan kasantosan.
Bocah ngidak jadah 7 werna
Sumber : Dokumentasi pribadi

Kang kaping pindho, bocah dituntun munggah Andha kang kagawe saka wit tebu
‘’Arjuna’’banjur mudhun maneh.Tebu saka ukara ‘’ antebing kalbu’’tegese yaiku tekad kang
mantep . Tebu "Arjuna" nglambangaken supaya bocah lelakone kaya arjuna kang duweni watak
satriya lan duweni watak satria lan duweni tanggung jawab. lelakone apik lan seneng tetulung,
Mbela kabeneran, lan Bekti Marang negara.

Bocah munggah andha


Sumber : Dokumentasi pribadi

Kaping telu, yaiku bocah dituntun Kanggo mlaku ing wedhi (pasir). Bocah iku nyeker-
nyekerake skile ing wedhi, kang nduweni Teges nggolek pangan. Karepe bocah bisa nyukupi
kaperluane dhewe manawa wis gedhe

Bocah mlaku ing pasir


Sumber : Dokumentasi pribadi
Kang Kaping Papat, bocah dilebokake Menyang kurungan kang digawe apik lan dilambari
klasa.ing njerone ana manekawerna bandha-bandha,kaya pari sebengket,kapuk sebengket,piranti
nulis,bokor kang diisi beras kuning,werna-werna jinis duwet lan rerenggan. Kurungan
glambangaken donya, dadi dikarepake bocah kuwi mlebu donya lan ing jero uripe bisa
kacukupan awit saka pakaryane kang dipilih awit cilik.

Bocah dilebokake menyang kurungan


Sumber : Dokumentasi pribadi

Kaping lima, bapak lan simbahe bocah nyebar udhik -udhik utawa dhuwit logam dicampur
kembang. Karepe supaya si bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng
tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.

Sumber : http://eprints.uny.ac.id/51240/17/HANDOUT%20TEDAK%20FOLIO.pdf

Kang kaping enem, yaiku bocah mau diadusi nganggo banyu setaman kang wis campuran
kembang-kembang (melathi, wungu, kenanga, lan kanthil),.
Bocah diadusi nganggo banyu setaman
Sumber : Dokumentasi pribadi

Kapitu, kang pungkasan urutane upacara,bocah didandani nganggo klambi resik lan apik.karepe
supaya si bocah duweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluargane.karepe ing uripe
bocah iku bisa arum jenenge lan bisa ngarumake jeneng kaluargane.

Bocah didandani nganggo klambi resik lan apik


Sumber : https://youtu.be/P9UrY6mjVwE

Dene ancase tedhak siten, atur puji syukur marang gusti kang akarya jagad lan bocah iso urip
mandiri. Lan bubar iku, para tamu ndhahar panganan kang wis disuguhake. Tujuan upacara
tedhak siten yaiku supaya bocah kuwi sakwise gedhe bisa dadi kuat lan iso ngadek dewe ngadepi
tantangan ing panguripan sing bakal dilakoni lan iso kawujud cita-citane.
BAB III
KESIMPULAN LAN SARAN

a. Kesimpulan
Suku jawa yaiku suku kang duweni macam –macam kabudayan , mulai saka adat istiadat
saben dina, kesenian, ritual, lan liyan-liyane.Salah sijine yaiku budaya tedhak siten sing biasane
di lakoni pas bocah umur 7 ulan lan pertama kali mudhun lemah.Kang tujuan-tujuan kang duweni
nilai spiritualis lan kebak karo kekarepan sing duwur.Kabeh iku buktikne yen suku jawa yaiku
suku kang njunjung masa depan bangsa, lan nyatane ing jawa ana uparaca khusus kanggo anak
sing pertama kali mudhun lemah.Tedhak siten iki yaiku kebiasaan masyarakat jawa asli sing
kenthel karo spiritual suku jawa.sehingga saka kuwi budaya sing unik kudu kita banggakan lan
kita jaga.

b. Saran
Budaya utawa adat istidat jawa yaiku faktor sing paling utama kangga ngedekake kabudayan
nasional, maka saka iku kabeh sing kedaden ing budaya daerah duweni pengaruh budaya
nasional.saka dasar iku, kita sedaya duweni kewajiban kanggo jaga, ngrawat, lan nglestarekake
budaya lokal,utawa budaya daerah, lan budaya nasional, amarga budaya iku bagian saka
kepribadian bangsa.
DAFTAR PUSTAKA

Buku Sastri Basa Adhedhasar Pergub Jatim No. 19 Tahun 2014 Muatan Lokal Bahasa Derah
Provinsi Jawa Timur Lan KTSP 2013 Kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI

Sptika, C. 2018. TUGAS BAHASA JAWA UPACARA ADAT TEDHAK SITEN

2022. Tedak Siten, Upacara Adat Jawa Tengah, Tujuan, Latar Belakang, dan Prosesi. (terhubung
berkala) https://regional.kompas.com/read/2022/09/13/185048978/tedak-siten-upacara-adat-
jawa-tengah-tujuan-latar-belakang-dan-prosesi?page=all (14/10/2022 22:28)

Vous aimerez peut-être aussi